Font size
WorksheetsKuis Cangkriman
Total questions: 40
Worksheet time: 20mins
Unen-unen utawa tetembungan kang kudu dibatang utawa dibedhek yaiku...
cangkriman
cangkrukan
wancahan
cekakan
cangkriman sing wujude arupa cekakan diarani...
blenderan
plesedan
wancahan
tembang
cangkriman sing awujud irib-iriban diarani...
cekakan
pepindhan
plesedan
blenderan
uwi dawa uwite tales amba godhonge cikar dawa tipake batangane saka cangkriman...
pak boletus
wiwa wite lesba dhonge
burnas kopen
wiwa wite lesba dhonge karwa pake
segara beldhes pancen enak yen dipangan panas-panas. Segara beldhes batangane yaiku...
segane pera sambele pedhes
segane enak sambele pedhes
segane jagung sambele pedhes
segane enak sambele endhes
Tuwaok rawan nduweni batangan...
tuku rawon
untune krowak enak tenan
untune krowak larane ora karuwan
keluargaku ana sing lemu lan kuru sampe nduweni sebutan manuk biru. Manuk biru batangane ....
pamane punuk bibine lemu
pamane kuru bibine lemu
pamanne lemu bibine kuru
pamane punuk bibine kuru
gerbong tulis batangane
pagere kobong watune mendhelis
pagere kobong watune nulis
pagere mendhelis watune kobong
pagere abang watune dipernis
Pak budi lagi nggawe tape. Tape yen digawe batangane cangkriman yaiku...
pitik walik saba meja
dilebokne malah metu
bosok malah enak
kuning malah enak
sega sakkepel dirubung tinggi batangane salak kalebu cangkriman jinise...
wancahan
pepindhan
plesedan
tembang
dikethok malah dhuwur batangane...
rokok
anda
clana
obat nyamuk
bocor malah kebak batangane...
kran banyu
prau bocor
juglangan
sumur
Cebloke ning ngisor sing digoleki neng ndhuwur batangane...
gentheng bolong
gentheng bocor
wong golek klapa
nanas
Bocah cilik blusak blusuk neng kebon batangane...
benik
dom
keong
pring
Lampu apa yen dipateni metu wonge kalebu jinise cangkriman...
wancahan
cekakan
plesetan
pepindhan
Kebo picak matane pira...
4
6
8
10
Lawa lima kalonge telu ana pira...
2
3
5
8
Aku dolan menyang omahe kancaku nanging ing kono disuguhi opak angin. batangane disuguhi opak angin yaiku...
ora disuguhi krupuk
disuguhi opak ayem
disuguhi krupuk angin
ora disuguhi apa-apa
ana tulisan arab macane saka ngendi?
alas
tengen
kiwa
mburi
yen cilik dadi kanca yen gedhe dadi mungsuh diarani...
kucing
geni
benik
macan
ana pesawat diuncali watu ceblok ketok apane?
kayale
sayape
watune
peswate
Adoh diparani bareng wes cedhak diliwati batangane...
jendela
lawang
omah
pager
wong dodol tempe ditaleni. Sing ditaleni...
wonge
wong dodol
tempe
wong tuku
Biru bisane dadi wungu dikapakne...
dilukis
dicat
digebug
dijiwit
Gajah ngidak endhog ora pecah. Sing ora pecah ...
gajahe
sikile gajah
endhog
kulite endhog
Bapak pocung dudu watu dudu gunung
Sankane ing sabrang
Nggon anggone sang Bupati
Yen lumampah si pocung lambeyan grana
Tembung kacethak kandel lan ireng tegese...
irung
kuping
sikil
gajah
Bapak pocung bisa nggereng bisa mbengung.
Ngambah jumantara.
Kaya manuk rajawali.
Wira- wiri nggawa barang lan manungsa
Batangane cangkriman ing ndhuwur yaiku...
sepur
montor mabur
kapa laut
truk
Bapak pocung cangkemmu madhep mandhuwur.
Sabamu ing sendhang
Pecokanmu lambung kering
Prapteng wisma si pocung mutah kuwayan.
Kuwayan nduweni teges...
omah
klenthing
banyu
sumber banyu
Bapak pocung isih enom klambi gadhung.
Yen wes rada tuwa.
Si pocung klambine kuning.
Tuwa pisan si pocung klambine abang
batangane cangkriman ing ndhuwur yaiku...
pocung
uwong nganggo klambi
bawang
mlinjo
duwe rambut ora duwe endhas batangane...
wong botak
jagung
kembang
tape
kayu mati ginubet ula mati batangane...
gangsing
kayu
ula
kitiran
Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sak kanthong. Batangane...
klapa
kates
pring
rambutan
Bapak pucung buntut dawa sirah gembung
Mbanterake swara
Lamun urip nganggo listrik
Munggah panggung saben ana adicara
Batangane
penthol korek
klenthing
mic
sepur
Bapak pucung mlungker mlungker dudu kalung
Manggonmu ing tangan
Jarum mlaku rina wengi
Ngembrug wektu si pucung kagungan guna
Batangane...
kalung
jam tangan
sabuk
jam dinding
Bapak pucung tanpa untu darbe siyung
Badanira panjang
Tutukira pan pesagi
Dina-dina pucung nedha buntutira
Batangane...
sabuk
jam tangan
sepur
kalung
Bapak pucung amung sirah lawan gembung
Padha kinunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka si pucung dadi dahana
Tembung kacethak kandel tegese...
api
penthol korek
mati
suwe
Bapak pucung endi elor endi kidul
Laku tapa brata
Mung kepingin bisa malih
Dadi kupu si pucung wedharing tapa
batangane...
kupu-kupu
enthung
tikus
nyamuk
Bapak pucung bunder-bunder saka pohung
Isi gula jawa
Dipangan sajak mirasa
Mung ing Jawa panganan iki kang ana
batangane...
gulali
onde-onde
jemblem
klepon
Ngarep ireng mburi ireng sing tengah methentheng batangane
wong bakul tempe
wong bakul klapa
wong bakul areng
wong bakul dawet
sing ndhuwur wayangan ing ngisor jedhoran batangane...
wong ngunduh pelem
wong ngunduh klapa
wong ngunduh pari
wong ngunduh jambu
