wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Gladhen Bahasa Jawa Kelas X

Total questions: 35

Worksheet time: 2hrs 11mins

Name
Class
Date
1.

Saksampunipun mangertos babagan sembah raga, cipta, jiwa, lan rasa ancas kang diangkah ….

a)

supaya bisa mengerteni kawruh ing donya

b)

supaya bisa tentrem atine

c)

supaya mangerteni tandha nugrahaning Gusti Allah

d)

supaya bisa nggayuh kepenginan ing donya

e)

supaya bisa urip mulya

2.

Mbok Randha Dhadhapan lungguh ing sapinggiring kali. Dumadakan Mbok Randha Dhadhapan weruh sawijining barang kang cumlorot ing satengahing kali kang asat iku. Mbok Randha Dhadhapan kaget banjur ngadeg marani barang kang cumlorot ing tengah kali iku. Eba gumune dheweke nalika weruh ana keyong kang ketindhihan watu. Ora sranta dheweke banjur njupuk watu kang nindhihi keyong iku. Sawise watu dijupuk, dheweke banjur njupuk keyong cumlorot kang ketindhihan watu lan keyong mau dilebokake ing genthonge. Mbok Randha Dhadhapan nuli bali mulih menyang gubuge.


Latar panggonan ing pethikan cerita kasebut yaiku ....

a)

Gubuge Mbok Randha Dhadhapan

b)

Sapinggiring kali

c)

Sapinggiring alas

d)

Sapinggiring tlaga

e)

Ngisor watu

3.

Sawise wareg, Buta Ijo bali nututi Timun Mas. Timun Mas banjur nguncalake buntelan kaloro. Dumadakan papan iku dadi alas pring. Ananging Buta Ijo bisa ngliwati alas pring mau. Timun Mas nguncalake buntelan katelu karo mlayu. Sanalika papan iku dadi segara kang banyune kimplah-kimplah. Ananging Buta Ijo bisa mentas saka segara ikunlan bali ngoyak Timun Mas. Enggal-enggal Timun Mas nguncalake buntelan kang pungkasan. Sanalika panggonan mau dadi segara lendhut. Buta Ijo kejebur ing segara lendhut mau. Dheweke glagepan lan ambles ora bisa uwal saka segara lendhut mau.


Paraga ing pratelan crita kasebut, yaiku ….

a)

Mbok Randha Dhadhapan

b)

Buta Ijo

c)

Timun Mas lan Buta Ijo

d)

Pak Tani

e)

Andhe-andhe lumut

4.

Krungu pambengoke Buta Ijo, Mbok Randha ndredheg lan ngewel. Mbok Randha nginjen kahanan njaba gubuge saka sela-selane gedheg gubuge.

Latar swasana pethikan crita kasebut yaiku ....

a)

seneng

b)

susah

c)

kendel

d)

wedi lan kuwatir

e)

wani

5.

Sawijining dina omahe Mbok Randha Dhadhapan ketekan sawijining tamu. Sajake tamu mau punggawa kraton, katilik saka sandhangan kang dienggo. Tamu mau njaluk ngombe marang Mbok Randha Dhadhapa. Mbok Randha Dhadhapan menehi bokor kencana wadhah banyu marang tamu kasebut. Tamu iku kang ora liya Pangeran Panji Inu Kertapati kang nggoleki garwane kaget amarga meruhi bokor kencana kasebut. Miturut dheweke ora ana wong liya kang nduweni bokor kencana saliyane Putri Galuh Candra Kirana.


Tembung liyane saka tembung kang kacitak kandel ing pratelan crita ing dhuwur, yaiku ....

a)

tembaga

b)

tembikar

c)

emas

d)

perak

e)

kreta

6.

Sawijining wengi Mbok Randha ngimpi ketemu karo sawijinibg pertapa ing Gunung Gandhul. Pertapa iku bisa menehi pitulungan, amrih Timun Mas bisa uwal saka Buta Ijo. Esuke Mbok Randha tumuju Gunung Gandhul saperlu nyuwun pitulungan marang sang pertapa. ..............

