NEW
Font size
WorksheetsPemantapan Materi Bahasa Jawa
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
bandha lan abyoring sesotya busana njaba
sing endahe mung kadulu netra
Tembung netra ing geguritan dhuwur ngemu teges ….
mripat
kuping
irung
sirah
Wacanen kanthi tliti!
Bapak mundhut sepedha montor enggal. Anggenipun ngreyen sampun angsal 500 km. Miturut buku paugeran servis, kedah servis sepisan. Pramila lajeng dipunasta
dhateng bengkel. Wonten ing bekel, lampu, rante, reting, busi, lan mesinipun
dipuntiti, bokmenawi wonten ingkang kedah dipunsetel.
Sepedha montore bapak kudu digawa menyang service, ….
Amarga mari tiba lan lampune mati
Amarga rusak lan rantene pedhot
Amarga anggone ngreyen wis oleh 500 km
Amarga arep digawe mlaku adoh.
Wacanen kanthi tliti!
Tenagane isih enom kabeh, dhasar lulusan saka STM
Mesin. Mula ora mokal yen oleh ketrampilan ing babagan mesin.Tandange cepet cekat-ceket, lan alus garapane. Ora nggumunake menawawong kang nyervisake ing bengkel iku akeh, nganti padha antri.
Ukara sing katulis kandel ing wacan kasebut menawa diowahi dadi basa krama alus dadi ….
Tenagane sampun enom sedaya
Tenaganipun isih enom sedaya
Tenaganipun taksih timur sedaya.
Tenaganipun taksih timur sedayanipun.
Wacanen kanthi patitis!
Jago Abang
Pas aku siap-siap arep budhal menyang sekolah, ndilalah ana pawarta ing televisi mawartakake babagan kobongan. Prastawa iku kedadeyan ing salah sawijining panggonan cedhak karo sekolahanku. Kedadeyan iku watara jam 2 esuk. Aku banjur kaget, eling karo kancaku sakelas sing manggon ana omah sing cedhak karo panggonan kobongan mau. Sajroning batin aku ndonga muga-muga kancaku ora apa-apa.
Crita ing dhuwur kagolong jenise cerita ….
narasi
persuasi
deskripsi
argumentasi
Ukara “Padhang mbulan padhange kaya rina” ing tembang ngemu karep padhang kaya ….
sinare srengenge
wayah awan
sinare lampu
wayah tengah wengi
Pak Slamet tansah takon anake bab carane migunakake komputer.
Ukara ing dhuwur paribasane ....
Kebo nusu gudel
Kebo kabotan sungu
Bathok bolu isi madu
Kere munggah mbale
Biyen uripe tansah rekasa nanging saiki katon ....
salang tunjang
ajur mumur
sugih brewu
padhang sumilak
Bocah kuwi ... mulane disenengi kancane.
Paribasan kang mathuk kanggo ngisi cecek-cecek ing dhuwur yaiku ...
Kakehan gludhug kurang udan
Durung pecus keselak besus
Sepi ing pamrih rame ing gawe
Gupak pulut ora melu mangan nangkane
Ancik-ancik pucuking eri. Bebasan iku tegese ....
Urip tansah kuwatir
Ora bisa nyimpen wadi
Ora teteg atine, gampang molah malih
Kakehan omong nanging ora ana nyatane
Lawa lima kalong telu dadi pira? Batangane cangkriman iku ....
3
2
8
5
Tamune ... mulane majane kosong.
Ukara ing dhuwur isine kang mathuk yaiku ....
Bocor malah kebak
Disuguhi opak angin
Dikethok malah dhuwur
Sega sakepel dirubung tinggi
Nanas iku batangane cangkriman kang unine ....
Pitik walik saba meja
Kriwikan dadi grojogan
Pitik walik saba kebon
Kegedhen empyak kurang cagak
Jumat asri
Resik lan sehat
Cancut tali wanda
Nandur kabecikan
Tembung sing kacethak miring ing geguritan dhuwur iku tegese….
seneng banget
nyambut gawe
resik lan sehat
guyub rukun
Gatekna wacan ing ngisor iki!
Jaman saiki akeh wong tuwa padha bingung. Apa maneh yen nduwe anak wadon. Bingunge wong tuwa mau amarga ngawasi tingkah polahe pasrawungane arek nom-noman kang wis ora kena diatur. Akeh wong tuwa padha kuwatir marang anak-anake yen salah pasrawungane.
Paribasan kang cocok karo wacan ing dhuwur, yaiku ….
Kebo nusu gudel
Anak polah bapak kepradah
Asu arebut balung
Kriwikan dadi grojogan
Pak Guntur iku sugih pangapurane. Pak Guntur iku ….
kandel kupinge
abang kupinge
abang lambene
jembar segarane
Omongane ora kena dipercaya, esok dhele sore….
tahu
jagung
tempe
kacang
Wiwit esuk kok tukaran bae, kaya banyu karo lenga. Tegese bebasan iku….
Wong sing rukun banget
Wong sing bedhigasan
Wong sing senengane maido
Wong sing ora bisa rukun
Sega sakepel dirubung tinggi
Batangane parikan ing dhuwur yaiku . . . .
salak
nanas
andha
clana
Pitik walik saba saba meja batangane ….
salak
sulak
nanas
kotak
29. Cangkriman sing mathuk kanggo batangan “clana” yaiku . . . .
Pitik walik saba meja
Dikethok malah dhuwur
Emboke dielus-elus, anak diidak-idak
Sega sakepel dirubung tinggi
