NEW
Font size
WorksheetsREMIDI TUGAS KELAS IX 2020
Total questions: 40
Worksheet time: 10hrs 0mins
Kaya padatan, saben dina Jemuwah, siswa wadon ing sekolahanku didumi pil/tablet tambah darah. Pil kasebut wajib diombe, amarga pancen wigati kanggo njaga kasarasan. Senajan gedhe mupangate , akeh siswa wadon sing rumangsa kepeksa ngombe pil kasebut. Jarene rasane ora enak. Saperangan bocah wadon uga ora bisa ngelek pil mau yen nganggo banyu utawa wedang. Bisane ngelek yen dicampur roti utawa gedhang.
Pratelan ing ngisor, kang jumbuh karo isine pethilan wacan kasebut yaiku....
A. Saben dina Jemuwah kabeh siswa ing sekolahanku didumi pil/tablet tambah darah.
B. Siswa wadon wajib ngombe pil/tablet tambah darah kanggo njaga kasarasan awakke.
C. Senajan ngerti mupangate pil/tablet tambah darah siswa wadon padha ora gelem ngombe.
D. Pil/tablet tambah darah iku becike diombe dicampur roti, gedhang utawa panganan liyane.
DIDUKANI IBU
Jam wolu bengi aku wis rampung nggarap tugas kelompok. Aku lan kancaku sing jenenge Jeprak banjur ngobrol ngalor ngidul sinambi dolanan game. Ora krasa nganti jam sepuluh. Walah wis kewengen, ngono batinku. Mangka aku pamit marang ibu bakal bali jam sanga. Wis keladuk sak jam.
Pit onthel dakgenjot, kumudu enggal tekan omah, supaya ora tambah kewengen. Saka rumangsaku sikilku krasa kesel nggenjot pedhal, nanging kaya-kaya omahku isih panggah wae adoh. Mbokmenawa kegawa rasa salah lan wediku yen nganti didukani ibu. Pit onthel tetep lumaku, mbuh mengko kepriye dadine yen tekan omah. Apa sing bakal dakalami, aku pasrah.
Tekan ngomah ibu wis nunggu tekaku ana teras. Durung nganti mapanake pit, ibu wis ngendika werna-werna. Aku diarani bocah sing ora ngerti wayah, ora tanggung jawab, seneng ngapusi, gawe susah lan kuwatir wong tuwa, lan sapiturute. Sing cetha bengi iku ibu duka tenan marang aku. Aku sing didukani mung bisa meneng lan ndhingkluk, ora wani obah apa maneh wangsulan.
Sawise ibu mlebu omah, aku uga banjur melu mlebu bablas nyang kamarku. Awak dakbanting ing kasur, jane mono pengin ndang turu. Nanging mripatku angel dakremake. Kethap-kethip nganti sauntara. Ana rasa gela ing atiku amarga wis gawe dukane ibu.
Miturut wacan kasebut, paragraf kang isine ngandhakake alasan dumadine prastawa yaiku....
A. paragraf 1
B. paragraf 2
C. paragraf 3
D. paragraf 4
Ibu : “ Bali sekolah langsung bali, aja dolan dhisik!”
Rani : “ Inggih Bu”
Ibu : “Lha meh bali jam pira?”
Rani : “ .......”
Wangsulan kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing inggil yaiku....
A. Mangkih bali jam telu bu.
B. Mangkih kondur jam telu bu.
C. Mangkih kondur jam tiga bu.
D. Mangkih wangsul jam tiga bu.
Ukara kacithak miring ing inggil, manawa diowahi dadi aksara latin yaiku....
A. Monumen Tugu Muda ing Semarang
B. Monumen Tugu Mudha ing Semarang
C. Monumen Tugu Suharto ing Semarang
D. Monumen Tugu Sukarno ing semarang
Pangkur
Sekar Pangkur kang winarna
lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
ala lan becik puniku
prayoga kawruhana
adat waton puniku dipunkadulu
miwah ingkang tata krama
den kaesthi siyang ratri
Isine tembang kasebut yaiku . . . .
A. pitutur sing apik
B. ilmu sing ditularake
C. kudu ngerti tata krama
D. carita kang maneka warna
Nuju sawijining dina blumbang mau katekan manuk Kontul. Kontul ngadeg ing pinggir blumbang katon susah. Bareng ditakoni iwak Badher malah nangis sesenggukan. Badher banjur ngarih-arih Kontul amrih meneng. “Kontul, suwe ra ketemu, ana apa teka-teka kok malah nangis. Kandhaa apa sababe mbok menawa aku bisa mbantu kowe!”
“Ngene lho Badher, nggonku sedhih lan nangis iki satemene merga mikirake nasibmu sakanca ing blumbang iki.”Lho, ana apa kok mbok rewangi sedhih kaya mangkono?”
“Ngertia ya Dher, aku mau esuk krungu grenenge wong desa iku yen ora suwe maneh blumbang iki arep ditawu. Kowe sakanca bakale dadi lawuhe manungsa, “ wangsulane karo mingseg-mingseg. Kontul nerusake gunemane. “Yen padha sarujuk aku arep aweh pitulungan, kowe kabeh wiwit saiki takgawani menyang kali saelore sawah kae”. Mangkono kandhane kontul minangka apus krama supaya badher percaya karo omongane kontul. Ing batin kontul seneng atine amarga wetenge bakal wareg mangsa iwak –awak ing blumbang.
piwulang luhur saking wacan kasebat yaiku ....
