wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa Kelas 6

Total questions: 20

Worksheet time: 21mins

Name
Class
Date
1.

Sapu Sada

(Dening : Astuti)


Jumat asri

resik lan sehat

cancut tali wanda

nandur kebecikan


Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu


Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada


Isi geguritan ing dhuwur nerangake kahanane

a)

Resik lan sehat

b)

Jumat bersih

c)

Adiwiyata murih rahayu

d)

Guyub rukun

2.

Tembung guyub rukun ing geguritan tegese …

a)

Seneng

b)

Jumat bersih

c)

Saling biyantu marang liyan

d)

Padha bebararengan karo kanca

3.

Wacanen pacelathon ing ngisor iki !

Ibu :”Apa bener, dek wingi kowe tuku mesin cuci?

Ani :”Inggih bu kala wingi tumbas kalian mas Joni.”

Ibu :”Apa kowe gelem dakkandhani carane nggunakake mesin cuci?”

Ani :” ….”

Ibu :” Ora usah isin, ayo saiki tak kandhani carane.”


Basa krama kang trep kanggo jangkepi pacelathon ing duwur yaiku ….

a)

Inggih, kula badhe nyuwun pirsa, nanging kula isin

b)

Mboten bu, kula sampun saged

c)

Inggih bu, kula badhe wangsul riyen.

d)

Mboten bu, kula badhe medal.

4.

Gatekna wacan ing ngisor iki !


Aksara Jawa nglegena cacah rong puluh kang kaperang patang gatra karipta dening Aji Saka kanggo ngeling – eling kasetyane pandhereke sakloron yoiku Dora lan Sembada kang tuhu nglakoni sumpahe minangka dadi pandhereke.

Amanat apa sing bisa dijupuk saka wacan ing duwur ? ….

a)

Dadi wong kudu setya marang janji

b)

Dadi wong kudu mlenjani janji

c)

Dadi wong kudu setya marang awake dewe

d)

Dadi wong kudu seneng tetulung

5.

Bubar sholat subuh , srengenge ing sisih wetan durung mlethek. Nanging, Haris bocah cilik protholan SD sing wis rong taun ditinggal tilar donya wong tuwane, wis katon nlusuri dalan lan gang – gang ngeterake Koran marang pelanggane. Sepedha onthel tua sing wis ora ana slebore, digenjot alon merga sikile gaduk – gaduk tuna.

( Sumber : Tantri Basa kelas 4 )

Kalimat utama ana ing paragraf ing duwur yaiku ….

a)

Bubar sholat subuh, srengenge ing sisih wetan durung mlethek.

b)

Nanging, Haris bocah cilik prothokolan SD sing wis rong taun ditinggal tilar donya.

c)

Sepedha onthel tua sing wis ora ana slebore

d)

Haris iku bocah yatim piatu sing wis di tilar donya wong tuane

6.

A. Jamuran C. Jaranan E. Pucung

B. Gundhul Pacul D. Cubit – cubitan F. Gambang suling


Sing kalebu tembang dolanan yaiku …

a)

A, B, C

b)

A, B, D

c)

A, B, E

d)

A, B, F

7.
a)

Dakon

b)

Dhakon

c)

Dhakona

d)

Dhakonan

8.

Kiriman bukune ( tompo ) wingi sore.

Tembung tompo kudune ….

a)

Di tampa

b)

Nampa

c)

Kok tampa

d)

Dak tampa

9.

Mangsa rendheng iku mangsa kang okeh udan. Mangsa rendheng bisa dadi memala gawe warga kang omahe cedak kali. Memala iku bisa dirasakake saben tahun lan ora bisa nyegah, kajaba warga gelem sadar lingkungan. Pemerintah wes gawe peraturan gawe warga, nanging okeh warga kang ora manut karo peraturane pemerintah. Ana kedadean iku mula ana ing desa sering kedadean banjir.


