NEW
Font size
S
M
L
XL
WorksheetsPAS BAHASA JAWA KELAS 8 2020
Total questions: 40
Worksheet time: 13mins
Name
Class
Date
1.
Rika matur dhateng bapak lan ibunipun ngagem ragam basa menapa?
a)
basa ngoko lugu
b)
basa krama lugu
c)
basa ngoko alus
d)
basa krama alus
2.
Pak, kula ……sekolah, menawi bapak ………. kantor pukul pinten?
a)
mangkat, mlampah
b)
mlampah, tindak
c)
tindak, mlampah
d)
tindak, tindak
3.
Menapa leres menawi Bapak kala wau ……..Kula?
a)
ngaturi
b)
nyeluke
c)
nggoleki
d)
nimbali
4.
Kadospundi aturipun Rika nalika nyuwun idin badhe nyipeng wonten dalemipun simbah?
a)
Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah?
b)
Bu, menapa pikantuk menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah?
c)
Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten griyanipun simbah?
d)
Bu, menapa angsal menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah?
5.
Nalika matur ing rapat Rt, kadospundi caranipun nyuwun kawigatosan?
a)
Kepareng nyela atur dhumateng bapak -bapak ingkang nembe wawan pangandikan.
b)
Kepareng nyela pangandikan dhateng para bapak-bapak dedaya.
c)
Kula suwun bapak-bapak mendel rumiyin, kula badhe matur!
d)
Kula suwun panjenengan sedaya mirengaken atur kula menika.
6.
Pratelan ing ngandhap menika tata kramanipun mertamu, kejawi :
a)
ndhodhok pintu paling kathah kaping tiga
b)
ngaturaken salam utawi kula nuwun
c)
sampun dipunmanggakaken lajeng mlebet
d)
kanthi sasekecanipun
7.
Nuwun sewu, Pak. Bu Pratiwi menapa sampun ……. ?
a)
datheng
b)
rawuh
c)
dugi
d)
wonten
8.
Bu, menawi kepareng kula badhe ……pirsa!
a)
nyuwun
b)
mundhut
c)
tanglet
d)
njaluk
9.
Kula sowan mriki … Bapak, kapurih mamitaken menawi Bapak boten saged ndherek rapat Rt.
a)
diutus
b)
didhawuhi
c)
dipun kengken
d)
dipun utus
10.
Unggah-ungguh basa ingkang wujud tembung-tembung krama kacampuran basa krama Inggil kangge ngurmati.
a)
ngoko lugu
b)
ngoko alus
c)
krama lugu
d)
krama alus
11.
Pratelan ngandhap menika ngangge basa ngoko alus, kejawi :
a)
Srawunge wong dewasa kang wis kulina.
b)
Wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur pangkate.
c)
Priyayi kakung marang garwane.
d)
Bocah cilik karo bocah cili sing wis akrab.
12.
Aturipun Sita ing ngandhap menika pundi ingkang leres?
a)
Bu, wulan Desember tahun iki sekolahan arep nganake piknik, apa aku oleh melu piknik?
b)
Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan badhe ngawontenaken piknik dhateng Bali, menapa kula kepareng ndherek?
c)
Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan nganake piknik, kula ndherek oleh ora?
d)
Bu,aku melu piknik menyang Malang oleh apa ora?
13.
Saben tanggal 21 April siswa TK ngantos SMA sami ngangge busana adat Jawa. Rini, adhine Sita ngangge klambi mbayak. Kadospundi Sita ngalem rayinipun?
a)
Wah, adhiku wedok moblong-moblong!
b)
Dhik Rini ayu banget, kaya Kartini tenan!
c)
Dhik Rini ! Ayu sanget, rupinipun kados Dewi Kartini saestu.
d)
Dhik Rini ra wangun nyandhang kaya ngana!
14.
Kanca-kanca aku ….. kawigatenmu sedhela, aku arep …… wara-wara.
a)
nyuwun, paring
b)
njaluk, paring
c)
njaluk, caos
d)
njalok, aweh
15.
isi gambar
a)
Pak! Para wiranem ing Rt 1 badhe ngawontenaken gladhi sesorah, menawi dipunparengaken Bapak, papanipun ing bale RT.
b)
Pak, kula ajeng nganake latihan sesorah, nek nyilih bale Rt entuk ora?
c)
Pak, menawi angsal kula ajeng nyilih bale Rt ngge gladhen sesorah.
d)
Pap Rt, menapa angsal menawi bale Rtne dingge gladhen sesorah?