A. aja seneng nangis
B. aja seneng sedhih
C. aja seneng ngapusi
D. aja seneng tetulung
Rama lan Lesmana nglajengaken lampah, madosi Sinta. Ing tengahing margi, kekalihipun kepanggih Jatayu ingkang menggeh-menggeh meh koncatan nyawa. Senajan mekaten, Jatayu taksih saged nyariosaken lelampahanipun. Jatayu ugi paring tandha arah mlajenging Rahwana ingkang mbekta Sinta dhateng Nagari Alengka. Dereng ngantos bibar anggenipun matur, Jatayu pejah. Amargi boten saged katulungan malih, raganipun dipunbesmi dening Rama lan Lesmana. Keluking latu nedahaken penering negara Alengka. Lajeng kapireng swanten ghaib ingkang suka pitedah caranipun saged pinanggih Sinta.
Pratelan kang jumbuh kalih isine teks kasebut yaiku ....
A. Jatayu nyritakake kahanane Sinta nganti tumekane pati banjur dumadakan keluke nuduhake arah papane Sinta.
B. Rama lan Lesmana ketemu Jatayu kang wis mati banjur ragane diobong dumadakan metu keluke lan swara gaib.
C. Rama lan Lesmana ngobong Jatayu dumadakan ana swara gaib kang nuduhake arah papane Sinta kang digawa Rahwana.
D. Jatayu matur marang Rama lan Lesmana menawa Sinta digawa menyang Alengka nganti Jatayu mati banjur diobong ragane.
1. Sore kuwi olehku mulih wis sore. Dhasar weteng ngelih, gek kodanan pisan, sangsaya gawe awakku dadi ora karuan rasane. Bareng tekan omah gage-gage adus, sholat lan mangan. Jangan lodheh, sambel trasi, tempe goreng lan gereh wis cumepak ing meja makan. Ibuku gedheg-gedheg mirsani aku nalika mangan. Ora let suwe aku wis keturon aneng sofa ngarep TV. Nalika ana adzan, ibuku nggugah aku. Makbrabat aku banjur salin seragam, njupuk tas lan sepedha. Nanging lakuku kandheg amarga ibu nyandhet karo ngendika, ” Kowe kuwi nglindur apa piye ta, iki jam enem sore. Maghriban. Kok malah arep mangkat sekolah. Bokkira jam enem esuk ?”
Aku banjur clingukan, rasane isin ora karu-karuan. Aku banjur mlayu mlebu kamar.
2. Nuju giliranku digawekake teh, ndilalah dhuwitku keri ing tas ing njero bis. Aku njupuk dhuwit mau lan pesen karo sing dodol supaya tehku dideleh meja. Ora let suwe aku wis tekan ing warung mau. Amarga saking ngelake, aku banjur nyekel gelas sing ana ing meja cedhake sing dodol. Batinku iki mesthi teh sing dakpesen. Ora nganggo basa-basi gelas iku mau dakcekel banjur dakombe. Mak jabrus rasane dudu teh, nanging ora enak babar pisan. Sawise rada suwe daksawang, jebule ing gelas mau dudu teh, nanging lenga jlantah/lenga bekas kanggo nggoreng. Kanca-kancaku padha ngguyu kepingkel-pingkel ngingeti tingkah polahku kang ngombe lenga jlantah. Sing dodol mung kamitenggengen kaya-kaya ora percaya ndeloki adegan iki.
3. Nalika aku SD aku duwe kanca jenenge Agus. Bocahe isinan banget, anger-angger pelajaran nembang mesthi nangis amarga isin. Iki salah iji kedadeyan sing paling dakelingi. Nalika wektu pelajaran nembang, kanca-kanca wis kabageyan nembang kabeh, saiki gilirane Agus maju ing ngarep kelas. Sakelas anteng banget supaya Agus ora nangis merga isin. Agus wiwit nembang, nanging lagi nembang sedhela dheweke wis prembik-prembik nangis. Kanca-kancane padha ngempet anggone arep ngguyu amarga melas weruh kahanane Agus. Kaya mangkono mau bola-bali. Sidane dening pak guru, kanca-kanca dikongkon madhep memburi. Dadi Agus nyanyi dhewekan tanpa ana sing nonton. Wis mangkono isih tetep prembik-prembik nangis.
4. Maklum wae, bocah ndesa ora tau lunga adoh, lunga sepisan nggembol pangan saka ngomah wedi yen ngelih. Sangu mung sepuluh ewu. Iku wae wis dipeseni supaya ora dientekake. Aku manut wae. Sadina sadurunge klambiku wis daklempiti lan daklebokake tas. Kaya-kaya arep pindhahan wae. Kabeh sedulurku dakpamiti. Saka adhiku, kakangku, bapak ibuku, pak lik bu lik, pak dhe budhe lan tangga-tanggaku. Kabeh ora ana sing keri. Nanging cuwane, wong-wong sing dakpamiti mau babar pisan ora ana sing nyangoni dhuwit. Ing mangka batinku ngarep-arep, anggonku pamitan mau, mbok manawa ana rejeki nomplok alias nyangoni aku. Kabeh sing dakpamiti bisa seragam nyangoni slamet. Apes tenan, ing ati karepe disangoni jebul kabeh mung padha wanti-wanti supaya aku ngati-ati.
Pratelan crita pengalaman kasebut kang isinelucu mapan ing angka ….
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4
Nyadran
Nyadran asale saka bahasa sansekerta, sraddha sing artine keyakinan. Ing bahasa Jawa, nyadran asale saka sadran sing artine ruwah syakban.