Gagasan pokok paragraf ing duwur yaiku ….

a)

Mangsa rendheng iku mangsa kang okeh udan.

b)

Mangsa rendheng bisa dadi memala gawe warga kang omahe cedak kali.

c)

Memala iku bisa dirasakake saben tahun lan ora bisa nyegah, kajaba warga gelem sadar lingkungan

d)

Pemerintah wes gawe peraturan gawe warga, nanging okeh warga kang ora manut karo peraturane pemerintah. Ana kedadean iku mula ana ing desa sering kedadean banjir.

10.

Kegiatan pramuka ing sekolah duweni daya kekuatan kang gedhe kanggo narik kawigatene bocah. Kegiatane kang maneka warna lan nyenengake bisa nukulake semangat. Salah sisjine kegiatan kasebut yaiku Indonesia Scouts Challenge ( ISC ) 2015 – 2016, makarya bebarengan antarane Kwartir Nasional Gerakan Pramuka lan Jawa Pos Group.

( Sumber : Tantri Basa kelas 5 )

Pawarta ing duwur kalebu pawarta bab ….

a)

Pendidikan

b)

Agama

c)

Kewarasan

d)

Ekonomi

11.

Apa daya tarik saka kegiatan pramuka? ….

a)

Daya kekuatan kang gedhe kanggo narik kawigatene bocah.

b)

Kegiatane kang maneka warna lan nyenengake bisa nukulake semangat.

c)

Kegiatan kasebut yaiku Indonesia Scouts Challenge ( ISC ) bisa

d)

Bisa nyenengake bocah – bocah sing melu pramuka

12.

Siti ngenteni Rini ana ing bangjo . Sing kalebu tembung camboran yaiku ….

a)

Siti

b)

ngenteni

c)

Rini

d)

bangjo

13.

Pak Doni pancen guru sing dawa ususe.

Tembung kang kacitak kandel tegese ….

a)

Sabar banget

b)

Enteng tangane

c)

Seneng tetulung

d)

Sugih pangapura

14.

Wacanen tembang macapat ing ngisor iki !

Pucung

Bapak pucung rupane amemba gunung,

Tan ana kang tresna,

Kabeh uwong mesthi sengit,

Kang kanggonan den lus – elus tinangisan.

Tembang macapat ing duwur gatra ke 2 guru wilangane lan guru lagune yaiku ….

a)

12u

b)

6 a

c)

8i

d)

12a

15.

Pucung

Bapak pucung endi lor endi kidul

Laku tapa brata

Mung kepingin bisa malih

Dadi kupu si pucung wedharing tapa

Batangane tembang pucung ing duwur yaiku ….

a)

Enthung

b)

Uler

c)

Kupu

d)

Ula

16.

Ciri – cirine teks deskripsi yaiku …

a)

Karangan kang ngandharake kedadean kanthi urut wektu utawa kronologine.

b)

Karangan sing runtut allure

c)

Karangan sing panngonane kaya nyata

d)

Karangan kang ngandharake sawijine objek kanthi jlimet lan rinci

17.

Alun – alun ing kuthaku diapit karo bangunan penting. Ing sisih wetan ana pendhapa kabupaten kang endah asri. Ing sisih kulon ana masjid Jami’ lan penjara. Yen madhep mangidul katon tharik – tharik took pacinan. Denen ing sisih elore ana kantor polisi lan gedhung sekolah SMP Negeri 1.

( Sumber : Tantri Basa kelas 5 )

Wacan ing duwur kalebu teks ….

a)

Narasi

b)

Persuasi

c)

Deskripsi

d)

Argumentasi

18.

Raden Werkudara kuwi satriya sing gagah …

a)

Duwur

b)

Mandraguna

c)

Sakti

d)

Prakosa

19.

Wajik kletik gula jawa

Luwih becik sing …..

Tembung gawe jangkepi parikan ing duwur yaiku …

a)

Prasaja

b)

Nglena

c)

Kanca

d)

Sapa

20.

1. ”Sesuk lali” yen ditulis aksara jawa ….

a)
b)
c)
d)