16.
Apa ancase nyemak pawarta?
a)
kanggo golek informasi
b)
kanggo golek hiburan
c)
kanggo njembarake wawasan
d)
kanggo ngisi wektu
17.
Ngisor iki titikane pawarta, kejaba …….
a)
faktual
b)
aktual
c)
wigati
d)
fiktif
18.
Pawarta kang becik ngemot wangsulan saka pitakonan:
a)
sapa, apa, ing ngendi, kapan, kenapa, kepriye
b)
sapa, ing ngendi, kapan, kepriye
c)
sapa, ing ngendi, kenapa kepriye
d)
sapa, ing ngendi, kapan lan kepriye
19.
Pratelan ing ngandhap menika cara nyemak pawarta, kejawi :
a)
Nyemak pawarta saka wiwitan nganti rampung.
b)
Dicathet gagasan-gagasan pokok saben paragrap.
c)
Dicathet fakta-fakta utawa data kang awujud angka.
d)
Nyemak pawarta sinambi olah-olah
20.
Tanggapan yaiku …..
a)
pawarta kang ngemot informasi-informasi kang nyata.
b)
palaporan saka sawijining kadadean kang mentas kelakon.
c)
nelakake panemu gegayutan karo pawarta kang dirungokake utawa diwaca
d)
ngrungokake pawarta saka kalawarti, radio, tv utawa adu arep
21.
Ing ngandhap menika bakuning isi carita ingkang kedah dipunmangertosi supados saged asung tanggapan dhateng satunggaling pawarta, kejawi ….
a)
Arane kedadean, Pawongan utawa paraga, Wektu dumadine kadadean, Papan dumadine kadadea, Apa kang njalari kadadean, Kepriye urut-urutan kadadean
b)
Arane kedadean, Pawongan utawa paraga, Wektu dumadine kadadean, Papan dumadine kadadea, Apa kang njalari kadadean
c)
Pawongan utawa paraga, Wektu dumadine kadadean, Papan dumadine kadadea, Apa kang njalari kadadean, Urut-urutan kadadean
d)
Arane kedadean, Pawongan utawa paraga, Wektu dumadine kadadean, Papan dumadine kadadea, Urut-urutan kadadean
22.
Manut isi, tanggapan saged wujud pratelan kados ing ngandhap menika kejawi …
a)
pratelan sarujuk
b)
asung pamrayoga
c)
pratelan oa sarujuk.
d)
ngremehaken
23.
Tanggapan menika nggadhahi piguna kangge menapa?
a)
kangge njkentrehake pamanggih ngengi isi pawarta
b)
kangge nelakaken gagasan pribadi
c)
kangge nelakaken rasa pangrasa
d)
kangge ngesokaken raos mangkel utawi gething kaliyan tiyang sanes
24.
Ngandharaken tanggapan kedah sinartan …..
a)
bukti
b)
pawadan/alesan
c)
tuladha
d)
pethikan
25.
Senajan boten sarujuk ananging sampun ngantos ……
a)
nyalahaken pamanggihipun piyambak
b)
asung tanggapan ingkang obyektif
c)
gadhah panganggep menawi pamanggihipun piyambak ingkang langkung leres
d)
asung tanggapan kanthi sae
26.
Pratelan ing ngandhap menika pundi ingkang basanipun alus lan sopan?
a)
Kula sarujuk sanget, menawi pamarentah boten estu ngindhakaken regi BBM, jalaran indhaking BBM badhe damel sengsaranipun kawula alit
b)
Kula sarujuk sanget, menawi pamarentah boten estu ngindhakaken regi BBM, amargi indhaking regi BBM njalari ngrekaosipun kawula ingkang mlarat.
c)
Kula boten sarujuk menawi regi BBM mindhak. regi BBm mindhak rakyat saya mlarat.
d)
Regi BBM mindhak mracihnani menawi pamarentah boten becus damel mulyaning kawula.
27.