Nyadran yaiku tradisi budaya wujud rasa syukure masyarakat marang Gusti Allah amarga bumi iki bisa dadi sumbere urip. Acara nyadran lumrahe saben desa nduweni dina, tradisi lan panggonan sing beda-beda. Ana sing ditindakake ing sendang, kuburan lan punden. Panggonan sing kaanggep masyarakat iku dadi cikal bakale anane desa iku. Yen ing desaku dhedhaharan iku dianakake ing pesarehan, masyarakat ing kana nduweni kapercayan yen panggonan iku dianggep keramat dadi masyarakat yen nganakake dhedhaharan saka wujud rasa syukure marang Gusti Kang Murbeng Dumadi iku ing pesarehane. Sakliyane mengeti nyadran supaya nduweni wujud rasa syukur marang Gusti Kang Akarya Jagad uga nduweni tujuan supaya ora ana gangguan roh jahat.
Surasa/Isi teks diskriptif ing inggil yaiku ….
A. nyadran mujudake tradisi budaya kang ora becik
B. nyadran mujudake tradisi budayane masyarakat padesan
C. nyadran minangka wujud pemborosan amarga nggowo panganan
D. nyadran mujudake tradisi budaya wujud rasa syukur marang Gusti Allah
SINOM
Ambege kang wus utama
Tan ngendhak gunaning janmi,
Amiguna ing aguna,
Sasolahe kudu bathi,
Pintere den alingi,
Bodhone dinokok ngayun,
Pamrihe den inana,
Aja na ngarani bangkit,
Suka lila denina sapadha-padha,
Pitutur luhur ingkang saged kapundhut saking tembang Sinom ing inggil yaiku….
A. Watake manungsa kang migunakake kapinterane senajan bodhone ditutupi senajan diina/diece
B. Watake manungsa kang nutupi kapinterane nanging bodhone dipamerake senajan diina/diece.
C. Watake manungsa kang nutupi kapinterane senajan bodhone dipamerake supaya ora diina/diece.
D. Watake manungsa kang migunakake kapinterane senajan bodhone dipamerake supaya ora diina/diece.
Pratelan ing ngisor, kang ora jumbuh karo isine pethilan wacan sandiwara kasebut yaiku ....
A. Mbok Randha Dhadhapan gelem nampa Kleting kuning dadi jodhone Andhe-Andhe Lumut.
B. Kleting Kuning bakal bali yen anggone ngunggah-unggahi Andhe-Andhe Lumut ora ditampa.
C. Mbok Randha Dhadhapan ora seneng karo Kleting Kuning amarga elek rupane lan mambu bacin.
D. Kleting Kuning nduweni watak narima, ora bakal meksa supaya ditampa dening Andhe-Andhe Lumut.
Papan kedadeyan ing pethilan wacan sandhiwara kasebut yaiku ….
A. tengah alas
B. pinggir kali
C. dalemipun Mbok Randha
D. dalemipun Kleting kuning
Assalammualaikum. wr. wb
Para rawuh ingkang kinurmatan. Kula minangka Lurah Dusun Sumber Jaya ngaturaken panuwun dhumateng para kadang wredha mudha ingkang sampun kersa rawuh ing pahargyan ambal warsa Karang Taruna Dusun Sumber Jaya kaping gangsal. Adicara punika gadhah ancas mugi-mugi pahargyan punika dados pecuting lampah para mudha anggenipun nglampahi progam kerja setunggal warsa benjang.
Pidhato kasebat ngandharaken babagan ….
A. Pengetan ambal warsa Dusun Sumber Jaya.
B. Pengetan progam kerja Karang Taruna Dusun Sumber Jaya.
C. Pengetan ambal warsa Karang Taruna Dusun Sumber Jaya.
D. Pengetan setunggal warsa Karang Taruna Dusun Sumber Jaya.
Gatekna urutan kutipan pidhato iki!
1.
Wasana cekap semanten anggen kula matur wonten ngarsa
panjenengan, bokmanawi wonten kalepatan kula tansah nyuwun agunging samodra
pangaksami
2.
Ing ngriki kula pun Budi
Saptono ngaturaken agunging panuwun
awit panjenengan sampun ngrawuhi
undhangan kula ingggih punika tasyakuran lulus sarjana kanthi biji ingkang maremaken,mugi-mugi kathah
paedahipun kagem nusa lan bangsa.
3.
Sumangga panjenengan kula dherekaken ngaturaken puji syukur dhateng Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring rahmat hidayah dhateng kita sedaya
4. Para rawuh
ingkang tansah kinurmatan
Urutan pidhato kang bener adhedhasar perangan ing dhuwuryaiku... .
A. 4, 3, 2, 1
B. 3, 1, 4, 2
C. 2, 4, 3, 1
D. 1, 4, 3, 2
“ Heh Nyai Brintik! Yen kepengen slamet balekna keris mau!”
Krungu diprentah, Nyai Brintik saya muntab karo nendhang pawongan mau. Bola-bali ditendhang nanging malah ganti wujud wit kang gedhe. Suwe-suwe Nyai Brintik ora duwe kekuwatan.
“ Satemene kowe kuwi sapa Ki Sanak?” takone Nyai Brintik.
“Mangertia, aku iki Sunan Kalijaga. Kowe dadi wong sekti aja gumedhe, aja dumeh kuwat, nanging saiki kowe ora duwe daya. Wis tekan wancine kowe kudu nduweni rasa andhap asor. “ Nyai Brintik sanalika sungkem banjur mbalekake keris loro. Wiwit kedadeyan iku Nyai Brintik dadi siswane Sunan Kalijaga. Kejaba pinter, uga shalehah lan seneng tetulung. Sawise seda Nyai Brintik disarekake ing Gunung Brintik sacedhake Bergota.
Surasa/isi crita kasebut yaiku ....
