NEW
Font size
WorksheetsBahasa Daerah
Total questions: 25
Worksheet time: 49mins
1. Geguritan !
Delengen ing bang wetan lan bang kulon
Sunare kemajuan katon makantar-kantar
Apa kowe isih panggah nggondheli kemul ?
Isih enak-enak turu ?
Senggar-senggur oran mikir ?
Kamangka ing kana wis bisa ngancik rembulan
Ing kana ngancik planet Mars
Apa kowe mung trima dhelog-dhelog
Ngenteni lugure endhog ?
. . . .
Apa piweling kang ana ing geguritan iku?
Supaya dolanan wae
Supaya eling marang Gusti Kang Maha Kuwasa
Supaya sregep nyambut gawe lan ora keri ing jaman
Supaya sregep tetulung marang wong liya
Ing sawijining dina Kancil mlaku-mlaku ing tengah alas. Ing kana ketemu Bantheng karo Baya kang lagi tukar-padudon. Awit Baya njaluk punuke Bantheng kang lemu lan gimbyur-gimbyur sawise Baya ditulungi Bantheng amarga ketiban wit sing gedhe banget. Mula banjur Bantheng jaluk keputusan marang Kancil. Ora kesuwen Kancil jaluk dibaleni mula bukane kedadiyan iku supaya ngerti kawitane. Bareng wis ngerti Baya ditibani wit maneh karo Bantheng , Kancil banjur ngajak Bantheng supaya ninggalake Baya kang lagi nggereng-nggereng sambat amarga ketiban wit mau.
. . . .
Saka wacan iku , Kancil duweni sifat sing . . . .
Sabar
Pilih kasih
Nrima
Adil
Miturut kabar ing TV saiki ing ngendi-endi tansah ana prahara banjir. Tembung “banjir” yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi . . . .
Perhatikan pernyataan di bawah ini!
1) Wong-wong sing ngungsi padha bali mulih menyang omahe maneh.
2) Bareng udane wis terang banyune surut
3) Senajan mangkono katone warga kampong ya ora kapok
4) Omah , tanduran lan liyan-liyane padha rusak
Supaya dadi pada kang runtut , urutan sing bener yaiku . . .
4 – 3 – 2 – 1
2 – 1 – 4 – 3
2 – 3 – 4 – 1
2 – 1 – 3 – 4
Cacahing gatra tembang Pocung iku ana . . . gatra
6
4
5
3
1) Mijil
2) Ilir-ilir
3) Pocung
4) Jamuran
Tembang-tembang ing dhuwur kang kalebu tembang Macapat , yaiku . . . .
1 , 2
1 , 4
3 , 4
1 , 3
Jerukku dipangan adik.
Tembung “dipangan” yen ditulis aksara Jawa sing bener . . . .
Ki Hajar Dewantara miyos ing Ngayogyakarta 2 Mei 1889. Nalika isih timur asmane Raden Mas Suwardi Suryaningrat.Ki Hajar Dewantara ngadegake pawiyatan kang aran Perguruan Taman Siswa ing Ngayogyakarta. Bebarengan karo Edward Douwes Dekker lan dr. Cipto Mangunkusumo ngedegake pakumpulan “Indische Partij” ing tanggal 25 Desember 1912.Amarga gedhe banget lelabuhane marang nagari Indonesia Ki Hajar Dewantara sinebut Bapak Pendidikan Nasional . . . .
Sapa asmane Ki Hajar Dewantara nalika isih timur ?
Edward Douwes Dekker
Raden Mas Suwardi Suryaningrat
Dr. Cipto Mangunkusumo
Mohammag Yamin
Aksara Jawa iki tulisan latine . . . .
Urip pralaya
Ana Prahara
Gagah Prakosa
Urip Prasaja
Alise nanggal sepisan. Dene idepe , sing becik cinandra . . . .
Nggendhewa pinenthang
Tumengeng tawang
Manjang Ilang
Nyikil Walang
. . . . kaya bisa mutung wesi gligen. Tembung pepindhan kang mathuk kanggo ceceg-ceceg ing dhuwur, yaiku . . . .
Swarane
Tandange
Sumbare
Polahe
“Dodol rujak cingur” , yen ditulis nganggo aksara Jawa sing bener . . . .
Indonesiaku
Telung atus seket warsa
Dijajah bangsa Walanda
Wargane urip lara lapa
Anak putu tansah kalunta-lunta
. . . .
Tembung “warsa” kang ana sajroning geguritan ing dhuwur, tegese . . . .
