NEW
Font size
WorksheetsULANGAN HARIAN 5 BASA JAWA KELAS 6 (TEKS PIDATO)
Total questions: 35
Worksheet time: 35mins
Pidhato utawa ... mujudake sawijine kegiyatan ngomong ing sangarepe wong akeh kanggo nyampekake panemune utawa aweh gambaran sawijine babagan.
sesorah
geguritan
pacelathon
guneman
Sesorah lumrahe … dening pawongan kanggo aweh pranyatan sawijine prastawa kang wigati lan temen-temen pantes diomongake.
prastawa
disampekake
kedadeyan
disamarake
Syarat-syarate sesorah (pidhato) kang becik, kajaba ….
mumpuni pokok masalah (isi) kanga rep diandharake
darbeni kemampuan kanggo nyampekake isi pidhato
ora ana karep utawa ora ana tujuan cetha kanga rep digayuh
andharan kang disampekake ngemu ilmu kawruh kang migunani
Lumrahe tujuan sesorah (pidhato) iku nindakakae salah siji utawa sawatara bab-bab kang kaya kacetha ing ngisor iki, kajaba ....
mangarisbawani liyan supaya wong liya mau gelem ngeloki kekarepane sing sesorah
(pidhato) kanthi rila legawa
menehi pangerten lan informasi marang liyan ngenani sawijining bab
menehi panglipur marang liyan saengga pawongan sing ngrungokake mau seneng lan marem
marang ucapan kang disampekake
antarane sing medhar topik lan sing ngrungokake ora harmonis lan ora komunikatif
Adhedhasar sifat-sifat lan isine, pidhato bisa dibedakake dadi ….
5 (lima)
10 (sepuluh)
15 (limolas)
20 (rongpuluh)
Adhedhasar sifat-sifat lan isine, pidhato bisa dibedakake dadi 5 (lima), yaiku pidhato ….
pambuka, isi, penutup, peresmian, lan pertanggungjawaban
pambuka, pengarahan, sambutan, peresmian, lan pertanggungjawaban
pambuka, penutup, impromptu, peresmian, lan pertanggungjawaban
impromptu, pengarahan, ekstemporan, memoriter, lan naskah
Mujudake pidhato cekak (singkat) kang disampekake dening pamaos adicara utawa MC, diarani pidhato ....
pambuka
pengarahan
sambutan
peresmian
Mujudake pidhato kanggo ndunungake (ngarahake) ing sawijining pasamuan, diarani pidhato ....
pambuka
pengarahan
sambutan
peresmian
Mujudake pidhato kang disampekake ing sawijining adicara kegiyatan tartamtu, kang ditindakake dening sawantara pawongan kanthi wektu kang kawetes lan secara gegantenan, diarani pidhato ....
pambuka
pengarahan
sambutan
peresmian
Mujudake pidhato kang disampekake dening pawongan kang darbe pangaribawa kanggo ngresmekake sawijine babagan, diarani pidhato ....
pambuka
pengarahan
sambutan
peresmian
Mujudake pidhato kang isine sawijining palapuran pertanggungjawaban, diarani pidhato ....
pertanggungjawaban
pengarahan
sambutan
peresmian
Metode sesorah (pidhato) kaperang dadi … warna
4
3
2
1
Metode sesorah (pidhato) kaperang 4 (papat) warna, yaiku ….
impromptu, soliter, naskah, pambuka
impromptu, memoriter, naskah, ekstemporan
impromptu, memoriter, hafalan, ingatan
sambutan, pengarahan, peresmian, pertanggungjawaban
Metode sesorah kang serta merta tanpa anane persiyapan ing sadurunge, diarani metode ….
impromptu
memoriter
naskah
ekstemporan
Metode sesorah klawan ngapalake teks/ naskah sesorah luwih dhisik, diarani metode ….
impromptu
memoriter
naskah
ekstemporan
Metode sesorah klawan macakake teks/naskah sesorah, diarani metode ….