Wong kang arep nulungi Mbok Randha yaiku ....

a)

Buta Ijo

b)

Guru

c)

Pertapa ing Gunung Gandhul

d)

Pertapa ing gunung

e)

Timun Mas

7.

Dhek jaman biyen ing sawijining desa, ana sawijining ibu kang urip ijen. Dening wong-wong desane ibu iku diundang kanthi jeneng Mbok Randha. Mbok Randha iku wis suwe ditinggal mati dening sisihane. Mbok Randha iku ora duwe anak lan sedulur liyane. Saben dina Mbok Randha iku tansah memuji lan dedonga marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, amrih diparingi anak pramila dheweke ora urip ijen maneh.

Nilai luhur ing pethikan crita kasebut yaiku ....

a)

nilai paseduluran

b)

nilai kasarasan

c)

nilai keadilan

d)

nilai keagamaan

e)

nilai sosial

8.

Gatekna pariwara iku kanthi permati!


Pariwara kasebut awujud ....

a)

majalah

b)

koran

c)

TV

d)

poster

e)

komputer

9.

Gatekna pethilan pariwara ing ngisor kanthi permati!

(Pariwara ing Borobudur News babagan C-19 ing Magelang nyebar)

Wabah virus ing Kabupaten Magelang sansaya nyebar. Wingi sore (3/4/2020), cacah pasien positif dikonfirmasi nambah wong loro. Perkara iku dibabarake dening Juru Bicara Gugus Covid-19 Kabupaten Magelang Nanda Cahyadi Pribadi marang borobudurnews.com. Dheweke mbenerake yen ana rong pasien covid-19 ing Kabupaten Magelang. Ing kalodhangan iki, Nanda ngirimake data anyar Covid-19 ing Kabupaten Magelang, yaiku Orang Dalam Pemantauan (ODP) cacahe 388 uwong lan Pasien Dalam Pengawasan (PDP) cacahe nganti 24 uwong. Pasien positif tambahan iku asale saka Kecamatan Boroudur lan Srumbung. Sadurunge telu liyane asale saka Borobudur, Salaman, lan Tegalrejo. Dene warga kang PDP utawa durung terkonfirmasi kasebar ing 8 Kecamatan.

Kapethik saka: https://borobudurnews.com/corona-di-magelang-meluas-bertambah-dua-pasien-positif-di-borobudur-dan-srumbung/

Adhedhasar pariwara kasebut, pasien loro kang divonis positif covid-19 asale saka Kecamatan ....

a)

Borobudur lan Srumbung

b)

Borobudur lan Salaman

c)

Salaman lan Srumbung

d)

Srumbung lan Tegalrejo

e)

Tegalrejo lan Borobudur

10.

Gatekna pethilan pariwara ing ngisor kanthi permati!

(Pariwara ing Borobudur News babagan C-19 ing Magelang nyebar)

Wabah virus ing Kabupaten Magelang sansaya nyebar. Wingi sore (3/4/2020), cacah pasien positif dikonfirmasi nambah wong loro. Perkara iku dibabarake dening Juru Bicara Gugus Covid-19 Kabupaten Magelang Nanda Cahyadi Pribadi marang borobudurnews.com. Dheweke mbenerake yen ana rong pasien covid-19 ing Kabupaten Magelang. Ing kalodhangan iki, Nanda ngirimake data anyar Covid-19 ing Kabupaten Magelang, yaiku Orang Dalam Pemantauan (ODP) cacahe 388 uwong lan Pasien Dalam Pengawasan (PDP) cacahe nganti 24 uwong. Pasien positif tambahan iku asale saka Kecamatan Boroudur lan Srumbung. Sadurunge telu liyane asale saka Borobudur, Salaman, lan Tegalrejo. Dene warga kang PDP utawa durung terkonfirmasi kasebar ing 8 Kecamatan.