Dina
Taun
Wulan
Windu
(Wacan kanggo pitakon nomer 14 nganti 16 )
ANDHE – ANDHE LUMUT
Mbok Randha ing desa Dhadhapan duwe anak pupon nggantheng banget, jenenge Andhe-Andhe Lumut. Akeh wong sing kepingin ngepek mantu. Ananging Andhe-Andhe Lumut ora gelem.
Ora adoh saka desa kono uga ana randha kang aran Mbok Randha Karangwulusan.Duwe anak papat wadon kabeh. Sing telu anake dhewe lan sing siji anak pupon. Pambarepe jenenge Kleting Abang , sing nomer loro Kleting Wungu, lan anak sing nomer telu jenenge Kelting Biru. Dene sing nomer papat (anak pupon) jenenge Kleting Kuning.
Anake Mbok Randha Karangwulusan sing telu mau kabeh ora doyan gawe. Senenge mung macak lan brai , nganggo sandhangan kang apik tur regane larang. Kosok baline sing anak pupon aran Kleting Kuning mau disiya-siya dening Mbok Randha Karangwulusan sak anake.Uripe tansah rekasa katula-tula. Sandhangane rupane wis blawus.
Krungu kabare Andhe-Andhe Lumut, Mbok Randha Karangwulusan ngongkon anake papat mau nemoni Andhe-Andhe Lumut supaya ngepek bojo. Sanalika anak wadon papat mau budhal menyang omahe Mbok Randha Dhadhapan. Nalika arep nyabrang kali kang lagi banjir, bocah wadon telu mau disabrangake dening Yuyu Kangkang amarga gelem mbayar.
Bareng wis tekan omahe Mbok Randha Dhadhapan lamarane ditampik kabeh dening Andhe-Andhe Lumut. Bocah wadon telu mau bali mulih banjur tekan kali maneh. Dene Kleting Kuning ora disabrangake dening Yuyu Kangkang amarga diwagu ora bisa mbayar. Rumangsa wis kesel ngenteni, kali mau bnajur disabet nganggo cis dening Kleting Kuning. Sanalika banyu kali mau banjur asat. Kleting Kuning mlaku nyabrang kali sing wis asat mau. Tekan omahe Mbok Randha Dhadhapan lamarane ditampa dening Andhe-Andhe Lumut. Kleting Kuning banjur digrujug banyu dening Andhe-Andhe Lumut. Sanalika Kleting Kuning malih dadi Putri Dewi Candra Kirana lan Andhe-Andhe Lumut malih dadi Raden Putra. Dewi Candra Kirana lan Mbok Randha Dhadhapan diboyong menyang Kraton Jenggala. Dene Mbok Randha Karangwulusan lan anake telu kabeh dilebokake menyang pakunjaran Kraton Jenggala.
Lakon (tokoh utama) kang ana dongeng ing dhuwur yaiku. . . ..
Mbok Randha Dhadhapan
Kleting Wungu
Mbok Randha Karangwulusan
Andhe-Andhe Lumut
Watake Kleting Kuning ana ing dongeng ing dhuwur yaiku . . . .
Becik
Gampang nesu
Ala
Drengki lan srei
Piweling kang bisa kapethik saka dongeng (crita) Andhe-Andhe Lumut yaiku
Wong kang atine ala mesti uripe bakal mulya
Wong kang sabar narimo uripe mesti bakal mulya
Urip ing donya iku aja nganti becik marang sapadha-padha
Wong urip iku aja duwe rasa drengki srei
Pak Usman tansah nggatekake pakan lan kandhang pitike. Kandhange katon tansah resik, telek pitik dikumpulake kanggo rabuk tetanduran. Putrane Pak Usman loro, lanang wadon lan sregep-sregep. Saben dina ana bae pitike babon sing ngendhog. . . . .
Ukara kang mathuk kanggo njangkepi ceceg-ceceg ing dhuwur , yaiku . . . .
Endhog-endhog mau saben dina didadar kanggo lawuh mangan
Endhog-endhog mau diklumpukake banjur didol
Putrane Pak Usman sregep adol pitik
Pitike Pak Usman arep dibeleh kanggo kajat mantu putrane
Pakdhe : “ Kok kadingaren, arep ana perlu apa?”
Surti : “ Boten wonten perlu punapa-punapa , namung badhe sowan kemawon”.
Budhe : “ Lha kok kowe nakokake layang barang “.
Surti : “. . . . “.
Pakdhe: “ Mbok tilikana kothak pos ing ngarep omah kae !”
Ukara kang mathuk kanggo njangkepi pacelathone Surti ing dhuwur yaiku . . . .