Teks pawarta dumadi saka apa wae?
a)
Irah-irahan, teras pawarta lan isi pawarta
b)
Irah-irahan, pambuka pawarta lan isi pawarta
c)
Irah-irahan, teras pawarta lan isi pawarta, panutup
d)
Irah-irahan, isi pawarta, andharan pawarta, panutup
28.
Irah-irahan pawarta kang becik kaya kang kaandharake ngisor iki, kajaba …
a)
kudu ringkes, antarane 3-5 tembung
b)
nelakake isi pawarta
c)
Lumrahe katulis mawa ukara tanduk kanthi pola Jejer + Wasesa + Lesan
d)
Ukarane dawa nelakake isi pawarta
29.
Tuladha irah-irahan pawarta ngisor iki endi kang bener?
a)
Begal Montor Numpak RX King Merjaya Korbane ing Dalan Samas
b)
Presiden Ngresmekake Kreteg Suramadu
c)
Bayi Umur Patang Sasi Kecemplung ing Sendhang Tengah Sawah
d)
Presiden Ngadani Upacara Mengeti Dina Kamardikan RI ing Alun-alun Lor
30.
Cara nulis teras pawarta :
a)
kanthi nyusun 5W+1H. Unsur kapan lan ing ngendi (when kan where) ing ukara wiwitan.Unsur sapa lan apa (who lan what) ing ukara pungkasan.
b)
kanthi nyusun 5W+1H. Unsur sapa lan apa (who lan what) ing ukara wiwitan. Unsur kapan lan ing ngendi (when kan where) minangka isi pawarta.
c)
kanthi nyusun 5W+1H. Unsur sapa lan apa (who lan what) ing ukara wiwitan. Unsur kapan lan ing ngendi (when kan where) ing ukara pungkasan.
d)
kanthi nyusun 5W+1H. Unsur sapa lan apa (who lan what) ing isi pawarta. Unsur kapan lan ing ngendi (when kan where) minangka teras pawarta.
31.
Isi Pawartanjlentrehake wangsulan saka pitakonan…..
a)
kapan lan ing ngendi (when kan where)
b)
sapa lan apa (who lan what)
c)
sapa lan kapan (who lan when)
d)
apa jalarane lan kepriye kadadeane (why lan How).
32.
Titikane Pawarta, yaiku….
a)
anyar, nyata, wigati, karangan
b)
anyar, nyata, wigati, narik kawigaten
c)
anyar, nyata, narik kawigaten, karangan
d)
anyar, nyata, wigati, karangan
33.
Pawarta dipunanggep wigati, menawi …
a)
Paraga ing pawarta kathah lan kadadosanipun ngegirisi.
b)
Isi pawarta sae lan saged kangge tuladha kangge para wiranem.
c)
Paraga ing pawarta mujudaken paraga ingkang penting, saged punggawa pamarentahan artis, atlet utawa tokoh agama.
d)
Paraga ing pawarta pinter lan kondhang.
34.
isi gambar
a)
novel
b)
dongeng
c)
cerkak
d)
babad
35.
Kang kacetha ing ngandhap menika kalebet unsur intrinsik cerkak, kejawi …
a)
tema
b)
paraga
c)
agama
d)
piweling
36.
Prekawis ingkang dados landhesaning crita …
a)
peweling
b)
tema
c)
setting
d)
alur
37.
Piweling, inggih menika ………
a)
Pamawas nelakake ing ngendi pangripta mapanake dhiri pribadi ing cerkak.
b)
Lakuning crita kang sambung sinambung ndhapuk crita kang wutuh.
c)
Pesen pangripta kanggo para pamaos kang awujud pitutur.
d)
Panggonan, wektu, lingkungan sosial, lan swasana kang dadi landhesa kadadean ing crita.
38.
Paraga ingkang nggadhahi watak sae menika ….
a)
paragatama
b)
paraga protagonist
c)
paraga antagonis
d)
paraga tritagonis
39.
Paraga ingkang dipuncariyosaken/ dados undheraning carita ing cerkak
a)
paragatama
b)
paraga antagonis
c)
paraga protagonis
d)
paraga tritagonis
40.
Maca cerkak aja mung ngapalake ukara-ukarane, sing wigati kudu …
a)
ngerti teges lan maksud ukarane
b)
ngerti apa kang dikarepake pamireng
c)
apal tetembungane
d)
apal arane para paraga ing cerkak
Reset
