Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAT BASA JAWA KELAS 7A

Total questions: 50

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Cacahe aksara legena kuwi ana pira...

a)

sepuluh

b)

selawe

c)

limolas

d)

rongpuluh

2.

Aksara legena sing gatra kaloro unine....

a)

ha, na, ca, ra, ka

b)

pa, da, ja, ya, nya

c)

ma, ga, ba, tha, nga

d)

da, ta, sa, wa la

3.

Sing kalebu sandhangan wyanjana iku...

a)

cakra, keret, pengkal

b)

cakra, layar, pangkon

c)

cakra, layar, pengkal

d)

cakra, keret, pangkon

e)

cakra, pengkal pangkon

4.

Sing kalebu sandhangan panyigeg wanda iku...

a)

cecak, wignyan, pengkal

b)

cecak, layar, wignyan

c)

cecak, keret, wignyan

d)

cecak, keret, pengkal

5.

Tembung iki yen ditulis aksara Jawa migunakake pengkal...

a)

nyekel yuyu

b)

yitna yuwana

c)

maos yasin

d)

dahsyat banget

6.

Prasetya bocah sregep.

Yen katulis ing aksara Jawa, yaiku....

a)
b)
c)
d)
7.

Tembang pangkur

Yen ditulis ing aksara Jawa, yaiku....

a)
b)
c)
d)
8.

Tembung kang panulisane migunakake sandhangan cakra keret manggon ing nomer....

a)

I

b)

II

c)

III

d)

IV

9.

Yen katulis ing aksara Latin yaiku....

a)

Maca koran lan buku.

b)

Maca kalawarti lan koran

c)

Maca buku lan koran.

d)

Maca koran lan kalawarti.

10.

Kyai mulang ngaji kitab.

Yen katulis ing aksara Jawa yaiku....

a)
b)
c)
d)
11.

1. Guru gatrane tembang kasebut yaiku....

a)

5

b)

6

c)

7

d)

8

12.

Guru wilangan lan guru lagune tembang kasebut, yaiku....

a)

8a, 10i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

b)

8a, 12i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

c)

8a, 10i, 7u, 7a, 12u, 7a, 8i

d)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

13.

Tembang kasebut kalebu jinise tembang macapat....

a)

Pangkur

b)

Durma

c)

Asmarandana

d)

Kinanthi

14.

Tembang macapat kasebut ngemot pitutur babagan....

a)

pendidikan

b)

sosial

c)

ekonomi

d)

pamarintahan

15.

Ngelmu iku kalakone kanthi laku. Ukara kasebut ngemu teges....

a)

Ilmu kuwi kudu diburu.

b)

Ilmu kuwi ora kudu diamalake.

c)

Ilmu kuwi kawujud manawa ditindakake.

d)

Ilmu kuwi bisa teka dhewe tanpa ditindakake.

16.

Tembang macapat kaiket dening paugeran tartamtu yaiku...

a)

Guru lagu, guru swara, lan guru wilangan

b)

Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu

c)

Guru swara, guru gatra, lan guru lagu

d)

Guru gatra, guru basa, lan guru wilangan

17.

Salah sijine tembang macapat yaiku...

a)

Wirangrong

b)

Megatruh

c)

Balabak

d)

Jurudemung

18.

Paugerane tembang Maskumambang...

a)

4 gatra = 12a, 6i, 8a, 12i

b)

4 gatra = 12i, 6a, 8i, 12a

c)

4 gatra = 12a, 6i, 8a, 8i

d)

4 gatra = 12i, 6a, 8i, 8a

19.

Tembang macapat iku cacahe ana ....

a)

9

b)

10

c)

11

d)

12

20.

Gatekna tembang Gambuh ing ngisor iki !


Sekar Gambuh ping catur,

Kang cinatur polah kang kalantur,

Tanpa tutur katula-tula katali,

Kadaluarsa katutuh,

Kapatuh pan dadi awon.


Guru wilangan lan guru lagune tembang Gambuh gatra kaping telu yaiku....

a)

10i

b)

12a

c)

10a

d)

12i

21.

Rasa Lega

(Dening : Anik W)

............................

