WorksheetsPAT B. Jawa kelas 6 senin
Total questions: 30
Worksheet time: 3hrs 30mins
Gathekna pacelathon ing ngisor iki !
Jono karo Hanif sowan daleme Eyang Syukri, saka ngarep omah rengeng-rengeng keprungu swara wong isih nembang......Bapak pucung, tanpa untu darbe siyung
Badan ira panjang
Tutuk ira pan persegi
Dina-dina pucung nguntal buntut ira
Jono : “Assalamu’alaikum..”
Mbah Syukri : “Wa’alaikumussalam....eh Jono, rene jon.... karo sapa kuwi?”
Jono : “Hanif eyang... badhe nyuwun dipunwuruki cangkriman, Eyang pinter nembang. swantenipun skeca dipun mirengake.”
Mbah Syukri: “Halah jon..jon, pinter ae awakmu ngepek atine eyang. Yo ngono kuwi, dadi bocah Enom kudu gelem sinau lan iso nguri-uri kabudayaane bangsane dhewe. Supaya bangsa Indonesia mbesuke ora kelangan jati dhiri, ora kelangan budaya kang nyata adiluhung. Wong Jawa iku sugih banget unen-unen kayata ; cangkriman, pepindhan, Tuladhae cangkriman yo tembang sing kok rungakake mau. Ngerti ora batangane..?”
Hanif : “Batangan niku napa Yang?”
Eyang Syukri : “Batangan iku maksud utawa karepe cangkriman. Iki buku sing isine kumpulan cangkriman wacanen dhisik!.”
Jono + Hanif : “Inggih Eyang Syukri....matur nuwun.”
Wong Jawa sugih banget unen-unen, salah sijine yaiku cangkriman. Cangkriman yaiku … .
Unen-unen sing wis dibedhek utawa dibatang maksude
Unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksude
Unen-unen sing ora kena dibedhek utawa dibatang maksude
Unen-unen sing angel dibedhek utawa dibatang maksude
Joko lan Hanif
nyuwun diajari cangkriman Mbah Syukri.
Cangkriman tegese padha karo… .
Plesetan
Cekakan
Bedhekan
Guyonan
Ukara ing ngisor iki kang kalebu tuladha cangkriman yaiku... .
Ana tulisan arab, macane saka ngendi ?
Bocah sing alise nanggal sepisan iku, jenenge sapa?
Sapa sing tiba saka pit, nganti babak bundhas iku ?
Bocah sing landhep pikire iku jenenge Santi
Bapak pucung,
tanpa untu darbe siyung
Badan ira panjang
Tutuk ira pan persegi
Dina-dina pucung nguntal buntut ira
Cangkriman ing dhuwur batangane ... .
sabuk
sarung
salak
sapi
Cangkriman iku unen-unen kang kudu dibatang. Cangkriman ana sing awujud pepindhan.
Dikethok tambah dhuwur. Cangkriman ing sisih tengen iku duweni batangan... .
Celono
Andha
Kayu
Omah
Waspadakna ciri-ciri teks ing ngisor iki !
1). Paraga luwih saka siji
2). Ana tanda petik sapasang
3). Njelasake objek kanthi rinci
4). Nganggo ukara langsung
5). Migunakake basa krama inggil
6). Nyritakake kedadeyan kanthi urut lan rinci
Kang kalebu ciri-ciri teks dialog yaiku nomer…
1, 2, 3
1, 2, 4
2, 4, 6
3, 4 , 5
Tembang dolanan yaiku tembang sing ora kaiket guru gatra, guru lagu, guru wilangan lan isine kanggo dolanan bocah-bocah. Salah siji tuladhane tembang dolanan yaiku…
Pocung
jamuran
Dhandanggula
Asmaradhana
Ngomong ing sangarepe wong akehkanggo ngandharake gagasan utawa bab kanthi tujuan tartamtu diarani...
geguritan
pacelathon
pidhato
guneman
Nindakake pidhato iku ora angel, sanajan gampang kudu nggatekake pangucape tembung, intonasi lan pamilihan basa sing becik lan bener. Amarga pidhato iku ketrampilan migunakake...