impromptu
memoriter
naskah
ekstemporan
Metode sesorah kanthi luwih dhisik nyiyagakake garis-garis gedhene sesorah kanga rep disampekake, diarani metode ….
impromptu
memoriter
naskah
ekstemporan
Struktur sesorah (pidhato) iku paling ora kudu nyakup … perangan
papat
telung
loro
siji
Struktur sesorah (pidhato) iku paling ora kudu nyakup 3 (telung) perangan, yaiku ….
tujuan, karep, sasaran
salam, syukur, maturnuwun
pambuka, wosing sesorah (isi), panutup
simpulan, ajakan, harapan
Lumrahe dumadi salam, ucapan syukur, ucapan maturnuwun, lan sethithik nggambarake isi sesorah. Iki kagolong struktur sesorah (pidhato) yaiku .…
pambuka
panutup
isi
tujuan
Lumrahe dumadi saka dudutan (simpulan), pesen utawa pangajak (ajakan), pangajab (harapan), panyuwunan pangapura, lan salam penutup. Iki kagolong struktur sesorah (pidhato) yaiku .…
pambuka
panutup
isi
tujuan
Lumrahe dumadi saka panemu-panemu (gagasan-gagasan) kanga rep digayuh awujud tujuan, karep, sasaran, rencana, langkah-langkah, lan sapiturute. Iki kagolong struktur sesorah (pidhato) yaiku .…
pambuka
panutup
isi
tujuan
Miturut swasanane, pidhato utawa sesorah kaperang dadi ….
loro (2)
telung (3)
papat (4)
limo (5)
Miturut swasanane, pidhato utawa sesorah kaperang dadi 2 (loro) yaiku ….
pidhato resmi lan pidhato formal
pidhato resmi lan pidhato ora resmi
pidhato resmi lan pidhato baku
pidhato manten lan pidhato karang taruna
Pidhato sing diwedharake ing pasamuan resmi / formal, diarani pidhato ….
pasamuan
semi resmi
resmi
ora resmi
Pidhato sing diwedharake ing pasamuan ora resmi / semi resmi, diarani pidhato ….
pasamuan
formal
resmi
ora resmi
Tuladhane pidhato resmi yaiku ....
pidhato kenegaraan
pidhato manten
pidhato ing Karang Taruna
pidhato ulang tahun adhiku
Tuladhane pidhato ora resmi yaiku ....
pidhato kenegaraan
pidhato manten
pidhato hardiknas
pidhato presiden
Titikane basa ing pidhato resmi, kejaba ....
digunakake ing kahanan resmi
intonasi dhatar
ukarane ukara jangkep
tembunge ora baku
Titikane basa ing pidhato ora resmi, kajaba ....
migunakake tembung baku
intonasai swara munggah-mudhun
kerep nganggo ukara ora jangkep
tembunge ora baku
Unggah-ungguh basa iku kaperang dadi loro (2), yaiku ....
basa ngoko lan basa krama
ngoko alus lan krama alus
ngoko lugu lan krama lugu
wantah lan andhap
Basa sing tembung-tembunge ing sajrone ukara nggunakake tembung ngoko kabeh, tanpa kacampuran tembung krama utawa krama inggil, diarani ....
ngoko lugu (wantah)
ngoko alus (andhap)
krama lugu (madya)
krama alus (inggil)
Basa kang tetembungane ngoko, nanging kacampur tembung krama inggil, tumrap sing diajak guneman (wong kapindho) utawa wong sing digunem (womng katelu), diarani ....
ngoko lugu (wantah)
ngoko alus (andhap)
krama lugu (madya)
krama alus (inggil)
1. Basa sing tembung-tembunge ing sajrone ukara nggunakake tembung krama kabeh, tanpa kacampuran krama inggil, diarani ....
A.
ngoko lugu (wantah)
ngoko alus (andhap)
krama lugu (madya)
krama alus (inggil)
Basa sing tembung-tembunge ing sajrone ukara nggunakake tembung krama lan kacampuran krama inggil, diarani ....
ngoko lugu (wantah)
ngoko alus (andhap)
krama lugu (madya)
krama alus (inggil)