Banyu langit ceblok saka angkasa

Nyangking hawa seger

Ngindhit rasa adhem

Nggegem pangarep-arep kang gawe tentrem

Nelesi jagad raya kang nandhang lapa.


Tembung kang kacithak kandel manut strukture ngetrapake panganggone....

a)

lelewaning basa

b)

pamilihe tembung (diksi)

c)

pengimajian

d)

purwakanthi

22.

Rasa Lega

(Dening : Anik W)

............................

Banyu langit ceblok saka angkasa

Nyangking hawa seger

Ngindhit rasa adhem

Nggegem pangarep-arep kang gawe tentrem

Nelesi jagad raya kang nandhang lapa.


Punggelan teks geguritan kasebut migunakake lelewaning basa (majas)....

a)

metafora

b)

hiperbola

c)

personifikasi

d)

litotes

23.

Tembung “putu wayah” ing geguritan kasebut, yaiku....

a)

tembung garba

b)

tembung kauwuhan

c)

tembung saroja

d)

tembung dasanama

24.

Purwakanthi kang tinemu ing saben pungkasane gatra ing geguritan kasebut jinise purwakanthi....

a)

guru sastra

b)

guru basa

c)

guru swara

d)

guru gatra

25.

Tembung “Tatag Teteg Tanggon” yen kadulu saka struktur fisike kalebu jinise purwakanthi....

a)

guru sastra

b)

guru basa

c)

guru lumaksita

d)

guru swara

26.

Piwulang luhur kang bisa dijupuk saka pethikan teks geguritan kasebut, yaiku.....

a)

Dadi wong kuwi kudu ngugemi janji.

b)

Dadi putune warok kuwi kondhang kaloka

c)

Dadia warok supaya bisa urip mulya

d)

Yen didhawuhi kuwi ora prelu dituhoni.

27.

Nada kang kinandhut ing sajrone teks geguritan kasebut, yaiku.....

a)

ngguroni

b)

nyindhir

c)

nggodha

d)

ngandhani

28.
adhiku mangan bubur jalaran mentas lara weteng. Tembung mangan iku tembung andahan, tembung linggane…
a)
pangan
b)
mangan
c)
pakan
d)
mangana
29.
bukuku wingi digawakake Rudi. Tembung digawekake linggane…
a)
digawa
b)
digawakakel
c)
gawe
d)
gawane
30.
eyang Jono (unjuk) jamu beras kencur. Tembung unjuk benere…
a)
ngunjuk
b)
ngunjukne
c)
diunjuk
d)
dakunjuk
31.
Dhik Rani dolanan dakon karo dhik Riska. Tembung dolanan linggane oleh panambang (akhiran)…
a)
n
b)
an
c)
nan
d)
na
32.
Bukuku dak gambari pemandangan. Dak ing tembung gambar diarani ater ater…
a)
tri
b)
purusa
c)
tripurusa
d)
ater-ater dak
33.
udhalen tembung dakgawakake sing bener…
a)
dak-gawak-ake
b)
dak-gawa-kake
c)
dak-gawa-ake
d)
dak-gawa-ne
34.

Pak Darmo nanduri sawahe kanthi cara tumpangsari.

Tembung sing kacithak kandel ing ukara kasebut kalebu dhapukane…

a)

katrangan cara

b)

katrangan syarat

c)

katrangan tujuwan

d)

katrangan wektu

35.

Wasesa biasane nganggo tembung...

a)

aran

b)

panyilah

c)

panguwuh

d)

kriya

36.

Para kadang tani nandur kedhele bibit unggul kanggo ningkatake asil panene.

Tembung sing kacithak kandel ing ukara kasebut kalebu dhapukane…

a)

katrangan wektu

b)

katrangan tujuwan

c)

katrangan cara

d)

katrangan akibat

37.

Para kadang tani nandure kedhele saya sengkud.

Tembung sing kacithak kandel ing ukara kasebut kalebu dhapukane…

a)

jejer

b)

wasesa

c)

lesan

d)

geganep

38.

Pak dhokter mriksa bocah sing lara.

Sing dadi jejer ing ukara kasebut yaiku…

a)

pak dhokter

b)

mriksa

c)

bocah

d)

sing lara

39.

