wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ujian Sekolah Bahasa jawa

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Ukara ing ngisor iki endi kang mratelakake unggah-ungguh kanggo nelakake rasa ora sarujuk kang trep?

a)

Nggih mangga, nanging kula tetep boten sarujuk!

b)

Nuwun sewu, kula raosipun mboten saget dumugi!

c)

Menawi caranipun mekaten kula mboten sarujuk, titik !

d)

Panemumu kuwi ora mutu tenan, mula aku ora sarujuk!

2.

Ukara pitakon kang trep karo unggah-ungguhe supaya

antuk wangsulan “Inggih Setuju” yaiku ....

a)

Kita rekreasi sesarengan nggih?

b)

Setuju menapa boten menawi kita rekreasi sesarengan?

c)

Kados pundi menawi benjang Minggu kita rekreasi sesarengan?

d)

Benjang dinten Minggu kita badhe rekreasi sesarengan, kadospundi, rak sami setuju ta?

3.

Tuladha ukara kanggo nelakake bela sungkawa lan panglipur kang bener .....

a)

Wis rasah digetuni, wong urip mesthi bakal mati, kaya Bapakmu iki!

b)

Aku melu susah, muga-muga bapakmu neng alam kaswargan apik-apik wae!

c)

Aku ndherek bela sungkawa, muga-muga Dhik Anik tetep tabah lan tawakal, kabeh wis ginaris ana astane Gusti!

d)

Aku ndherek bela sungkawa satenan-tenane, muga-muga Dhik Anik ora ngalami kahanan kaya ngene iki!

4.

Kabeh pamupu lomba macapat wis ngatonake kabisane dhewe- dhewe. Hasile diumumake. Sing oleh juwara Anita . Nalika kancamu Anita oleh juwara anggonmu mangayubagya yaiku….

a)

“ Hebat kowe Nit, kok bisa juwara siji?”

b)

“Tenan pa Nit yen kowe nomer siji?

c)

“ Kowe juwara siji Nit , Kok bisa kowe juwara?.”

d)

“ Selamat ya Nit … kowe juwara siji ing lomba macapat, aku melu seneng.”

5.

Nalika ana lomba maca geguritan, kowe entuk juwara

1. Banjur Bu Guru ngucapke selamat kanggo kowe. Anggonmu caos wangsulan

marang Bu Guru yaiku….

a)

“ Matur nuwun Bu, menika amargi usaha kula Bu.”

b)

“ Matur nuwun Bu, untung njih Bu, kula ingkang majeng.”

c)

“ Matur nuwun Bu, menika amargi kula mempeng latihan.”

d)

“ Matur nuwun Bu, menika wau sedaya awit donga pangestu panjenengan, Bu.”

6.

Ukara ing ngisor iki endi kang nuduhake ora seneng ?

a)

O, kaleresan menawi mekaten kula sarujuk !

b)

Wah, barang menika sae sanget , kula saestu remen

c)

Nuwun sewu, menawi ngendikan kaliyan tiyang sepuh ampun malang kerik ngoten menika!

d)

E, muga-muga Budhe enggal dhangan !

7.

Ukara ing ngisor iki endi kang mratelake rasa seneng ?

a)

Alhamdulillah Simbah saestu rawuh, sakmenika !

b)

Nyuwun pangapunten bu, kula dereng saget sowan

c)

Nuwun sewu, kula dereng saget nampi kanyatan menika !

d)

Welha Bulik kok ora sida rawuh mrene !

8.

Wacanen teks tanggapan dheskriptif iki kang patitis!

SENDHANG BIRU

………………………………

Pesisir Sendang Biru ing dinane iki dikelola dening perusahaan negara aran Forestay. Ing kana fasilitas wis sumadiya, ing antarane yaiku panginepan, guess house, omah jaga, lan prau sewan. Para pangunjung yen kepengin menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum, yaiku mikrolet jurusan Gadang – Turen – Sendang Biru. (kirtya basa kelas VII kaca 14)

Miturut struktur teks tanggapan dheskriptif, bagean kasebut kalebu bagean …

a)

Idhentifikas

b)

Klasifikasi

c)

Deskripsi Bagean

d)

Orientasi

9.

