NEW
Font size
WorksheetsBasa Jawa
Total questions: 15
Worksheet time: 15mins
Ing carita wayang Ramayana Ramawijaya iku putrane sapa?
A. Prabu Dasarata
B. Bathara Wisnu
C. Ramaregawa
D. Prabu Janaka
Sapa asmane ramane Dewi Shinta?
A. Prabu Dasarata
B. Prabu Janaka
C. Ramawijaya
D. Rahwana
Prabu Janaka nganakake sayembara apa ing kerajaan Mantili?
A. Sapa sing ora bisa manah bakale didadekake mantu
B. Sapa sing bisa manah paling apik bakal didadekna mantu
C. Sapa sing nganakake sayembara bakal didadekna mantu
D. Sapa sing duwe pasuryan bagus bakal didadekna mantu
Sapa wae sing ngembara ing alas Dandaka?
A. Rama, Rahwana, Laksmana
B. Rahwana, Kalamarica, Shinta
C. Rama, Shinta, Kalamarica
D. Rama, Shinta, Laksmana
apa kang ditindakake Kalamarica ing alas Dandaka?
A. Nggoleki kidang kencana
B. Ngoyak Dewi Shinta, Rama, lan Laksmana
C. Nggoleki kidang kencana bebarengan karo Rama
D. Kalamarica salin wujud dadi kidang mas sing nggodhani Shinta
Shinta seneng kidang mas banjur nyuwun marang garwane. Apa panyuwune Shinta marang garwane?
A. Rama nyekel kidang mas iku mau
B. Rama mlayu ing jero alas nggoleki Laksmana
C. Shinta jaluk Rama ngoyak Rahwana
D. Shinta jaluk Rama ngancani Kalamarica
Pungkasane Laksmana nuruti pepenginane Shinta supaya ngoyak Rama ing jero alas. Apa sing ditindakake Laksmana sadurunge lunga?
A. Nguwatirake karo keslametane Shinta
B. Shinta diajak nggoleki Rama garwane
C. Shinta dititipake marang Rahwana lan Kalamarica
D. Laksmana gawe bunderan kanggo Shinta supaya tetep slamet
Ing guwa Anoman duwe kanca kang aran...
A. Resi Gotama
B. Sugriwa lan Subali
C. Dewi Indradi
D. Guwarsa
Subali lan Sugriwa iku putrane sapa?
A. Prabu Guwarsa
B. Laksmanan
C. Resi Gotama lan Dewi Indradi
D. Prabu Janaka
Sugriwa jaluk tulung apa marang Rama?
A. Supaya bisa ngrebut Keraton Guwa Kiskendha lan Dewi Tara saka Subali
B. Supaya bisa ngrebut Keraton Guwa Kiskendha
C. Supaya bisa ngrebut Dewi Tara saka Subali
D.Supaya bisa ngrebut Dewi Shinta
kepiye matine Subali?
A. Dipateni dening Sugriwa
B. Mati merga panahe Rama
C. Mati kena pedhange Ramawijaya
D. Mati amarga kena senjatane dhewe
Nganggobukti apa anggone Anoman nylametake Shinta?
A. Kerise Ramawijaya
B. Tombake Ramawijaya
C. Ali-aline Ramawijaya
D. Sandhangane Rama
Shinta dipapanake ing ngendi dening Rahwana?
A. Taman Argosoka
B. Omahe Indrajid
C. Omahe Rahwana
D. Kerajaane Kumbakarna
Anoman dicekel banjur disowanake marang Rahwana seteruse Anoman diobong dening Rahwana. Sapa sing nulungi Anoman?
A. Dewi Shinta
B. Ramawijaya
C. Kumbakarna
D. Indrajid
Nalika Anoman nemoni Shinta konangan Indrajid sapa Indrajid. Sapa Indrajid iku?
A. Adhine Rahwana
B. Kakange Rahwana
C. Anake Rahwana
D. Balane Rahwana
