wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa X

Total questions: 50

Worksheet time: 26mins

Name
Class
Date
1.

Sapa asmane bapake Pandhawa?

a)

Destarata

b)

Pandu

c)

Puntadewa

d)

Bathara Indra

2.

Pira cacahe aksara Jawa nglegena?

a)

10

b)

15

c)

20

d)

25

3.

Artikel kang isine petungan utawa ramalan apa kang dumadi ing mengkone manut petungane penulise artikel diarani artikel...

a)

eksploratif

b)

eksplanatif

c)

deskriptif

d)

prediktif

4.

Wong sing neng sekolah, penggaweyane ngulang murid-murid yaiku?

a)

Polisi

b)

Dokter

c)

Guru

d)

Penjaga

5.

karangan kang isine nggambarake sawijining kahanan yaiku...

a)

deskripsi

b)

naskah

c)

narasi

d)

artikel

6.

15, krama inggile

a)

gangsal welas

b)

gangsal belas

c)

sedasa gangsal

d)

setunggal welas

7.

Pitu ditambah Tiga dadose

a)

Sedasa

b)

Setunggal dasa

c)

Sepuloh

d)

Sedoso

8.

Paribasan ingkang gegayutan kaliyan gotong royong inggih puniko ...

a)

adigang - adigung adiguna

b)

rawe - rawe rantas malang - malang putung

c)

kutuk marani sunduk

d)

rukun agawe santosa crah agawe bubrah

9.

Negara Indonesia kondhang gemah ripah ...

a)

loh kang tinandur

b)

loh jinawi

c)

ayem tentrem

d)

kreta raharja

10.

Tembung wilujeng tegese ing Bahasa Indonesia yaiku ...

a)

Selamat

b)

Sengsara

c)

Suka - suka

d)

Mandiri

11.

Tembang macapat kanga sale saka tembung ateges anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni, logondhang diarani ….

a)

Dhandhanggula

b)

Pangkur

c)

Sinom

d)

Kinanthi

12.

Nuladha laku utama

Tumrape wong tanah Jawi

Wong agung ing Ngeksiganda

Panembahan Senapati

Kapati amarsudi Sudaning hawa lan nepsu

Pinesu tapa brata

Tanapi ing siyang ratri

Amemangun karyenak tyasing sasama


Dene pratelan kang nuduhake prihatin iku kudu ditindakake sawayah-wayah sanajan awan lan bengi, yaiku ….

a)

Nuladha laku utama

b)

Kapati amarsudi

c)

Sudaning hawa lan nepsu

d)

Tanapi ing siyang ratri

13.

Wong kang duweni keahlian khusus kanggo nglakokake wayang sinebut.....

a)

Sindhen

b)

Dhalang

c)

Niyaga

d)

Blantik

14.

Ing ngisor iki jenenge Pandhawa, kajaba.....

a)

Arjuna

b)

Werkudara

c)

Kresna

d)

Puntadewa

15.

Wayang iku gegambaran watak lan jiwanipun......

a)

Kewan

b)

Dhewa

c)

Bathara

d)

Manungsa

16.

Sapa kang dadi mungsuhe pandhawa kui....

a)

Dasamuka

b)

Sengkuni

c)

Punakawan

d)

Kurawa

17.

Wayang kang katindakake dening perangane wong / manungsa sinebut….

a)

Film

b)

Sinetron

c)

Wayang wong

d)

Theater

18.

Irunge gajah arane ...

a)

cingur

b)

tlacak

c)

tlale

d)

ceker

19.

Sikile pitik arane

a)

cingur

b)

tlacak

c)

tlale

d)

ceker

20.

Bocahe bagus, uga untune ...

a)

mucuk eri

b)

miji timun

c)

mblalak-mblalak

d)

manggis kareget

21.

Adhike irunge mbangir, seje karo mbakyune seng ...

a)

pesek

b)

gimbal

c)

njemblem

d)

mrongos

22.

Kanggo ngarani perangan awak sing apik-apik diarani

a)

Rinengga

b)

panyandra

c)

panyendu

d)

pepindah

23.

Yen Bahasa Indonesia ana pantun, yen basa Jawa ana...

a)

parikan

b)

pepindahan

c)

bebasan

d)

geguritan

24.

Saka Gresik, Surabaya. Kalah dhisik, ja ngresula. Sing diarani sampiran yaiku...

a)

kalah disek

b)

gresik surabaya

c)

Saka Gresik, Surabaya

d)

Kalah dhisik, ja ngresula

25.

Ana jambu dirubung laler, yen sinau mesthi ...

a)

susah

b)

pinter

c)

klenger

d)

seneng

26.

Numpak jaran, sandhing telaga. Seneng tukaran, ...

a)

disenengi kanca

b)

dadi juwara

c)

sing penting jaya

d)

digethingi kanca

27.