Basa tulis
Basa lesan
Basa rinengga
Basa ngoko
Bagus diparingi tugas gawe teks pidhato, urut-urutan carane gawe teks pidhato sing ditindhakake Bagus yaiku…
Nemtokake tema, ngumpulake bahan, nyusun cengkorongan lan nemtokake tujuan
Nemtokake tema, nemtokake tujuan, nyusun cengkorongan lan ngumpulake bahan
Nemtokake tema, nemtokake tujuan, ngumpulake bahan lan nyusun cengkorongan
Nemtokake tema, nyusun cengkorongan, nemtokake tujuan lan ngumpulake bahan
Jaman saiki kabeh kebutuhane wong wis sarwa cumawis, kanthi cara gampang lan cepet bisa digayuh sing penting ana dhuwite, sakthek kliwer donya kaya-kaya dicekel tangan, amarga saenenge irung njungkir padha nyekel HP. Jaman kang kaya ngene iki diarani. ....
jaman nasionalisasi
jaman kulturisasi
jaman globalisasi
jaman internasionalisasi
Jupuk lan ngirim dhuwit ore usah antri ing ngarepe petugas bank, cukup nganggo kartu ATM, wis bisa nindakake jupuk lan ngirim dhuwit kanthi cepet. Kepanjangane ATM yaiku ....
Alat Tunai Mandiri
Anjungan Tunai Mandiri
Alat Tukar Menukar
Alat Tarik Mudah
Wingi bengi Dargo kecekel lan ditahan ning kantor polisi gara-gara njupuk HP-ne kancane tanpa taren. Pak Nasib bapake Dargo melu therak-therek ngurusi anake ning kantor polisi. Kaye ngene iki paribasane ...
Anak polah bapa obah
Anak polah bapa kepradhah
Polahe anak padha karo bapak
Anak anung anindhita
Buku Mahabharata iku nyritakake riwayate ....
Prabu Rama lan Shinta
Pandhawa lan Kurawa
Prabu Dasamuka lan Anoman
Prabu Dasamuka lan Prabu Rama
Tembung globalisasi iku asale saka tembung “globe” sing tegese …
Bal bunder
Dunyo
Mendunia
Di dunia
Ing ngisor iki sing kalebu dampak positife globalisasi yoiku …
Ilange budoyo asli
Majune teknologi
Komunikasi saya angel
Ilange pakulinan gotong royong
Cebloke menisor, seng digoleki mendhuwur. batangane yaiku …
Andha
Prahu bocor
Genteng bocor
Benik
Batangane “ontong gedhang”. Cangkrimane, pak demang klambi abang ....
disuduk manthuk-manthuk
disawang malah ilang
rupamu kaya kranjang
penggaweane saba blumbang
Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung,
Tangan papanira,
Nuduhake rina wengi,
Lamun mati bingung wektu sang bendara.
Badhekane yaiku ....
Tasbih
gelang jam
ali-ali
binggel
Pitik walik saba meja,
batangane ....
nanas
nangka
sulak
sapu
Manut wujude, cangkriman iku kaperang dadi ...
enem
lima
papat
telu
"Kebo picak" kalebu ...
cangkriman awujud pepindhan
cangkriman awujud blenderan
cangkriman sinawung ing tembang
cangkriman awujud wancahan
"Dikethok malah dhuwur", kalebu cangkriman ....
cangkriman awujud pepindhan
cangkriman awujud blenderan
cangkriman sinawung ing tembang
cangkriman awujud wancahan
Sing kalebu cangkriman plesetan yaiku ....
Bocor malah enak
Adoh-adoh diparani, bareng wis tekan dilewati
Segara beldhes
Sega sakepel dirubung tinggi
Pidhato kanthi cara maca teks/naskah diarani ....
Impromptu
Memoriter
Ekstemporan
Naskah
Dudutan, panyuwunan pangapura, lan salam panutup iku kalebu perangan ... pidhato.
Pembuka
Isi
Penutup
Dudutan
Muji syukur ing ngarsaning Allah kalebu perangan ... pidhato.
pambuka
isi
panutup
dudutan
Yen arep pidhato, becike gawe ....
cengkorongan
gagasan baku
naskah pidhato
struktur teks pidhato
Miturut swasanane, pidhato utawa sesorah kaperang dadi ....
Pidhato kenegaraan karo pidhato perpisahan.
Pidhato ing sekolahan karo pidhato ing manten
Pidhato pengetan Hardiknas karo pidhato presiden
Pidhato resmi karo pidhato ora resmi
Pidhato kanthi ngapalake naskah luwih dhisik diarani ...
impromptu
memoriter
ekstemporan
naskah
