wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Quiz Cerkak

Total questions: 45

Worksheet time: 35mins

Name
Class
Date
1.

Salah sawijine bab kang kudu digatekne sajrone cerkak yaiku tema. Tema uga diarani ....

a)

Plot

b)

Topik

c)

Alur

d)

Sudut pandang

2.

Urutane kedadeyan sajrone cerkak yaiku …

a)

Alur

b)

Tema

c)

Sudut pandang

d)

Gaya bahasa

3.

Ing ngisor iki kang ora kalebu unsur instrinsik yaiku ...

a)

Tema

b)

Alur

c)

Sudut pandang

d)

Rima

4.

Titikane cerkak yaiku …

a)

Critane cekak, ukarane ringkes lan padhet, nanging basane angel dingerteni

b)

Critane dawa, isine padhet, ukurane ringkes, basane gampang dingerteni

c)

Critane cekak, nduweni sipat rekaan/fiktif, umume gegayutan karo lelakone menungsa, basane landhep,sugesti lan narik kawigaten.

d)

Critane dawa, isine ora padhet, basane gampang dingerteni

5.

Gagasan utawa pesen kang pengin dituturake dening pangripta sajrone cerkak yaiku ...

a)

Amanat

b)

Alur

c)

Tema

d)

Paraga

6.

Simaken cerkak ing ngisor iki kanthi bener, kanggo mangsuli pitakonan No.6-9. Undheraning (tema) cerkak yaiku...

a)

Sosial

b)

Budi Pekerti

c)

Politik

d)

Lingkungan

7.

Sapa paraga utama ing cerkak kuwi?

a)

Soenardi

b)

Pardi

c)

Simak

d)

Giyanto

8.

Cerkak kasebut nggunake alur apa ….

a)

Alur maju

b)

Alur mundur

c)

Alur campuran

d)

Alur mandeg

9.

Apa amanat kang isa di pundhut saking cerkak kasebut ….

a)

Kudu ngati - ngati jaga perasaane wong tua.

b)

Sapa temen bakal tinemu

c)

Jer Basuki mawa bea

d)

Sakdurunge budhal sekolah kudu sarapan.

10.

Tegese ukara "Sapa temen bakal tinemu", yaiku …..

a)

Sapa sing gelem usaha bakal sugeh uripe.

b)

Sapa sing ora gelem usaha bakal kelakon apa sing dikarepake.

c)

Sapa sing gelem usaha temenan bakal ketekan apa sing dikarepake.

d)

Sapa sing gelem usaha asal-asalan bakalan mulya uripe.

11.

Basa rinengga yaiku....

a)

Basa Jawa kang alus banget

b)

Basa Jawa kulonan

c)

Basa sing dipaesi utawa basa kang endah lan merbawani.

d)

Bahasa jawa kang nduweni teges akeh

12.

tembung kang karakit saka rong tembung sing tegese meh padha lan bisa nuwuhake makna kang luwih teges diarani...

a)

purwakanthi

b)

Saroja

c)

saloka

d)

entar

13.

Ukara ing ngisor iki kang kalebu basa rinengga yaiku...

a)

Sadar nek wis telat, ing dalan Budi mlayu- mlayu kaya kidang diuber singa.

b)

Pancen tenan nek bisa dadi patuladhan wong saben dinane tansah sinau.

c)

Nalika wis bali tekan omah aja lali gek ndang ngasuh.

d)

Kowe iki nek mangan kok kemlothek sajake kesusu tenan.

14.

ukara ing ngisor iki kang ngemot tembung entar yaiku...

a)

Srengengene katon abang mbranang.

b)

Bapak nek kerja nganti adus kringet.

c)

Saiki musim udan, kemanka dhalane lunyu tenan, mula sing ati-ati.

d)

Sapa sing salah kudu ngalah

15.

saka ukara ing ngisor iki kang klebu jinis purwakanthi guru swara yaiku...

a)

kinasihan kadya mimi lan mintuna

b)

Runtang-runtung rerentengan

c)

ngrukti bumi nastiti murih lestari

d)

ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa

16.

Batangane "ontong gedang". Cangkrimane, Pak Demang klambi abang ...

a)

Di sawang malah ilang

b)

Rupamu kaya kranjang

c)

Disuduk manthuk-manthuk

d)

Penggaweane saba blumbang

17.

Witing tresna, tresnane mung sawetara

nandhang lara, larane ngapusan tresna.

Unen-unen ing ndhuwur kalebu purwakanthi guru...

a)

Gatra

b)

Basa

c)

wilangan

d)

swara

18.

Ojo mbok elem nemen-nemen bocah kui mundak gedhe endase. Gedhe endase tegese...

a)

Seneng njupuk barange liyan

b)

Dumeh/ sombong

c)

Muring-muring

d)

Seneng omong

19.

Bocah kuwi seneng ngabangake kuping. Ngabangake kuping tegese...

a)

Kupinge kabangen

b)

Nggawe nesu

c)

Kupinge getihen

d)

Kupinge dadi abang

20.

Ukara ing ngisor iki sing ngandhut tembung entar yaiku...

a)

Amar disenengi kanca-kancane amarga seneng guyon

b)

Jahal ora disenengi kancane amarga dawa tangane.

c)

Mas Bagas awake gagah prakosa

d)

Yen munggah gunung nggaweo kupluk ben ora kademen.

21.

Tuladhane tembung saroja yaiku...

a)

colong jupuk, tipis lambene

b)

gagah prakosa, gedhe endhase

c)

abang mbranang, ayem tentrem

d)

Dhuwure kaya otak-otak mega

22.

