Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PH 6 BASA JAWA KELAS 6 SDN JURUG

Total questions: 40

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Unen-unen kang dumadi ska rong ukara utawa patang ukara. Ukara sapisan kanggo narik kawigaten lan ukara kapindho minangka isi (wos), diarani ... .

a)

Bebasan

b)

Parikan

c)

Paribasan

d)

Cangkirman

2.

Tembung parikan kuwi asale saka tembung "pari" krama inggile yaiku ... .

a)

gendhis

b)

pantun

c)

dangsul

d)

wos

3.

Pantun ing basa Jawa diarani ... .

a)

cangkriman

b)

paribasan

c)

bebasan

d)

parikan

4.

Ing parikan rong ukara utawa rong gatra, gatra kaping siji yaiku ... .

a)

purwaka

b)

saloka

c)

wos

d)

isi

5.

Ana ing parikan ukara kang kapisan ora ana tegese, ukara kang mengku karep amrih narik kawigaten. Ukara iku arane ... .

a)

purwaka

b)

sampiran

c)

wose

d)

gatra

6.

Parikan rong gatra migunaake purwakanthi guru swara ... .

a)

a - a

b)

a - b

c)

a - a - b - b

d)

a - b - a - b

7.

Gatekna parikan iki!

Mangan sega lawuhe tahu

Lombok ijo nggo sambele

Yen pengen kasil uripmu

Makarya lan ndonga kuncine

Purwaka parikan ana ing gatra ... .

a)

1 lan 2

b)

2 lan 3

c)

3 lan 4

d)

1, 2, 3, lan 4

8.

Saka Bantul tekan Karanganyar

Lakune amung motoran

aturan aja pisan den langgar

mesthi bakal kajen ....

Bacutane parikan ing dhuwur yaiku ... .

a)

sopan

b)

bebasan

c)

keringan

d)

kesusahan

9.

Sepet-sepet sawone mentah,

Diempet-empet ora ... .

a)

betah

b)

gerah

c)

tambah

d)

mlampah

10.

Manuk emprit menclok godhong ...

Dadi murid sing sregep ... .

a)

jamu - buku

b)

duku - ilmu

c)

tebu - sinau

d)

jambu - buku

11.

Kripik ... godhonge tela, Sethithik edhang penthing krasa.

a)

bayem

b)

gedhang

c)

singkong

d)

abang

12.

Bayeme, wis kuning – kuning,

... .

Wos e parikan kang bener yaiku ... .

a)

Gumune, ora uwis – uwis.

b)

senenge, yen wis kepethuk.

c)

Ayeme, yen wis nyandhing.

d)

Bisa jejer, ora bisa nembung.

13.

Ora jogan ora longan

Gayane kaya ... .

Parikan kasebut bacute ... .

a)

artis

b)

ketua

c)

presiden

d)

juragan

14.

Kendhal kaline wungu, bisa apal marga ... .

Parikan kasebut bacute ... .

a)

sinau

b)

krungu

c)

maca

d)

lagu

15.

Wos e parikan patang gatra ana ing gatra ... .

a)

1 lan 2

b)

2 lan 3

c)

3 lan 4

d)

2 lan 4

16.

Guru swara parikan patang gatra yaiku ... .

a)

a - a

b)

a - b

c)

a - a - b - b

d)

a - b - a - b

17.

Gathekna parikan iki!

Ungsum tikus kudu diracun,

Cara garopyokan kudu disengkut,

Karo kanca kudu sing rukun,

Aja tukaran drengki lan kasud.

Tembung kang dicethak kandhel tegese ... .

a)

pituture

b)

ngurmati

c)

wani

d)

meri

18.

Jinise parikan iku ana akeh. Salah sijine yaiku parikan rangkep.

Parikan rangkep yaiku ... .

a)

Parikan sing dumadi saka ronggatra

b)

Parikan sing dumadi saka patang gatra

c)

Parikan Padinan

d)

Purwaka parikan

19.

Nalika maca geguritan kudu nggatekake wirama kang tegese . . .

a)

isining geguritan

b)

alon, banter, cetha lan samaring swara

c)

obahing awak

d)

ngucapake swara

20.

Gathekna parikan iki!

Tuku jarit nang Pasar Turi,

Murah regane maremake ati,

Dadi murid kudu ngajeni,

Marang guru aja sok wani.

Tembung kang dicethak kandhel ana ing parikan iku tegese ... .

a)

kekendhelan

b)

ngurmati

c)

pituture

d)

wantun

21.

Nalika maca sawijining geguritan kudu nggatekake wirasa kang tegese . . .

a)

dawane ukara

b)

pathokan

c)

perasaan swasana ati

d)

pocapan kang cetha

22.

Bacutna parikan iki!