A. Nyai Brintik tarung lawan Sunan Kalijaga kang sekti lan pungkasane menang.
B. Kasektene Nyai Brintik ilang pungkasane tobat banjur meguru lan dadi wong kang becik.
.
C. Nyai Brintik meguru marang Sunan Kalijaga nganti seda lan disarekake adoh saka Bergota.
D. Sunan Kalijaga nuturi Nyai Brintik supaya dadi wong kang becik ananging dheweke boten purun
“ Heh Nyai Brintik! Yen kepengen slamet balekna keris mau!”
Krungu diprentah, Nyai Brintik saya muntab karo nendhang pawongan mau. Bola-bali ditendhang nanging malah ganti wujud wit kang gedhe. Suwe-suwe Nyai Brintik ora duwe kekuwatan.
“ Satemene kowe kuwi sapa Ki Sanak?” takone Nyai Brintik.
“Mangertia, aku iki Sunan Kalijaga. Kowe dadi wong sekti aja gumedhe, aja dumeh kuwat, nanging saiki kowe ora duwe daya. Wis tekan wancine kowe kudu nduweni rasa andhap asor. “ Nyai Brintik sanalika sungkem banjur mbalekake keris loro. Wiwit kedadeyan iku Nyai Brintik dadi siswane Sunan Kalijaga. Kejaba pinter, uga shalehah lan seneng tetulung. Sawise seda Nyai Brintik disarekake ing Gunung Brintik sacedhake Bergota.
Karakter paraga Nyai Brintik ing crita kasebut sakwise tarung kaliyan Sunan Kalijaga yaiku ….
A. gumedhe
B. sregep
C. trampil
D. Remen tetulung
Asal Usule Desa Nglimut, Kendal
Kacarita, ing sisih lor saka Gunung Ungaran, ana salah sijine panggonan utawa tlatah kang gemah ripah loh jinawi. Rakyate urip rukun, tentrem, ora seneng cecongkrahan karo tanggane. Uripe ayem, ngibadhahe uga sregep lan oleh panganyomaning Gusti, panguripane ora kecingkrangan, cukup lair tumekaning batine.
Desa kang makmur kaya mangkene, akeh wong kang melik kapengin nguwasani. Salah sjine sedagar sugih arep ngrawuhi saprelu nguwasani papan panggonan iki mau. Ora mung sedagar ananging uga para brandhal uga pengen nguwasani. Niyat jahate kekarone ora kaleksanan amarga papan panggonan kasebut sakwise di cedhaki, mung awujud papan kang amba kebak suket ora kaya sing dadi kembang lambene wong-wong.
Isih akeh maneh wong-wong kang sugih lan kang duweni nepsu padha niti priksa papan panggonan iki. kabeh ora mirsani apa-apa, saben disawang saka kadohan, papan iki katon gemah ripah, sakwise dicedhaki ilang utawa nglimuni/ngilang. Mula diarani nglimut tegese nylamur, ilang. Nganti saiki papan kasebut diarani Nglimut kang mapan ing Desa Gonoharja, Kecamatan Limbangan, Kabupaten Kendal.
Miturut crita kasebut diarani desa Nglimut amarga ....
A. Yen disawang saka kadohan katon ananging yen dicedhaki nglimuni.
B. Ana salah sijine sedagar arep nguwasani papan panggonan mau.
C. Rakyate urip rukun, tentrem ora seneng cecongkrahan karo tanggane.
D. Salah sijine panggonan utawa tlatah kang gemah ripah loh jinawi.
Gambuh
Tutur bener puniku,
Sayektine apantes tiniru,
Nadyan metu saking wong sudra papeki,
Lamun becik nggone muruk,
Iku pantes sira anggo.
Tembang Gambuh ing inggil guru lagu lan guru wilangane yaiku ....
A. 7u, 10i, 12u, 8u, 8o
B. 7u, 12u, 10i, 80, 8u
C. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
D. 7u, 10u, 12i, 8o, 8u
Gambuh
Sekar gambuh ping catur,
kang cinatur polah kang kalantur,
tanpa tutur katula – tula katali,
kadaluwarsa kapatuh,
kapatuh pan dadi awon.
Panulisan aksara jawa gatra kaping papat ( 4 ) sekar Gambuh ing dhuwur yaiku ....
Kinanthi
Yen wus tinitah Wong Agung,
aja sira gumunggung dhiri,
aja raket lan aja ala,
kang ala lakunireku,
nora wurung ngajak – ajak,
satemah anenulari.
Surasa/isi saking tembang Kinanthi ing inggil yaiku ....
A. Yen diutus dening Gusti ora kena gumedhe, ora kena nyedhaki babagan sing ala, aja nindakake tumindak ala amarga bisa nulari wong liya.
B. Yen diutus dening Gusti ora kena gumedhe, kudu nyingkiri wong sing ala amarga sakabehing tumindak ala ora ana apike lan gunane.
C. Yen dadi wong sing dhuweni drajat dhuwur, aja cedhak – cedhak karo wong sing sifat lan tumindakke ala, amarga bisa ngejaki lunga.
D. Yen dadi wong sing nduweni drajat dhuwur, aja cedhak – cedhak karo wong sing sifat lan tumindakke ala, amarga bisa nulariawakke dhewe.
Kecelakaan maut ana ing dalan Sriwijaya, ngarep TBRS, dina Rabu ( 6/1 ) njalari loro
( 2 ) wong mati. LAKALANTAS Polrestabes Semarang Iptu Jumantri marang wartawan nuturake, saksi menehi katranan yen kecelakaan sing newasake loro wong kasebut diwiwiti saka motor loro saka arah sing beda mlaku kanthi banter, mbokmenawa saka arah wetan dalanne mudhun lan banter, saka kulon uga banter.
