wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH BAHASA JAWA BAB WUWUHAN

Total questions: 30

Worksheet time: 3600secs

Name
Class
Date
1.

Wuwuhan ing basa Jawa kaperang dadi 4, yaiku : ..., seselan, panambang, lan konfiks.

a)

anuswara

b)

tripurusa

c)

ater-ater

d)

kabeh wangsulan bener

2.

Ater-ater iku uga bisa diarani ....

a)

Akhiran

b)

Campuran

c)

Awalan

d)

Tengah-tengah

3.

Ater-ater sing kalebu ater-ater anuswara yaiku ....

a)

dak-, ko-, di-

b)

kuma, kami, kapi

c)

m-, n-, ny-, ng-

d)

a- lan ma-

4.

Ater-ater sing gunane ngrimbag tembing lingga dadi tembung kriya tanduk (kata kerja aktif) yaiku ....

a)

Seselan

b)

Panambang

c)

Ater-ater anuswara

d)

Ater-ater tripurusa

5.

Cacahe ater-ater tripurusa ana ....

a)

5

b)

4

c)

3

d)

2

6.

Ukara sing cocok kanggo gambar yaiku ....

a)

Andhika nandur TOGA.

b)

Andhika golek cacing.

c)

Andhika tuku polybag.

d)

Andhika mbubuti suket.

7.

Afwa nandur TOGA. Wasesa sing ana ing ukara iku migunakake tembung ....

a)

kriya tanduk

b)

kriya tanggap

c)

seselan

d)

panambang

8.

Tembung linggane "maca" yaiku ....

a)

waca

b)

maca

c)

wacan

d)

wacana

9.

m- + waca = ....

a)

maca

b)

mwaca

c)

mewaca

d)

maos

10.

Ater-ater sing gunane ngrimbag tembung lingga dadi tembung kriya tanggap (kata kerja pasif) yaiku ....

a)

ater-ater tripurusa

b)

ater-ater anuswara

c)

ater-ater

d)

m-, ny-, ng-, n-

11.

Tembung linggane "saomah" yaiku ....

a)

sa

b)

saom

c)

rumah

d)

omah

12.

Ukara ing ngisor iki sing migunakake seselan (sisipan) yaiku ....

a)

Ibu ndulang adhik

b)

Sawahe garing amarga mangsa ketiga

c)

Sarungku ana ing endi ?

d)

Pelem e podo gumandhul katon podo mateng-mateng

13.

Jegur + -el- = ....

a)

eljegur

b)

njegur

c)

jegurel

d)

jelegur

14.

... + ... = tinimba

a)

tini + -in-

b)

tiba + -in-

c)

nimba + -in-

d)

timba + -in-

15.

Wuwuhan sing ana ing tengah-tengahing tembung diarani ....

a)

Ater-ater

b)

Panambang

c)

Konfiks

d)

Seselan

16.

Sing kalebu seselan yaiku ....

a)

sa-, pa-, pi-, pra-, tar-, ka-

b)

-in-, -um-, -el-, -er-

c)

dak-, ko-, di-

d)

m-, n-, ny-, ng-

17.

Panambang yaiku wuwuhan sing ana ing ... tembung.

a)

ngarep

b)

mburi

c)

tengah-tengah

d)

ngarep lan mburi

18.

Panambang iso uga diarani ....

a)

awalan

b)

akhiran

c)

sisipan

d)

gabungan awalan lan akhiran

19.

karang + -an = ....

a)

karanang

b)

karangan

c)

ngarang

d)

karangen

20.

Wujude panambang salah sijine yaiku ....

a)

ko-

b)

-a

c)

-um-

d)

m-

21.

Yen awakmu sariawan bisa ngonsumsi jeruk. Tembung sing migunakake ater-ater yaiku ....

a)

awakmu

b)

sariawan

c)

jeruk

d)

ngonsumsi

22.

Eyang uga (unjuk) susu supaya sehat. Tembung ing njero kurung kudune ....

a)

ngunjuk

b)

unjuken

c)

unjukana

d)

unjuk

23.

Janganan iki uga bisa (tandur) ing dataran rendah. Tembung sajroning kurung kudune ....

a)

tinandur

b)

ditandur

c)

nandur

d)

tanduren

24.

Tasmu wes dakgowo mudun. Tembung sing kacetak miring migunakne wuwuhan ....

a)

ater-ater anuswara

b)

ater-ater tripurusa

c)

seselan

d)

panambang

25.

Bu Nayra sakaluwargane rawuh ing pasamuwan. Tegese ater-ater sa- ing tembung sakaluwargane yaiku ....

a)

padha

b)

kabeh

c)

karo

d)

nunggal

26.

Reva sakelas karo Kesya. Tegese ater-ater sa- ing tembung sakelas yaiku ....

a)

padha

b)

kabeh

c)

karo

d)

nunggal/siji

27.

Nathan lali ora sepatonan merga kesusu. Tegese panambang -an ing tembung sepatonan yaiku ....

a)

asil

b)

nganggo

c)

tiron

d)

ambal-ambalan

28.

Motor-motorane adhiku ilang. Tegese panambang -ane ing tembung motor-motorane yaiku ....

a)

nanggap

b)

nganggo

c)

tetirone/tiron(tiruan)

d)

papan/panggonan

29.

Ukara ing ngisor iki sing panambang -an e duwe teges nganggo yaiku ....

a)

Dhalange lagi ngepyakake gunungan

b)

Puteran kran e rusak

c)

Nalika muludan ing Kraton Surakarta ana adicara grebeg mulud

d)

Pak Kaji Ahmad saben dina mesthi kopyahan

30.

Bu guru kumlawe saka ngarep kantor katone arep njaluk tulung ngutus bocah-bocah. Tembung kumlawe ing ukara kasebut entuk seselan ....

a)

-um-

b)

-el-

c)

-in-

d)

-er-