Wacanen teks tanggapan dheskriptif iki kang patitis!

JEMBATAN SURABAYA

Jembatan Surabaya yaiku salah siji ikon wisata anyar kanggo warga Kutha Surabaya. Jembatan iki manggon ing dhaerah Kenjeran lan Bulak. Jembatan Surabaya dawane kurang luwih 800 meter kathi amba 18 meter, lan dhuwure 12 meter. Jembatan iki dibangun wiwit wulan Januari 2015 lan diresmekake dening Walikota Surabaya, Ibu Tri Rismaharini ing tanggal 9 Juli 2016. Dibangune jembatan iki nduweni pengarep-arep supaya bisa majokake indhustri pariwisata Kutha Surabaya, sing mligine dhaerah Kenjeran lan Bulak. …….


Jembatan Surabaya kalebu ikon Kutha Surabaya sing manggon ing …

a)

Kenjeran lan Suramadu

b)

Bulak lan Mulyosari

c)

Mulyosari lan Sutorejo

d)

Kenjeran lan Bulak

10.

Wacanen teks profil tokoh iki kang patitis!

RADEN AJENG KARTINI

Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April 1879 ing Jepara, Jawa Tengah. Panjenengane isih klebu golongan kaum bangsawan, jalaran Raden Ajeng Kartini putrane bupati Jepara kang asma Raden Mas Adipati Ario Sosrodiningrat lan ibune asma M.A Ngasirah. Raden Ajeng Kartini kuwi putra pambarep, kagungan adhi loro yaiku Raden Ajeng Kardinah lan Raden Ajeng Rukmini. …………. (kirtya basa kelas VII kaca 19)


R.A Kartini nduweni dulur sing cacahe ana …

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

11.

Wacanen geguritan iki kang patitis!

MERAPI

(Putu Aryana)

………………………………………..

Merapi....,

Saumpama kowe bisa crita

Kabeh kadadean ing tanah Jawa

Wiwit jaman Mataram kuna

Nganti madege Kraton Ngayogyakarta

…………………………….

(kirtya basa kelas VII kaca 83)

Purwakanthi sing tinemu ing geguritan kasebut yaiku …

a)

Purwakanthi guru sastra

b)

Purwakanthi guru basa

c)

Purwakanthi guru swara

d)

Purwakanthi lumaksita

12.

ukara kasebut yen ditulis latin unine yaiku …

a)

Ayah teka pasar

b)

Aku tuku buku anyar

c)

Aku lunga menyang pasar

d)

Aku menyang manyar

13.

Sandhangan swara sing ana ing ukara kasebut yaiku

a)

Taling, pepet, taling tarung

b)

Layar, pangkon, pepet

c)

Wulu, suku, pepet

d)

Wulu, taling, suku

14.

ukara kasebut yen ditulis latin yaiku …

a)

Nggawa krupuk urang

b)

Tuku krupuk jipang

c)

Mangan krupuk urang

d)

Nggawa jenang

15.

Wacanen teks carita rakyat iki kang patitis!

SAWUNGGALING

“Bedhug kenthang-kenthang, mulih saka dolan Jaka Berek atine mbedhegel, praupane abang mbranang ngempet kanepson. Jaka Berek muring-muring temenan, saben-saben dolan mesthi dienyek karo kanca-kancane amarga mlarat, diloke bocah karam ora duwe bapak. (kirtya basa kelas VII kaca 127) ”


Paragraf kasebut yen katitik saka struktur teks carita rakyat kalebu bagean …

a)

Komplikasi

b)

Klimaks

c)

Orientasi

d)

Resolusi

16.

Pejabat kuwi kaya dene pemimpine rakyat, yen pejabat gelem rekasa rakyate bakal mulya. Kaya pepindhan "obah ngarep kobet mburi."

Ukara kasebut kalebu jinis basa rinengga….

a)

Saloka

b)

Bebasan

c)

Paribasan

d)

Pepindhan

17.

Ing jaman saiki wong tuwa kaya kebo nusu gudhel.