"sinawung resmining kidung"

pedhotan tembang ing dhuwur, guru swarane apa ?

a)

A

b)

I

c)

U

d)

E

28.

Tembang sing isine babagan rasa tresna diarani tembang . . .

a)

Maskumambang

b)

Asmarandana

c)

Pangkur

d)

Pocung

29.

Atiku krasa dheg-dhegan. Sumelang yen ana apa-apa, nanging aku bingung. Arep telpon ya marang sapa? sebab Pak Kasdi mesthi ora nggawa HP


tembung kacithak kandel ing nduwur duweni teges . . .

a)

seneng

b)

pegel

c)

sedhih

d)

kuwatir

30.

Sing kalebu tembung saroja yaiku . . . .

a)

abang putih

b)

ijo royo royo

c)

ireng putih

d)

getih abang

31.

Kabar kang digiyarake supaya dimangerteni dening wong akeh diarani . . .

a)

pawarta

b)

narasi

c)

deskripsi

d)

majalah

32.

omah adat saka Jawa Tengah yaiku . . .

a)

gadang

b)

honai

c)

joglo

d)

omah panggung

33.

"Kala wingi sonten bapak nembe kemawon ... dhateng Sragen."

Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku . . .

a)

rawuh

b)

lunga

c)

mundhut

d)

tindak

34.

Ibu kaliyan bapak saweg tindak dhateng Ngawi.

menawa didadekake ngoko, sing bener ...

a)

ibu kaliyan bapak lagi lunga menyang Ngawi

b)

ibu karo bapak lagi lunga menyang Ngawi

c)

ibu karo bapak lagi tindak menyang Ngawi

d)

ibu karo bapak saweg kesah dhateng Ngawi

35.

sandhangan "cakra" kui wujude . . . .

a)
b)
c)
d)
36.

yen diwaca latine yaiku . . . .

a)

gebyar wisata

b)

gebar wisata

c)

gebayar pariwisata

d)

gebyar pariwisata

37.

"Amamangun karyenak tyas ing sasama"


saka gatra pungkasan tembang sinom ing dhuwur, apa guru lagu lan guru gatrane ?

a)

12 a

b)

12 u

c)

5a

d)

5u

38.

"nulada laku utama"


Piwulang apa kang ana ing gatra ing ndhuwur ?

a)

dadi manungsa supaya bisa ngupaya niru solah bawa kang becik

b)

dadi manungsa supaya seneng menehi

c)

dupaya dadi manungsa sing nurut marang wong tua

d)

supaya dadi wong sing serakah

39.

Sapa dasanamane Raden Werkudara ?

a)

Raden Bratasena, Wrehatnala

b)

Raden Bratasena, Bima Bungkus

c)

Dwijokangko, Yudhistira

d)

Pandhu Putra, Arjuna

40.

Sapa adhine Werkudara sing ragil ?

a)

Raden Janaka

b)

Raden Nakula

c)

Prabu Kresna

d)

Raden Sadhewa

41.

Upacara adat penganten jawa nalika ketemune penganten kakung lan penganten putri yaiku . . .

a)

midodareni

b)

panggih

c)

sungkeman

d)

lamaran

42.

Cendhak dhuwure swara nalika maca teks panatacara iku uga diarani ...

a)

wirasa

b)

wiraga

c)

wirama

d)

wirupa

43.

Jajanan pasar sing wujude bunder wernane ijo isine gula jawa diarani...

a)

wajik

b)

telo

c)

thiwul

d)

klepon

44.

Panganan sing awujud werna putih lan digawe saka ulenan ketan lan klapa diarani ...

a)

jadah

b)

klepon

c)

gendar

d)

lopis

45.

Ing dhuwur iku jenenge

a)

klepon

b)

ondhe-ondhe

c)

jadah

d)

thiwul

46.

Sing ndadekake garang asem rinasa seger yaiku . . . .

a)

lombok ijo

b)

salam laos

c)

blimbing wuluh

d)

daging ayam

47.

Aksara wilangan saka nomer "5" yaiku ...

a)
b)
c)
d)
48.

paribasan sing tegese "kabeh gegayuhan kuwi mesthi ana ragade utawa pengorbanan" yaiku...

a)

becik ketitik ala ketara

b)

jer basuki mawa beya

c)

kacang ora ninggalake lanjaran

d)

yitna yuwana lena kena

49.

bapak pocung renteng-renteng kaya kalung

dawa kaya ula

pencokanmu wesi miring

sing disaba si pocung mung turut kutha


batangane wangsalan sing sinawung ing tembang ing dhuwur yaiku...

a)

mobil

b)

kalung

c)

sabuk

d)

sepur

50.

isi randhu arane...

a)

pelok

b)

klentheng

c)

kecik

d)

beton