Tanggapan ingkang jumbuh kalihan pawarta ing inggil yaiku ....
A. Dalan Sriwijaya ora kena diliwati motor.
B. Dalan Sriwijaya kudu dijaga dening polisi.
C. Numpak motor kudu ngati–ati lan waspada.
D. Numpak motor kudu lewat sisih kiwaning dalan.
WASPADA, NYAMUK CIKUNGUYA NYEBAR SADHENGAH WEWENGKON SEMARANG.
TANSAH ELING 3M (MENGURAS, MENUTUP, MENGUBUR),
SARTA PRIKSA DHIRI ING PUSKESMAS.
Saking iklan kecik ing nginggil, iklan
kasebut kagolong ....
A. Iklan layanan masyarakat babagan
kasehatan.
B. Iklan layanan masyarakat babagan Puskesmas.
.
C. Iklan layanan masyarakat babagan
kemanusiaan.
D. Iklan layanan
masyarakat babagan kewaspadaan
Rajaning peksi punika naminipun Jatayu. Piyambakinpun dados mitra raketipun Dasarata. Nalika sumerep putranipun dipuncidra Rahwana, Jatayu enggal tumandang damel mitulungi. Kreta Kencana dipuntrajang kemawon, Sinta dipunrebat. Rahwana nggegegi, boten nguwalaken saengga dados udreg-udregan rebatan Sinta ing gegana. Eman, Jatayu kalindih, dipuntatoni saha dipunajar dening Rahwana. Salah satunggaling swiwi sengkleh tugel. Jatayu taksih megap-megap dipuntendhang, kumleyang ing awang-awang, dangu dangu dhawah ing siti, klebekan.
Pitutur luhur ingkang saged kapundhut saking pethikan wacan kasebut yaiku ….
A. Aja gelem ngalah karo kanca.
B. Mbiyantu wong liya kang mbutuhake.
C. Tumindak kang sarwa ngati-ati marang liyan.
D. Aja tumindak kang gawe larane wong kang ditresnani.
Wacanen petilan pacelaton iki..
Pak Harno : “Kene ndhuk lungguh kene!”
Ratri : “Wonten napa, Pak?”
Pak Harno : “Ana PR apa ora?”
Ratri : “Wonten ndingaren bapak mundhut pirsa bab PR?”
Bu Harno : “Jare biyen kowe pengin dadi perawat.”
Ratri : “Lah inggih. lha napa sambetipun kaliyan PR?”
Bu Harno : “Lho perawat iku rak kudu pinter. Lha nek nggarap pr iku rak isa dadi
pinter.”
Pak Harno : “Ngene lho ndhuk, nek kowe gelem sinau ngene iki kaya-kaya anggone
nyambut gawe ki ana gunane.”
Surasa/isi pacelathon ing inggil yaiku ….
A. Sinau iku ora ana mupangate.
B. Dadi perawat iku pancen apik.
C. Ngerjakake PR kuwi ora penting.
D. Sregep sinau iku bakalan miguna.
· Gatekna pratelan Kasebut!
·
1.Ngidhak jadah pitung warna: yaiku
anak mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna kang diréwangi ngidak
déning ibu, jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng,
iku kabèh perlambang déné urip iku ora gampang nanging kabéh alangan sing
dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan
kasantosan.
· 2. Mlebu ing kurungan minangka pralambang urip ing donya iki, ing jero
kurungan diwénéhi akèh dolanan lan ubarampé pagawéan kayata kertas, gunting, pethèt lan liya liyané, dolanan utawa ubarampé pagawéan sing dipilih
déning anak iku kaya tandha bésuk bakal duwéni pagawéan mau.
· 3. Munggah andha tebu arjuna: tebu iku pralambang antebing kalbu, supaya anggoné nitih urip ning donya
iki bakal manteb lan tebu arjuna pralambang supaya anak sing munggah
tebu iku bisa duwéni solah bawa kaya déné arjuna.
· 4. Siraman: kanggo nyucèni raga lan jiwa, muga
muga bisa gawa jeneng arum kanggo kaluwarga kayata banyu kembang
sing kanggo acara siraman anak mau.
Urut- urutan upacara adat tedhak siti ing inggil ingkang leres yaiku....
A. 1-2-3-4
B. 1-3-2-4
C. 2-3-1-4
D. 2-3-2-4
Borobudhur saiki isih digunakake kanggo ziyarah agama kabukti saben taun warga Buddha saindhenging nuswantara lan negara manca kumpul ing Borobudhur kanggo mengeti Trisuci Waisak. Ing jagading pariwisata, Borobudhur dadi papan wisata kang paling akeh ditekani para plancong ing Indonesia.
Manut cuplikan teks deskripsi kasebut, Candhi Borobudur ditekani dening para warga Buddha saindhenging nuswantara lan negara manca pada kumpul ing Candhi Borobudhur kanggo mengeti dina ....