Tyas lagi nggawe unjukan.

Ing ukara kasebut lesane yaiku…

a)

Tyas

b)

lagi

c)

nggawe

d)

unjukan

40.

Ukara kang nganggo katrangan piranti/alat yaiku...

a)

Adhik tuku sepatu ing pasar malem.

b)

Simbah gerah waja mulan digawa menyang puskesmas.

c)

Bu guru nulis rapot nganggo pulpen.

d)

Bocah-bocah sinau basa jawa amarga arep ulangan.

41.

Tembung aran biasane kalebu...

a)

jejer

b)

wasesa

c)

lesan

d)

katrangan

42.

Roti iki digawe saka glepung ketan.

Ukara kasebut migunakake katrangan....

a)

asal

b)

akibat

c)

ubaya

d)

piranti

43.

Kowe bakal tak wenehi hadhiah waton sregep sinau.

Ukara kasebut migunakake tembung katrangan....

a)

syarat

b)

sebab

c)

tujuwan

d)

wewatesan

44.

Ukara kang migunakake katrangan cacah, yaiku....

a)

Hanang budhal sekolah jam enem esuk.

b)

Trisya sinau nulis Jawa nganti jam sepuluh.

c)

Winda tuku beras sepuluh kilo.

d)

Bima budhal sekolah ngangge sepedhah.

45.

I. Agnes nangis nggero-nggero ing kamar.

II. Livia nulis aksara Jawa ana buku tulis.

III. Viona nandur kembang ing taman.

IV. Tatang kebentus lawang kelas.

Ukara kasebut kang migunakake pola J-W-L-K.papan, yaiku....

a)

I lan II

b)

I lan III

c)

I lan IV

d)

II lan III

46.

Dewi Suwido disingkirake saka istana Pajajaran.

Ukara kasebut yen diudhal manut kalungguhane, yaiku....

a)

J-W-K.asal

b)

J-W-G-K.asal

c)

J-W-L-K.papan

d)

J-W-G-K.papan

47.

1. Manut tata rakite, teks crita rakyat kasebut nuduhake perangan.....

a)

komplikasi

b)

orientasi

c)

resolusi

d)

reorientasi

48.

Piwulang kang bisa dijupuk saka pethikan teks crita rakyat kasebut, yaiku....

a)

Yen pengin nggayuh pepenginan kudu wani nindakake cara apa wae.

b)

Yen ora kepengin kalah karo wong liya kudu wani nyingkirake.

c)

Awake dhewe oleh nyingkirake wong liya kanthi cara nenung.

d)

Yen pengin kasil, awake dhewe kudu ngupaya kanthi dalan kang bener.

49.

Asal-Usule Tlaga Ngebel

..............................................................

Alon-alon bocah bajang iku mbedhol sada sing diencepake mau. Dumadakan ana lindhu gedhe, langite peteng dhedhet. Saka panggonan sada mau diencepake, bell! Metu banyune kang deres banget. Desa sarta para wargane sing gumedhe lan srakah padha kleleb. Ora ana kang bisa slamet, kajaba Nyai Latung sing wis nyepakake lesung lan enthong kaya kang dikandhakake bocah bajang nalika Nyai Latung menehake segane. Panggonan kang kleleb iku banjur ngembel, suwene suwe dadi tlaga kang dijenengake Tlaga Ngebel.


Sambung rapete teks crita rakyat kasebut karo kasunyatan jaman saiki, yaiku....

a)

Ana sambung rapete, wong kang gumedhe lan srakah iku mesthi ana piwalese.

b)

Ana sambung rapete, urip jaman saiki kudu gumedhe lan srakah yen ora pengin ketinggalan jaman.

c)

Ora ana sambung rapete, wong kang gumedhe lan srakah iku mesthi ana piwalese.

d)

Ora ana sambung rapete, urip jaman saiki kudu gumedhe lan srakah yen ora pengin ketinggalan jaman.

50.

Ing ngisor sing ora kalebu jenise cerita rakyat yaiku...

a)

Legenda

b)

Mite

c)

Fabel

d)

Cerita cekak