Awanawan aja kluyuran,

Ana pak mantri numpak sekuter,

... ,

... ,

a)

Kapan-kapan aku keturutan,

Duwe kanca sinaune pinter.

b)

Esuk ngadhang sore ngadhang,

Sing diadhang ra tek-teka.

c)

Manuk kuthut manggunge ngganter, Yen ra manurut bia keblnger.

d)

Lungguh jejer,

Tamba kangen.

23.

Jenis Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman diwastani ... .

a)

deskriptif

b)

sindiran

c)

konotatif

d)

naratif

24.

Sadurunge nulis geguritan, mula kudu nemtokake ....

a)

tema

b)

inspirasi

c)

bahasa

d)

foto

25.

Salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra , bait lan penyusunan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik-lirike diwastani ... .

a)

geguritan

b)

bebasan

c)

parikan

d)

saloka

26.

Wong moco geguritan ugo duweni syarat syarat , lan ora sembarangan ingkang moco geguritan . Salah sijine syarate yaiku kedu nggathekake cendek duwure nada utawa keras lemahe swara, kang diarani ... .

a)

wicara

b)

wirasa

c)

wiraga

d)

wirama

27.

Polah utawa gerake nalika moco geguritan dipun wastani ... .

a)

wirama

b)

wirasa

c)

wiraga

d)

wicara

28.

Guruku...

Kula nyuwun dunga lan pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu

Saged dados sangu

Kanggo nggayuh gegayuhanku


Geguritan ing ndhuwur nduweni tema...

a)

Sekolahku

b)

Sinau

c)

Guruku

d)

Gegayuhanku

29.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Sing nulis geguritan ing dhuwur yaiku ....

a)

R. Tantiningsih

b)

R. Tanti

c)

R.A. ningsih

d)

R.A. Kartini

30.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)

Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu


Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada


Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ....

a)

Guyub rukun

b)

Sapu sada

c)

Adiwiyata murih rahayu

d)

Jumat asri

31.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)

Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu


Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada


Tema geguritan ing dhuwur yaiku ....

a)

Guyub rukun ing keluarga

b)

Guyub rukun ing sekolah

c)

Guyub rukun ing lingkungan

d)

Guyub rukun ing masyarakat

32.

Gathekna geguritan iki!

Gedget iku piranti canggih jaman saiki

Maneka werna fitur kapacak wis dingerteni

Sing apik pinangka sarana informasi lan komunikasi

Sing ala marake sinau ora bisa konsentrasi

Jalaran ananing hiburan lan hoax ora dibatesi

Mula becik prayogo lan ngati-ati

Supaya ora getun tiniba mburi

... .

Apa piwulang becik geguritan ing nduwur?

a)

pada mangerteni apike lan alane gadget

b)

gedget digunaake kanthi prayoga lan ngati-ati

c)

yen sinau kudu konsetrasi senajan duwe gedget

d)

kudu duwe gadget supaya ora ketinggalan informasi

33.

Gathekna geguritan iki!

Udan sawengi natas

Nyirep hawa panas

Banyu terus mili ngebaki kali-kali

Ora ana sing bisa nyegah

Tanggul-tanggul padha bedhah

Banyu wiwit mlebu ngomah

Tembung kang dicethak kandhel ana ing geguritan iku tegese ... .

a)

nggatekake

b)

ngleremake

c)

ngenengake

d)

nyenengake

34.

Gathekna geguritan iki!

... .

Manungsa padha elinga

Jagad iki kudu dijaga

Aja kokrusak, kokentekna

Marang anak putu ngengehana

Supaya bisa urip tentrem, mulya

Tegese tembung tentrem, mulya yaiku ... .

a)

Ora duwe was sumelang lan luhur

b)

kasembadan lan uripe mulya

c)

kasembadan lan begja

d)

nyante lan kepenak

35.

Puisi Jawa gagrag anyar sing bebas diarani ....

a)

cangkriman

b)

geguritan

c)

tembang macapat

d)

paribasan

36.

Sing ora kalebu strukture geguritan yaiku ....

a)

salam pambuka

b)

tembung

c)

larik

d)

bait/ pada

37.

Tembung kang nduweni teges entar utawa ora sabenere diarani ....

a)

denotatif

b)

konotatif

c)

persuasif

d)

naratif

38.

Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....

a)

katon seneng supaya sing ngrungokake melu seneng

b)

katon bungah supaya sing ngrungokake melu bungah

c)

katon nelongso supaya sing ngrungokake melu sedhih

d)

katoh sedhih supaya sing ngrungokake melu seneng

39.

Salah sijine cara kanggo mahami geguritan yaiku kanthi ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud teks gancaran (prosa/ crita). Pakaryan ngowahi wujud iki diarani .....

a)

ngowahi gancaran

b)

prosa/ crita

c)

ngarang gancaran

d)

parafrase

40.

Pamilihe tembung sing pantes lan mentes ndadekake geguritan dadi ....

a)

alus lan nrenyuhake

b)

endah lan aji

c)

kasar lan mangkelake

d)

suci lan nyenengake