A. Pati Geni
B. Dina Nyepi
C. Trisuci Waisak
D. Upacara Ngaben
Dugderan
Dugderan iku salah sawijining kabudayan utawa tradisine wong Semarang. Wujude yaiku upacara adat kanggo mengeti tekane sasi pasa/Ramadhan. Sing ana pancen mung ing kutha Semarang, Dhug-Dher…! Wiwit dhek jamane Kanjeng Adipati Raden Mas Tumenggung Arya (RMTA) ing antarane taun 1881. Dhug-Dher kae mau (mbarengi swara bedhug ditabuh, binarung swarane/unine mercon “dheeerrr…” kang nandhani wiwitane wulan Ramadhon kanggo umat Islam nglakoni pasa sesasi muput. Dugderan iki dianakakesedina sadurunge tekane sasi Pasa
Dugd Dugderan nduweni tujuan kanggo gawe sarana informasinePemerintah Kota Semarang marang masyarakat gawe menehi ngerti tekane tanggal 1 Ramadhan. Tembung Dugder iku kajupuk saka swara Bedhug "dug...dug...dug" lan swara meriam "der...der...der" banjur dadi Dugder. Ana ing adicara iki biasane dianakake acara-acara liyane, kayata pasar rakyat (sing diwiwiti seminggu sadurunge Pasa), karnaval pasukan merah putih, drumband, pasukan pakaian adat “Bhineka Tunggal Ika”, meriam, warak ngendok lan kesenian-kesenian sapanunggalane sing ana ing tlatah Semarang.
Ancas dianakake prastawa budaya “Dhugdheran” yaiku....
A. kanggo nambahi keramaian kutha
B. supaya kesenian dikenal masyarakat
C. kanggo mengeti tekane sasi Pasa/ Siam
D. kanggo sarana informasi marang masyarakat
Dhandhanggula
Pamedhare wasitaning ati,
Cumanthaka aniru pujangga,
Dhahat mudha ing batine,
Nanging kedah ginunggung,
Datan wruh yen akeh ngesemi,
Ameksa angrumpaka,
Basa kang kalanttur,
Tutur kang katula-tula,
Tinalaten rinuruh kalawan ririh,
Mrih padhanging sasmita.
Gatra ingkang kacithak miring kasebut nduweni teges ….
A. Kepingin lan meksa awake dhewe.
B. Kepingin lan meksa niru pujangga.
C. Kepingin lan meksa supaya dialem.
D. Kepingin lan meksa senajan diguyu.
Dhandhanggula
Yogyanira kang para prrajurit
Lamun bisa sami anuladha
Duk ing nguni caritane
Andelira sang prabu
Sasrabahu ing Maespati
Aran Patih suwanda
Lelabuhanipun
Kang ginelung triprakara
Guna kaya puruningkang den antepi
Nuhoni trah utama
Guru wilangan lan guru lagu ing gatra pungkasan yaiku ....
A. 5a
B. 6a
C. 7a
D. 8a
Anton/Arif : "Kula nuwun"
Yuda : "Mangga …O,,Anon, kok njanur gunung , kadingaren dolan mrene, ana perlu apa ? "
Anton : "Aku karo Arif arep nonton film . Kowe arep melu ora??"
Yuda : "Wah aku ra iso, amarga aku durung nggarap tugas, sesuk ora prei ta,? Tugas mau kudu dikumpulke disuwunake biji bu guru sesuk lho Ton.. Emoh….. Aku ra melu wae mundhak didukani bu guru"
Arif : Tenang aku durung nggarap Yud, ayo nonton wae mengko dak bayari . Wong mung sedhela paling –paling jam 20.00 WIB wis bali tugase bisa digarap mengko bengi..
Yuda : "Emoh…… Aku tetep ra iso melu , aku nggarap tugas wae"
Anton : "Yo…wis nek ngono, aku karo Arif pamit."
Yuda : "Yo, padha ngati ati"
Anton karo Arif sida nonton film . Jam sepuluh mbengi merga dalan macet durung padha bali. Tekan ngomah Anton karo Arif langsung turu. Kabeh ora kelingan ana tugas durung digawe. Esuke Arif tangi kawanan, tekan sekolah Arif wis telat.
Arif : "Kula nuwun bu Guru, bu nyuwun pangapunten dhateng telat."
Bu Guru : "Lha ngopo kok kowe tangi kawanan?"
Arif : "Wingi kula ningali film kaliyan Anton ngantos ndalu bu"
Bu Guru : "Oh … pantes nek ngono, iki Anton malah ora mangkat sekolah. Tugasmu digawa rene….
Arif : "Mboten bu, kula kesupen !"
Bu Guru : "Nek ngono kowe sak iki ning njaba lan tugase digarap .Yen wis rampung diaturake ibu ."
Arif : "Nggih bu, kula nyuwun pangapunten"
Bu Guru : "Angger kowe kudu janji ora di baleni meneh"
Arif : "Nggih bu kula janji!"
Yuda : "Mulane Rif, sesuk meneh kudu kewajiban didisikake tinimbang kesenengan. Dadi uwong kudu bisa disiplin."
Arif : "Iya, Yud, aku njaluk ngapura. Ora tak baleni maneh !
Pitutur luhur miturut pacelathon ing sandhiwara sekolah kasebut yaiku….
A. Bocah sekolah iku kudu dhisikake kasenengane dhewe.
B. Kasenengan iku kudu didhisiake tinimbang kewajiban.
C. Kewajiban iku kudu didhisikake tinimbang kasenengan.
D. Kewajiban utawa tanggung jawab iku dilakoni satitahe wae.
Anton/Arif : "Kula nuwun"
Yuda : "Mangga …O,,Anon, kok njanur gunung , kadingaren dolan mrene, ana perlu apa ? "
Anton : "Aku karo Arif arep nonton film . Kowe arep melu ora??"
Yuda : "Wah aku ra iso, amarga aku durung nggarap tugas, sesuk ora prei ta,? Tugas mau kudu dikumpulke disuwunake biji bu guru sesuk lho Ton.. Emoh….. Aku ra melu wae mundhak didukani bu guru"
Arif : Tenang aku durung nggarap Yud, ayo nonton wae mengko dak bayari . Wong mung sedhela paling –paling jam 20.00 WIB wis bali tugase bisa digarap mengko bengi..