Kapethik saka: https://borobudurnews.com/corona-di-magelang-meluas-bertambah-dua-pasien-positif-di-borobudur-dan-srumbung/

Wosing pethilan pariwara ing dhuwur yaiku ....

a)

Cacahe pasien positif covid-19 kang seda

b)

Informasi cara nyegah covid-19 saka juru bicara gugus covid-19

c)

Nyebare virus covid-19 ing Kabupaten Magelang

d)

Cacahe kabpuaten kang kena virus covid-19

e)

Nanda paring pawarta babagan nyegah covid-19

11.

Salah siji strategi masarake barang yaiku kanthi menehi pangerten marang konsumen babagan ... produk kang ditawakake tinimbang produk liyane.

a)

kaluwihan

b)

kacocogan

c)

kakurangan

d)

regane

e)

katrangan

12.

Tuladha pariwara kang arupa tulisan yaiku iklan kang ana ing ....

a)

TV

b)

koran

c)

radhiyo

d)

kertas

e)

komputer

13.

Pariwara utawa iklan iku mémpêr ....

a)

pawarta

b)

artikel

c)

wara-wara

d)

gambaran

e)

cerkak

14.

Parikan iki jangkepana

Nyangking ember kiwa tengen, ....

a)

dadi murid kudu pinter

b)

lungguh jejer nggo tamba kangen

c)

luwih becik sing prasaja

d)

wong urip aja neka-neka

e)

mumpung enom sregep makarya

15.

Saiki ing ngendi papan iku bakune ora kena bebndu lan pepalang, mula tansah eling mring Gusti. Saben aku arep lunga menyang ngendi-endi supaya ora ana alangan apa-apa aku ngucap ....

a)

Watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati

b)

Gliyak-gliyak tumindak, alon-alon waton kelakon

c)

Yen gelem obah bakal mamah

d)

Begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lawan waspada

e)

Sluman slumun slamet

16.

Gatekna pethilan paragraf ing ngisor!

Adicara maleman Sriwedari kang wus lerem 15 taun. Ing taun iki digelar maneh kanthi njupuk wektu 2 Agustus - 1 September. Adicara kasebut digelar ing tilas Taman Bonraja, yaiku Plasa Sriwedari, Joglo Sriwedari kanthi tekan mburi Taman Sriwedari. Miturut sujarah, pasar rakyat Maleman Sriwedari wus digelar nalika jaman Paku Buwana X kanggo wahana ;panglipur masyarakat. Ing Plasa Sriwedari, saben wengi digelar kesenian tradhisi saka sanggar-sanggar seni ing Solo. Salah sijine yakuwi Sanggar Semarak Candra Kirana kang mbabar Tari Karonsih. Tari Karonsih yakuwi tari kang nggambarake ketemune Dewi Sekartaji kaliayan Panji Asmara kang wus suwe pisah.

Adicara kasebut digelar suwene ....

a)

seminggu

b)

telung minggu

c)

limang minggu

d)

rong minggu

e)

patang minggu

17.

Gatekna pethilan paragraf ing ngisor!

Maleman Sriwedari dadi salah sijine papan panggonane para seniman ing Kutha Solo kanggo ngetokake lan tawa-tawa bab seni tradhisi. Nalika akeh adicara budaya panglipur ing masyarakat, bakal bisa nguri-uri budaya Jawa. Miturut Asisten Ekonomi Pembangunan dan Kesejahteraan Rakyat Sekretariat Daerah Soklo, Eni Tyasni, pasar rakyat maleman Sriwedari ing jaman ndisik dadi wahana kang dienten-enteni masyarakat. Sebab, dadi panglipur lan ana maneka warna jinis seni tradhisi kang digelar.

Adicara kasebut digelar ing tilas Taman ....

a)

Balaikambang

b)

Bonraja

c)

Kembang

d)

Sriwedari

e)

Kota

18.

Gatekna pacelathon ing ngisor kanthi trep!

Bapak : “Le, wis muga-muga pisan iki aku urusan karo sekolah amarga tingkah lakumu sing bola bali nglanggar aturan.”

Anak : “Menika jane sanes salah kula, Pak. Mung kula tiba apes mawon, kala wingi salah kanca kula. Winginane malih ugi saah kanca kula.”

