wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa 6

Total questions: 25

Worksheet time: 19mins

Name
Class
Date
1.

Sinopsis tegese yaiku....

a)

Ngringkes

b)

Nembung

c)

Karangan

d)

Crita

2.

Kang ora kelebu jinise paribasan, yaiku....

a)

Adigang, adigung, adiguna

b)

Anak polah bapa kepradah

c)

Becik ketitik ala ketara

d)

Kegedhen empyak kurang cagak

3.

Kang kalebu jinise bebasan ing ngisor iki, kajaba ....

a)

Nulung malah menthung

b)

Nabok nyilih tangan

c)

Esuk dele sore tempe

d)

Diwenehi ati ngrogoh rempela

4.

Crita kang bener bener dilakoni dening pawongan diarani....

a)

Crita rakyat

b)

Crita bersambung

c)

Crita pengalaman

d)

Crita cekak

5.

Pretelan sing bener yaiku....

a)

Ora duwe pengalaman bisa pinter dhewe

b)

Sugih pengalaman ora rugi uripe

c)

Akeh pengalaman sithik ilmune

d)

Pengalaman becik mesthi gampang

6.

Nyritakake pengalamane dhewe marang kanca bisa kanggo....

a)

Ngenthengake pikirane dhewe

b)

Nambahi ajining dhiri

c)

Ngeboti pikirane kanca

d)

Nambah rekasane liyan

7.

Tembung ing ngisor iki sing kelebu tembung rura basa, yaiku....

a)

Aloh jinawi

b)

Mudha taruna

c)

Lila legawa

d)

Nunggu manuk

8.

Tembung ngisor iki sing ora kelebu jinising tembung garba, yaiku....

a)

Narendra

b)

Prapteng

c)

Lega lila

d)

Jalwestri

9.

Akeh prajurit sing padha nemoni pralaya ana ing madyaning peperangan. Tembung PRALAYA tegese....

a)

Tetatu

b)

Cilaka

c)

Kebegjan

d)

Mati

10.

Bakul sandhangan iku yen .... menyang pasar slompretan.

a)

Kulakan

b)

Dikulak

c)

Kulak-kulak

d)

Ngulak

11.

Tandurane pari katon ....endah disawang.

a)

Ijo gumandung

b)

Ijo jumerut

c)

Ijo royo-royo

d)

Ijo pupus

12.

Latare ..... sawise disaponi anakku.

a)

Ijo maya-maya

b)

Resik gumrining

c)

Padhang ndhrandhang

d)

Jembar ngilak-ilak

13.

Tegese kriwikan dadi grojogan, yaiku....

a)

Wong tuwa njaluk wuruk qong enom

b)

Murungake janji sing wis diucapake

c)

Prakara kang maune cilik dadi gedhe

d)

Wong kang ora tetep atine (mencla- mencle)

14.

Ibu nembe.... amargi sayah.

Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg- ceceg, yaiku....

a)

Sare

b)

Ngunjuk

c)

Dhahar

d)

Siram

15.

Sakdurunge nulis crita luwih dhisik nemtokake ....

a)

Topik

b)

Cengkorokan

c)

Orek-orekan

d)

Ringkesan

16.

Rukun agawe santosa, crah agawe ....


Paribasan ing dhuwur iku terusane sing bener yaiku...

a)

Lumrah

b)

Bungah

c)

Susah

d)

Bubrah

17.

Layang wis .... marang Pak Lurah.


Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg ing dhuwur, yaiku....

a)

Dilungakake

b)

Dicaosake

c)

Diwenehake

d)

Dipasrahake

18.

Panjenengan arep tindak menyang Semarang dina apa?


Ukara kasebut jinise basa ....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

19.

Omahmu ana ing ngendi?


Ukara ong dhuwur menawa didadekake basa krama inggi dadi....

a)

Dalemipun sampeyan wonten pundi?

b)

Griya panjenengan ana pundi?

c)

Dalemipun panjenengan wonten pundi?

d)

Griya sampeyan neng ngendi ?

20.

Manfaat kang bisa kojupuk saka ngrungokake crita pengalaman, yaiku....

a)

Ora nambahi prigel

b)

Entuk pengalaman kang nengsemake

c)

Ora nambahi wawasan

d)

Ora nambahi pinter

21.

Jalu+ estri


tembung garbane dadi....

a)

Jalustri

b)

Estrijalu

c)

Jalwestri

d)

Jalmaastri

22.

Teks dheskripsi kang nggambarake objek kang dikantheni karo opini saka penulis, yaiku....

a)

Objektif

b)

Subjektif

c)

Spasial

d)

Sudhut pandhang

23.

Pengalaman kang nyenengake iku bisa dicritakake marang....

a)

Sapa wae

b)

Awake dhewe

c)

Sedulure dhewe

d)

Kulawargane dhewe

24.

Tembung loro utawa luwih sing dienggo bareng kanthi nyuda wandane diarani tembung....

a)

Rura basa

b)

Lingga

c)

Entar

d)

Garba

25.

Kowe lagi nandur apa ?


Ukara ing dhuwur menawa didadekake basa krama inggile dadi....

a)

Penjenengan lagi nanem menapa ?

b)

Sampeyan nembe nandur apa ?

c)

Sampeyan nembe nanem apa?

d)

Panjenengan nembe nanem menapa ?