Ana dina, ana upa

Ana awan, ana pangan

Unen-unen ing ndhuwur kalebu purwakanthi guru....

a)

Lumaksita

b)

Lagu

c)

Sastra

d)

Swara

23.

Ukara ing ngisor iki sing ngandhut tembung entar yaiku...

a)

Amar disenengi kanca-kancane amarga seneng guyon

b)

Petruk ora disenengi kanca-kancane amarga dawa tangane

c)

Bela kui bocah sing sregep sinau mula iku deweke saiki dadi wong sukses.

d)

Jena katon sumyah gumbira amarga besok di ajak jalan-jalan ing Jogja.

24.

Apa tegese ancik-ancik ing pucuking eri…

a)

Wong kang kurang ati-ati

b)

Wong kang sumyah gumbira

c)

Wong kang uripe tansah nandang kuatir

d)

wong kang angel kandanane

25.

Njagakake endhoge blorok tegese …..

a)

Melu-melu ora ngerti tujuane

b)

ngarep-ngarep sesuatu sing during pasti

c)

wong kang asor banget

d)

wong sing ora becik

26.

Kuthuk marani sundhuk, tegese ….

a)

Wong kang sengaja marani bebayan

b)

wong kang kakehan dosa

c)

wong kang medeni

d)

wong kang ora ati-ati

27.

Abang-abang lambe kalebu tuladhane....

a)

Parikan

b)

Paribasan

c)

Entar

d)

Saroja

28.

Tembung saroja nduweni fungsi kanggo...

a)

badhekan

b)

basa kang isine sarkasme

c)

lawakan

d)

njelaske kang apik tapi dibangetke

29.

Pengarang migunaake tembung sesulih "Aku' nalika nulis cerkak, berati cerkak kasebut duweni sudut pandang ....

a)

orang pertama

b)

orang kedua

c)

orang ketiga

d)

orang keempat

30.

Ing pinggire sawah desa, Yanto lungguh anteng. Dheweke meneng anteng nyawang manuk podhang kang menclok ing dhuwure wit pelem. Swasana sayah petheng...

Punggelan wacan ing dhuwur kang dibahas babagan ...

a)

Sudut Pandang

b)

Latar

c)

Wektu sore

d)

Tema

31.

Saka kedadeyan iku, Ratih sadar yen saktemene apa kang wis dilakoni dening rama lan biyunge kanggo panguripe. Ora ana kekarepan liyan. Mung siji, sakabehane kanggo kabecikane Ratih. Kang bisa dijupuk saka punggelan ing dhuwur, yaiku ...

a)

Pambuka

b)

Panguripan

c)

Pasulayan

d)

Amanat

32.

Saben dina Jumat Pak Karman mbagi sega bungkusan gratis kanggo jamaah sholat Jumat kang mulih saka jumatan. Pak Karman, sejatine dodolan sega bungkusan ing sebrange mesjid. Batine ora akeh. Nanging piyambakipun seneng bagi-bagi sega bungkusan senajan iku dagangan kang bakal didol gawe panguripan sabendinane.

Wewatekan saka Pak Karman, yaiku ...

a)

Seneng tinular

b)

Wicaksana

c)

Loman

d)

Andhap Asor

33.

Tuladha panulisan irah-irahan kang trep kanggo kahanan Pemanasan Global, yaiku ...

a)

Pemanasan global nggawe ati bungah

b)

Penghijauan bumi nyegah pemanasan global

c)

Sampah sing di buang sembarangan nggawe pemandangan katon indah.

d)

Pemanasan global iku ora perlu di cegah.

34.

Sumilir angin wengi iki, nambahi rasa adem ning ati.
Swasana kang dialami dening paraga saka punggelan cerkak ing dhuwur, yaiku ...

a)

bungah

b)

susah

c)

kuciwa

d)

marah

35.

Panjenengan rawuha sesok, aku nanggap wayang.

Ukara kuwi gunakake basa ….

a)

Ngoko lugu

b)

Krama lugu

c)

Ngoko alus

d)

Krama alus

36.

Pak guru punapa badhe kondur?
Ukara kuwi migunakake basa …

a)

Ngoko lugu

b)

Krama lugu

c)

Ngoko alus

d)

Krama alus

37.

Panganggone ngoko lugu yaiku …..

a)

Garwane priyayi marang sing kakung

b)

Batur marang bendarane

c)

Kanca kang lagi tetepungan

d)

Yen lagi ngunandika

38.

Wawancara sing katindakake marang responden adhedhasar pitakon kang winates wangsulane, diarani wawancara …..

a)

Bebas/mardika

b)

Individual/mandiri

c)

Terpimpin/kapimpin

d)

Tertutup/tinutup

39.

Tembung kepriye gunane kanggo …..

a)

nakokake barang

b)

nakokake cara

c)

Nakokake wong

d)

wayah lan wektu

40.

Gatekna pranyatan-pranyatan ing ngisor iki!

(1)       Nemtokake tema wawancara.

(2)       Golek lan nemtokake narasumber

(3)       Nganggo basa kang sopan lan miturut unggah-ungguh basa.

(4)       Pandelenge tumuju marang narasumber
Bab-bab kang disiapake nalika wawancara katunjokake nomer ….

a)

(1) lan (2)

b)

(3) lan (4)

c)

(2) lan (4)

d)

(1) lan (4)

41.

Tulisen kang klebu unsur-unsur intrinsik cerkak!

4 lines
42.

Jlentrehna pangertene watak!

4 lines
43.

Apa ancase digunakake basa rinengga?

4 lines
44.

Jlentrehna apa kang kasebut saloka!

4 lines
45.

Sebutna tata kramane nalika nindakake wawancara!

4 lines