Yuda : "Emoh…… Aku tetep ra iso melu , aku nggarap tugas wae"
Anton : "Yo…wis nek ngono, aku karo Arif pamit."
Yuda : "Yo, padha ngati ati"
Anton karo Arif sida nonton film . Jam sepuluh mbengi merga dalan macet durung padha bali. Tekan ngomah Anton karo Arif langsung turu. Kabeh ora kelingan ana tugas durung digawe. Esuke Arif tangi kawanan, tekan sekolah Arif wis telat.
Arif : "Kula nuwun bu Guru, bu nyuwun pangapunten dhateng telat."
Bu Guru : "Lha ngopo kok kowe tangi kawanan?"
Arif : "Wingi kula ningali film kaliyan Anton ngantos ndalu bu"
Bu Guru : "Oh … pantes nek ngono, iki Anton malah ora mangkat sekolah. Tugasmu digawa rene….
Arif : "Mboten bu, kula kesupen !"
Bu Guru : "Nek ngono kowe sak iki ning njaba lan tugase digarap .Yen wis rampung diaturake ibu ."
Arif : "Nggih bu, kula nyuwun pangapunten"
Bu Guru : "Angger kowe kudu janji ora di baleni meneh"
Arif : "Nggih bu kula janji!"
Yuda : "Mulane Rif, sesuk meneh kudu kewajiban didisikake tinimbang kesenengan. Dadi uwong kudu bisa disiplin."
Arif : "Iya, Yud, aku njaluk ngapura. Ora tak baleni maneh !
Teks sandiwara ing nginggil, tembung ingkang kacithak kandel panyeratanipun ingkang leres inggih punika ….
A. Ngapa, didhisikake
B. Ngopo, didhisikake
C. Ngopo, didhisikaken
D. Ngapa , didhisikaken
Anoman Duta
Anoman punika jejering rewanda (kethek) ingkang awarna seta (putih), pramila Anoman ugi winastan Rewanda Seta. Piyambakipun putranipun Bathara Bayu ingkang patutan kaliyan Dewi Anjani. Ibunipun Anoman, inggih Dewi Anjani punika sedherekipun Subali saha Sugriwa. Nalika kautus dening Raden Ramawijaya, lampahipun Anoman nemahi pambengan ingkang matumpa-tumpa. Tanpa kanyana saderengipun, Anoman dipunracun dening satunggaling dewi ingkang suwaunipun kaanggep mitulungi ngantos piyambakipun nemahi wuta. Begja dene wutanipun Anoman kenging kausadani dening garudha satemah waluya jati.
Anoman nglajengaken lampah. Dereng dumugi panggenan ingkang dipuntuju, piyambakipun bandayuda kaliyan Wil Kathaksini, raseksa ingkang nguwaosi samudra inglang tumuju dhateng nagari Ngalengkadiraja. Uwal saking regemaning ditya samodra, Anoman kasil tumuju Taman Asoka ing nagari Ngalengkadiraja, papanipun Dewi Sinta kasingidaken. Ing taman punika Anoman kepanggih kaliyan Trijatha, putrinipun Raden Gunawan Wibisana. Raden Gunawan Wibisana punika rayinipun Prabu Dasamuka.
Tembung sing kacithak kandel ing wacan kasebut tegese yaiku….
A. Ucul
B. nerak
C. mabur
D. mencolot
Anoman Duta
Anoman punika jejering rewanda (kethek) ingkang awarna seta (putih), pramila Anoman ugi winastan Rewanda Seta. Piyambakipun putranipun Bathara Bayu ingkang patutan kaliyan Dewi Anjani. Ibunipun Anoman, inggih Dewi Anjani punika sedherekipun Subali saha Sugriwa. Nalika kautus dening Raden Ramawijaya, lampahipun Anoman nemahi pambengan ingkang matumpa-tumpa. Tanpa kanyana saderengipun, Anoman dipunracun dening satunggaling dewi ingkang suwaunipun kaanggep mitulungi ngantos piyambakipun nemahi wuta. Begja dene wutanipun Anoman kenging kausadani dening garudha satemah waluya jati.
Anoman nglajengaken lampah. Dereng dumugi panggenan ingkang dipuntuju, piyambakipun bandayuda kaliyan Wil Kathaksini, raseksa ingkang nguwaosi samudra inglang tumuju dhateng nagari Ngalengkadiraja. Uwal saking regemaning ditya samodra, Anoman kasil tumuju Taman Asoka ing nagari Ngalengkadiraja, papanipun Dewi Sinta kasingidaken. Ing taman punika Anoman kepanggih kaliyan Trijatha, putrinipun Raden Gunawan Wibisana. Raden Gunawan Wibisana punika rayinipun Prabu Dasamuka.
Nalika kasingidaken ing Taman Asoka, Dewi Sinta dikancani dening Trijatha yaiku putrinipun ….
A. Dewi Anjani
B. Bathara Bayu
C. Wil Kathaksini
D. Gunawan Wibisana
Anoman Duta
Anoman punika jejering rewanda (kethek) ingkang awarna seta (putih), pramila Anoman ugi winastan Rewanda Seta. Piyambakipun putranipun Bathara Bayu ingkang patutan kaliyan Dewi Anjani. Ibunipun Anoman, inggih Dewi Anjani punika sedherekipun Subali saha Sugriwa. Nalika kautus dening Raden Ramawijaya, lampahipun Anoman nemahi pambengan ingkang matumpa-tumpa. Tanpa kanyana saderengipun, Anoman dipunracun dening satunggaling dewi ingkang suwaunipun kaanggep mitulungi ngantos piyambakipun nemahi wuta. Begja dene wutanipun Anoman kenging kausadani dening garudha satemah waluya jati.
