wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Basa jawa

Total questions: 20

Worksheet time: 41mins

Name
Class
Date
1.

Bapak pucung pinggir pipi amecungul, gawene mung ngganda, yen tan seneng cengar cengir, sapa bisa ayo enggal dha mbatanga. Batangane cangkriman ing dhuwur yaiku . . .

a)

irung

b)

kuping

c)

mripat

d)

tangan

2.

Lamun sira anggeguru kaki, amiliha sujanma kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing kukum, kang ngibadah lan kang wirangi, syukur antuk wong tapa, Ingkang wus amungkul, tan mikir pawehing liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana. Tembang iki gatra kapindo ana . . . guru wilangan

a)

5

b)

8

c)

10

d)

12

3.

Bapak mangan jagung. Ukara iki nganggo sandhangan panyigeng apa ?

a)

layar

b)

pangkon

c)

cecak

d)

wigyan

4.

Anakku kang dak tresnani, wong tuwamu tansah memuji, nenuwun marang Sang Hyang Widhi, dadia manungsa kang migunani. Saka pethilan geguritan “panelangsa wong tuwa tembung migunani iku tegese . . . .

a)

berguna

b)

memuji

c)

bekerja

d)

berusaha

5.

Raden Gathutkaca iku Satriya ing . . . .

a)

madukara

b)

jodhipati

c)

pringgodani

d)

ngamarta

6.

Raden werkudara gamane yaiku . . . .

a)

gada rujak polo

b)

gada wesi kuning

c)

panah cundamanik

d)

keris pulanggeni

7.

Pasukan kuning padha sapu dalan supaya katon resik. Tembung sapu yen diwenehi ater-ater anuswara yaiku . . . .

a)

disapu

b)

disaponi

c)

daksapu

d)

nyapu

8.

Bagiyan layang sing nuduhake kapan layang iku dikirim diarani . . . .

a)

adangiyah

b)

titimangsa

c)

wasana bada

d)

surasa basa

9.

Tembang dhandhanggula, jurudemung, sinom lan durma. Sing kalebu tembang macapat yaiku . . . .

a)

dhandhanggula lan jurudemung

b)

durma lan jurudemung

c)

sinom lan dhandhanggula

d)

sinom lan jurudemung

10.

Yen mangan daging, sirahe si mbah terus krasa ngelu. yen dikramakna yaiku . . . .

a)

menawi dhahar daging mustakanipun lajeng kraos ngelu

b)

menawi mangan dagung sirahe terus kraos ngelu

c)

menawi dhahar daging sirahe krasa ngelu

d)

menawi mangan daging mustakanipun lajeng kraos ngelu

11.

Aku mau upama ora . . . guruku, paling dhuwite . . . Bapak maneh

a)

diceluk, dakcaosake

b)

diceluk, dakparingake

c)

ditimbali, dakparingake

d)

ditimbali, dakaturake

12.

Dhik Rini ndelikake bukune Ratna. Yen didadekake ukara tanggap . . .

a)

bukune Ratna ndelikake Dhik Rini

b)

bukune Ratna didhelikake dhik Rini

c)

dhik Rini ndelikake bukune Ratna

d)

bukune dhik Rini didhelikake Ratna

13.

Turune ing endhas, mangane ing endhas, bebuwang uga ing endhas. Batangane cangkriman iki yaiku . . . .

a)

tuma

b)

semut

c)

kecowak

d)

cecak

14.

Sing kalebu ukara tanggap yaiku . . . .

a)

adhik ngringkesi dolanane

b)

jajanku dijaluk Santi

c)

santi ngulihake buku

d)

kucingku nyolong pindhang

15.

Adangiyah ing sajroning layang pribadi yaiku . . .

a)

tanggal layang

b)

pangarep-arep

c)

alamat layang

d)

salam pakurmat

16.

Langkung rumiyen, mangga kula lan panjenengan sedaya tansah muji syukur dhumateng . . . ingkang sampun paring nugraha kawilujengan dhumateng kula lan panjenengan sedaya. Pambuka pidato ing dhuwur yen dijangkepi nganggo ukara sing mathuk yaiku ….

a)

panjenengan sedaya ingkang sampun paring rahmat serta hidayahipun

b)

panjenengan saged kempal manunggal ing ngriki

c)

sedaya tamu sampun paring hidayahipun

d)

ngarsanipun Gusti Ingkang Maha agung

17.

Ana apa ta sakjane, kowe kawit mau kok . . . (toleh) ing kono?

a)

tolah-toleh

b)

tetoleh

c)

toleleh

d)

toleh - toleh

18.

Yen ditimbali wong tua kuwi kudu (saur). Tembung saur yen diseseli –um yaiku . . .

a)

saurum

b)

disaur

c)

sumaur

d)

umsaur

19.

Pakdhe kalawingi nyare wonten ngandape wit pelem. Tembung nyare ngokone . . .

a)

mangan

b)

maca

c)

ngombe

d)

turu

20.

Sayure tutupen . . . ora dirubung laler

a)

supaya

b)

amarga

c)

dene

d)

jalaran