NEW
Font size
WorksheetsPAT BASA JAWA
Total questions: 41
Worksheet time: 21mins
Pak Karto nandur pari menyang sawah. Jejere ukara ing sisih kiwa yaiku …
Pak Karto
nandur
pari
menyang sawah
Karangan sing nyritakake kadadean prastawa diarani …
deskripsi
narasi
persuasi
argumentasi
Budhe ngomong yen pakdhe durung mulih. Basa ngoko aluse …
Budhe wicanten yen Pakdhe durung mantuk
Budhe ngendika yen Pakdhe durung kondur
Budhe dhawuh menawi Pakdhe dereng kondur
Budhe ngendika yen Pakdhe durung rawuh
Bocah sing dawa … ora disenengi kancane, amarga seneng njejupuk barange liyan.
ususe
irunge
rambute
tangane
Tembang Jawa ana patang warna. Tembang macapat kuwi cacahe ...
4
6
8
11
Pecerene banyune ora mili mulane ambune arum jamban. Arum jamban tegese …
bacin
wangi
seger
arum
Safitri budhal sekolah jam enem isuk. Ukara kuwi dhapukane …
Jejer – Wasesa – Lesan – Katrangan panggonan
Jejer - Wasesa – Katrangan waktu – Lesan
Jejer – Lesan – Wasesa – Katrangan waktu
Jejer – Wasesa – Lesan – Katrangan waktu
Yen ditulis aksara latine ….
janur gunung
janur kuning
jamur kuning
jamur merang
Ditulis nganggo pilihan tembung sing nggugah, kalebu ciri-ciri teks …
deskripsi
narasi
persuasi
argumentasi
Salah sijine ciri-ciri teks narasi yaiku …
sawijining obyek dijlentrehake kanti rinci
ngembangake imajinasine sing maca
nduweni nilai kaendahan
ditulis ngago tembung sing nggugah
Saking bingunge ketekan banjir bandhang, polahe wong kaya …
banteng ketaton
kitiran
macan luwe
gabah diinteri
Yanti, drijine … mula yen nganggo ali-ali katon pantes banget. Tembung sing mathuk …
miji timun
mucuk eri
ngudep turi
mucuk bung
Aku dikongkon ibu tuku endhog, krama aluse …
Kula diutus ibu tumbas tigan
Kula dikengken ibu tumbas tigan
Aku diutus ibu mundhut tigan
Kula dipun utus ibu tumbas tigan
Bapak maca koran ing teras. Tembung maca kramane…
ngasta
ngunjuk
maos
mbekta
Ing mangsa mangsa rendheng nang endi-endi pada banjir. Mangsa rendheng kosok baline …
mangsa udan
mangsa labuh
mangsa mareng
mangsa ketiga
Dewi pancen bocah kang landhep … mula yen ana sekolahan pinter dhewe.
pikire
akale
atine
polahe
Pantai Kuta ing Bali kuwi wes kondang manca negara. Tembung kondang padha tegese …
misuwur
dikenal
mashur
terkenal
Wajik klethik gulo jawa, luwih … sing prasaja.
sithik
apik
becik
subur
Ajining diri dumunung ana ing … ajining raga dumunung ana ing … Tembung sing mathuk kanggo njangkepi?
lathi ; busana
busana ; lathi
raga ; lathi
busana ; raga
Kecipir mrambat kawat, senajan ora mampir nanging liwat
Unen-unen ing dhuwur iku diarani …
paribasan
bebasan
pepindhan
parikan
Wulandari pancen bocah sing ayu banget, lambene …
manggis karengat
mucuk eri
nanggal sepisan
nrajumas
Bayu ora melbu sekolah pirang-pirang dina … lara.
mulane
supaya
amarga
nanging
Sing nyapu latar ngarep kuwi sopo?
Ukara ing dhuwur kalebu ukara…
kandha
pakon
crita
pitakon
Yen ditulis aksara latin …
wayah sore
wayah ngaso
wayah bengi
wayah lapo
Manut candrane sarira apane sing miji timun?
rambute
drijine
untune
alise
Ibu … iwak mujaer dateng peken Gadang.
tumbas
tuku
mundhut
tetukon
Bocah-bocah baris nganggo seragam putih-putih kaya …
mliwis baris
gagak reratu
alas kobong
podhang reraton
Jamu lempuyang rasane legi bratawali. Legi bratawali tegese …
legi banget
sepet banget
pait banget
asin banget
Soto daging yen ditulis nganggo aksara jawa …
Ranti, tulung ibu pundhutno piring nang meja! Ukara ing sisih kiwa kalebu ukara …
kandha
pakon
crita
pitakon
Klambiku wis (kumbah) maeng isuk. Tembung kumbah benere …
dakumbah
kokumbah
diumbah
diumbahno
Yen didangu Bu Guru jawabe aja saur … supaya cetha.
sauran
manuk
ngawur
nyaur
Parikan iku unen-unen rong gatra. Gatra kapisan minangka …
purwakanthi
purwaka
isi
tegese
Pak Wijaya kagungan putra loro lanang wadon. Putra lanang baguse kaya Bathara Kamajaya, dene sing wadon ayune kaya …
Dewi Ratih
Dewi Sembodro
Dewi Madrim
Dewi Kunthi
Panenggake Pandhawa aran Raden Werkudara, dene panengahe Pandhawa aran …
Sadewa
Nakula
Janaka
Yudhistira
Didawuhi … aja guyon banter-banter simbah lagi sare. Tembung dwilingga salin swara kang mathuk kanggo njangkepi ukara ing nduwur yaiku …
bola-bali
riwa-riwi
bali-bali
wira-wiri
, yen ditulis nganggo aksara latin yaiku …
dhahar sego goreng
dhahar pisang goreng
dhahar gedhang goreng
dhahar sekul goreng
Warga kutha Malang tansah jaga karesikan lingkungan, amarga duwe rasa handarbeni. Handarbeni tegese …
melu ndandani
melu nduweni
melu ngresiki
melu nglakoni
Manuk emprit nyucuk pari, dadi murid sing … Bacutane parikan kuwi yaiku …
begja
njelma
taberi
ndableg
Aku wis (kandha) Widya yen sesuk nggawa alat kanggo kerja bhakti. Tembung kandha benere …
dak kandhani
kok kandhani
ngandhani
dikandhani
Bocah sing dawa … ora disenengi kancane, amarga seneng njejupuk barange liyan.
ususe
irunge
rambute
tangane