Tegese ukara saka saloka kasebut yaiku …

a)

Wong tuwa njaluk wuruk marang anake

b)

Wong mlarat nduwe kekarepan sing mokal kasembadan

c)

Wong asor nanging suguh bandha donya

d)

Wong sing njarag marang kacilakan

18.

Wacanen teks wawancara iki kanthi permati!

OLAHAN BANDENG

Tata : Kulanuwun, Bu.

Bu Suci : Oh, nggih mangga pinarak. Ana perlu apa, Mbak?

Tata : Punika kula kaliyan kanca kula kepengin mangertosi kadospundi caranipun ngolah bandeng lan kadospundi caranipun panjenengan masaraken prodhuk olahan bandeng punika.

Bu Suci : Oh, iya-iya

Lintang : Punapa naminipun prodhuk olahan bandeng ingkang panjenengan prodhuksi punika, Bu?

Bu Suci : Akeh, Mbak. Prodhuk olahan bandeng ing kene, kayata; bandeng presto, othak-othak bandeng, bandeng cabut duri, abon bandeng, lan sapanunggalane.

Lintang : Menawi ingkang kondhang utawi ingkang laris punika prodhuk ingkang pundi, Bu?

Bu Suc : Sing paling laris lan sing asring digoleki pelanggan, yaiku othak-othak bandeng. …………… (kirtya basa kelas VIII kaca 48)

Adhedhasar cuplikan wawancara kasebut weneh informasi ngenani …

a)

Jinis-jinis olahan bandeng

b)

Dadi wong sarwa bisa

c)

Meguru dadi pengusaha bandeng

d)

Olahan bandeng

19.

“Kula kinten cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten keladuking atur saha kirang duga, keng wayah nyuwun agunging samodra pangaksami. Nuwun.”

Bagean kasebut yen ditintingi saka strukture layang diarani bagean …

a)

Paprenah

b)

Wasana basa

c)

Surasa basa

d)

Pambuka

20.

Gatekna layang iki kanthi permati!

Layang kasebut tuladha layang …

a)

Layang lelayu

b)

Layang dhawuh

c)

Layang ulem

d)

Layang pribadi

21.

Gatekna tembang iki kanthi permati!

Pucung

Bapak pucung amung sira lawan gembung

Padha dikunjara

Mati sajroning ngaurip

Mijil baka si pucung dadi dahana

Tembang kasebut guru lagune yaiku …

a)

U, A, A, A

b)

U, A, I, A

c)

U, A, I, I

d)

U, I, A, A

22.

Gatekna tembang kanthi permati!

Kinanthi

Anoman malumpat sampun

Prapteng witing nagasari

Mulat mangadhap katingal

Wanodya yu kuru aking

Gelung rusak wor lan kisma

Kangiga-iga kaeksi

Tembang kinanthi kasebut nduweni guru wilangan …

a)

8, 8, 8, 8, 8, 8

b)

8, 7, 8, 8, 9, 8

c)

7, 8, 8, 9, 7, 8

d)

8, 8, 7, 7, 9, 8

23.

Gatekna kanthi permati!

Pucung

Bapak pucung amung sira lawan gembung

Padha dikunjara

Mati sajroning ngaurip

Mijil baka si pucung dadi dahana

Guru gatrane yaiku …

a)

7 gatra

b)

6 gatra

c)

5 gatra

d)

4 gatra

24.

Pamacane aksara Jawa iki yaiku …

a)

Surabaya

b)

Sumedang

c)

Sukolilo

d)

Surakarta

25.

Gatekna teks iki kanthi permati!

Uwuh organik yaiku sawenehing uwuh sing dumadi saka tetuwuhan utawa urip-uripan, upamane sisa panganan, godhong, lan liya-liyane. Dene uwuh anorganik yaiku uwuh sing dumadi saka proses prodhuksi kanthi cara kimia, upamane wesi, kaca, plastik, lan liya-liyane. Sakabehing uwuh mau menawa ora diopeni kanthi becik mesthi nuwuhake ambu sing ora enak lan pungkasane bisa nyebabake lelara.

Uwuh -uwuh menawa ora diopeni kanthi becik pungkasane bakal nuwuhake …

a)

Lelara

b)

Kabecikan

c)

Rekasa

d)

Kasenengan