Anoman nglajengaken lampah. Dereng dumugi panggenan ingkang dipuntuju, piyambakipun bandayuda kaliyan Wil Kathaksini, raseksa ingkang nguwaosi samudra inglang tumuju dhateng nagari Ngalengkadiraja. Uwal saking regemaning ditya samodra, Anoman kasil tumuju Taman Asoka ing nagari Ngalengkadiraja, papanipun Dewi Sinta kasingidaken. Ing taman punika Anoman kepanggih kaliyan Trijatha, putrinipun Raden Gunawan Wibisana. Raden Gunawan Wibisana punika rayinipun Prabu Dasamuka.
Pitutur luhuringkang mapan ing pada sepisan wacan kasebut yaiku….
A. Tumindhak ala bakal tansah dipunwales dening Gusti.
B. Dadi manungsa iku kudu tansah waspada lan ngati-ati.
C. Kudu bales tumindak alane wong marang awake dhewe.
D. Gampang percaya karo wong sanajan durung suwe kenal.
ARGA IKI
(Siswidiadi Ngesti N )
Mataun-taun
Sira ngrusak geger lan awakku
Makaping-kaping
Landhepe bendho lan pacul
Nyigar lemah subur dadi larik-larik tandur
Pokalmu mblandhong sapenak dhengkul…
Lemah ijo wis malih gundhul
Tirta musna ing mangsa ketiga
Ninggal belik nalika paceklik
Jare wadhuk dadi alesan
Ora bakal ana rampunge
Nadyan donya pisan
Denuntal sakabehe …
Yoh
Entenana
Yen tekan titi mangsa
Arga iki nagih prasetya …
Geguritan kasebat isinipun nyariosaken babagan ….
A. karisakan alam ing redi amarga ulahipun manungsa
B. kaendahaning regi saking payengkuyunging manungsa
C. lestantunipun regi amargi pangolahan alam ingkang sae
D. manungsa tansah njagi kaendahan lan lestantunipun alam
ARGA IKI
(Siswidiadi Ngesti N )
Mataun-taun
Sira ngrusak geger lan awakku
Makaping-kaping
Landhepe bendho lan pacul
Nyigar lemah subur dadi larik-larik tandur
Pokalmu mblandhong sapenak dhengkul…
Lemah ijo wis malih gundhul
Tirta musna ing mangsa ketiga
Ninggal belik nalika paceklik
Jare wadhuk dadi alesan
Ora bakal ana rampunge
Nadyan donya pisan
Denuntal sakabehe …
Yoh
Entenana
Yen tekan titi mangsa
Arga iki nagih prasetya …
Pitutur luhur ingkang saget kapundhut saking geguritan ing nginggil yaiku ….
A. kaendahaning alam kedah dipunpameraken
B. karisakaning alam amargi ulahipun manungsa
C. lestantunipun alam saking panyengkuyung kita
D. manungsa kedah tansah njagi lestantuning alam
Durma
Lawan aja memaoni barang karya
Thik-ithik memanoni
Samubarang polah
Tan kena wong kumlebat
Ing mangsa mangke puniki
Mapan wus lumrah
Padha wasis maoni
Tembung kacithak miring ing inggil punika tegese ….
A. wani
B. pinter
C. podho
D. sregep
Durma
Mapan ana sesiku telung prakara
Nanging gedhe pribadi
Pan ki lilira
Ingkang telung prakara
Aja hanggunggung sireki
Kalawan aja
Nacad kapati-pati
Gatra ingkang kacithak miring ing inggil tegese….
A. aja nyombongke liyan
B. aja ngasorke wong liya
C. aja ngrasa pinter dhewe
D. aja nyombongke awake
Durma
ingkang eling ya ngelingana marang
sanak kanca kang lali
den nedya raharja
…………………(7a)
yen ora nggugu liya wis
sira menenga
aja sok angrasani
Ukara ingkang trep kangge njangkepi gatra ing inggil yaiku ….
A. Mangkono tindak ira
B. Mangkono tindake ira
C. Mangkono tindaken sira
D. Mangkono tindakipun sira
Prabu Siliwangi: “Putraku Banyak Tantra, Rama wis sepuh. Wengi iki dak timbali, awit Rama kepengin kowe kang nglingsir keprabon.”
Banyak Tantra : “Nyadhong duka Rama, abdi dalem dereng saged nggentosi palenggahan dhampar keprabon.”
Prabu Siliwangi: “Geneya sliramu ora gelem ngganteni Pun Rama, ngger?”
Banyak Tantra : “Nyuwun pangapunten Rama, boten ateges abdi dalem mbadal dhawuh paduka, namung abdi dalem badhe ngangsu kawruh rumiyin. Samangsa sampun jangkep ngelmu, tartamtu abdi dalem sagah nggantosi paduka. Minangka jejeripun ratu kedah kathah seserepanipun.Pramila ingkang putra nyuwun idi palilah pados seserepan ing madyaning bebrayan, kanthi ngulandara.”
Prabu Siliwangi: “Manawa mangkono kekarepanmu, Rama mung mangestoni. Goleka kawruh mumpung isih mudha!”
Banyak Tantra : “Ngestokaken dhawuh Rama.”
Saking sandhiwara tradisional kasebut, Prabu Siliwangi dhawuh marang putranipun ing wanci?
A. Ratri
B. Surup
C. Siyang
D. Enjing