Terose Ibu , sabakdanipun kesah mriki badhe kintun layang riyin
Ngendikanipun Ibu , saderengipun tindak mriki badhe kintunserat rumiyin
Aturipun Ibu , sabakdanipun kesah mriki badhe kintnun serat rumiyin
Kulo boten mangertos punapa-punapa, Budhe.
Fitri : “Saderengipun tepangaken , kula Fitri murid kelas 6 SD ngajeng punika.
Kula badhe pitaken kaliyan Ibu. Saged ta , Bu?”
PKL : “ Oh , bisa !”
Fitri : “ Milai kapan Ibu sadeyan dhateng mriki ?”
PKL : “ Kurang luwih wis limang taun”.
Fitri : “ . . . . “.
PKL : “ Sadurunge aku ora nyambut gawe apa-apa “.
Fitri : “ Punapa tetdhan ingkang Ibu sade punika damelan piyambak ?”
Ukara kang mathuk kanggo njangkepi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku . . . .
Pinten reginipun jajan punika ?
Sinten ingkang damel tetdhan ingkang panjenengan sade ?
Saderengipun , Ibu nyambut damel punapa ?
Cekap semanten rimuyin nggih , Bu. Matur sembah nuwun sanget.
“Bosok malah enak”. Cangkriman iku batangane . . . .
Tempe
Tape
Tahu
Sate
Salak iku batangane saka cangkriman . . . .
Sega sakepel dirubung tinggi
Pitik walik saba kebon
Bosok malah enak
Dikekthok malah dhuwur
1. ( Wacan kanggo pitakon nomer 22 lan 23 )
. . . .
Akeh omah sing ambruk , sawah sing rusak , rajakaya sarta sato-iwen kerut banyu, lan liya- liyane. Malah ana sekolahan sing kapeksa diliburake amarga gedhonge keleban. Pendhudhuk gedhe-cilik, nom-tuwa, polahe “kaya gabah den interi”, golek slamet dhewe-dhewe. Akeh-akehe padha ngungsi menyang panggonan-panggonan sing luwih dhuwur.
Wong-wong sing ora kena musibah padha cancut taliwanda, tumandang mbiyantu sedulur-sedulure sing lagi nandhang musibah. Gedhening kapitunan jalaran musibah mau ora sethithik, yen dikertaaji bisa nganti atusan yuta rupiah. Bantuan saka ngendi-endi padha teka prasasat “mbanyu mili”, utamane saka pamarentah. Iku kabeh kanggo ngenthengake kasangsarane rakyat kang lagi nandhang musibah.
Apa wosing wacana (tema) kang ana ing wacan dhuwur iku ?
Akeh omah sing ambruk, sawah sing rusak, rajakaya lan sato-iwen padha kerut banyu.
Gedhening kapitunan jalaran musibah banjir.
Pendhudhuk padha ngungsi menyang panggonan kang luwih dhuwur.
Sekolahan diliburake amarga gedhonge ketiban awu saka gunung sing njeblug
Kepriye kahanane pendhudhuk kang lagi nandhang musibah ing wacan dhuwur iku ?
Bantuan saka ngendi-endi prasasat mbanyu mili
Iku kabeh kanggo ngenthengake kasangsarane rakyat kang lagi nandhang musibah
Yen dikertaaji bisa nganti atusan yuta rupiah
Polahe kaya gabah den interi, padha golek slamet dhewe-dhewe.
(Kanggo pitakon nomer 24 lan 25)
. . . .
Kawulamu . . . .
Guyub rukun anambut kardi
Jroning swasana tentrem lan mardhika
Giliging tekad manunggal
Cumithak jroning ati
Bebarengan ambangun
Aku lila . . . .
Korban jiwa raga kanggo bumiku
Nadyan awak ajur dadi sawur
Lan getihku mblabar nuli ,
Netesi bumi pertiwi
Labet raharjaning nagara
. . . . (Karipta dening Mahardono Wuryantoro)
Apa wosing geguritan ing dhuwur iku ?
Korban jiwa ragane Pahlawan kanggo raharjaning nagari
Netesi bumi pertiwi amrih ajur dadi sawur
Bebarengan ambangun nagara
Getih kang netesi bumi pertiwi
Apa tegese “Guyub rukun anambut kardi” kang ana ing geguritan dhuwur iku ?
Swasana kang guyub lan rukun
Bebarengan nyambut gawe kanthi guyub rukun
Guyub rukun karo kaluwargane dhewe
Urip kanthi rukun karo sanak-kadange