Bapak : “Yen ngene terus isa judheg nggonku mikir kowe!”

Anak : “Sing penting menika sanes salah kula!”

Pacelathon iku bisa digambarake nganggo wangsalan, yaiku ....

a)

Pitik walik saba kebon

b)

Mrica kecut sauni-unine

c)

Njangan gori isa gawe judheg

d)

Njanur gunung kadingaren

e)

Nyaron bumbung gawe cengklungen

19.

Tari kang nggambarake ketemune Dewi Sekartaji lan Panji Asmara kang wus suwe pisah yaiku tari ....

a)

Gambyong

b)

Jaipong

c)

Bondan

d)

Karonsih

e)

Pendhet

20.

Tembang Gambuh iku duwe watak kang bisa dianggo ing padinan dening manungsa. Watake tembang Gambuh yaiku ....

a)

sereng

b)

sembrana

c)

sumanak

d)

nglokro

e)

prihatin

21.

Samengko ingsun tutur.

Dasanamane tembung ingsun yaiku ....

a)

aku

b)

kowe

c)

dheweke

d)

sampeyan

e)

panjenengan

22.

Crita rakyat iku perangan karya sastra lisan kang duwe karakter crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit, yaiku ....

a)

religius

b)

anonim

c)

kolektif

d)

kontradiktif

e)

individual

23.

Crita kang dadi duweke masarakat bebarengan diarani ....

a)

religius

b)

kontradiktif

c)

kolektif

d)

anonim

e)

individual

24.

Ukara pariwara kang trep kanggo pariwara shampoo yaiku ....

a)

Ireng janges, semir Kiswi jagone!

b)

Awak wangi, Lave sabune!

c)

Cepet, irit, lan murah, Mas!

d)

Rikma alus, Slik shampoo-ne!

e)

Murah meriah, bakal alus, wangun, lan apik.

25.

Pedagang padha golek bathi akeh.

Tembung liya saka bathi yaiku ....

a)

untung

b)

dhuwit

c)

rugi

d)

rugi

e)

bak-buk

26.

Ing ngisor iki kang kalebu purwakanthi swara yaiku ....

a)

teteken tekun bakal tekan

b)

tata, titi, tentrem

c)

bayem arda, ardane ngrasuk busana

d)

rereh, ririh, ruruh

e)

ora uwur ora sembur

27.

Jenang sela wader kali sesonderan, ....

Bacutane wangsalan ing dhuwur yaiku ....

a)

apuranta akeh kesalahan

b)

nyuwun agenging pangaksama

c)

nyuwun sewu salah kawula

d)

nyuwun sewu lepat kawula

e)

apuranta kathah lepat kawula

28.

Gunane aksara Murda, kajaba ....

a)

nulis tembung basa India

b)

nulis jeneng

c)

nulis panggonan

d)

nulis gelar

e)

nulis jeneng instansi

29.

Aksara Murda uga disebut aksara ....

a)

swara

b)

irung

c)

mahaprana

d)

nglegena

e)

vokal

30.

Aksara ing ngisor iki kang ora kalebu aksara Murda, yaiku ….

a)
b)
c)
d)
e)
31.

Kakang ku sekolah ana ing Lembaga Keuangan.

Tembung *lembaga* yen ditulis nganggo Aksara Jawa, yaiku ….

a)
b)
c)
d)
e)
32.

Ing ngisor iki kang kalebu kutha ing tlatah Jawa Tengah, yaiku ....

a)
b)
c)
d)
e)
33.

Wulan ngarep Kangmas Gandung arep nikahi Mbak Sulastri, menawa Kangmas Gandung kepengin ngurus surat nikah kudu menyang ing ....

a)
b)
c)
d)
e)
34.

Ukara Jawa iku yen ditulis Latin, yaiku ….

a)

Gunung kang gedhe lan isih aktif ana ing Jawa Tengah

b)

Jawa Tengah duwe gunung kang kaaran Gunung Merapi

c)

Gunung Merbabu iku gunung kang mati ing Jawa Tengah

d)

Gunung Merapi iku mapan ing Jawa Tengah

e)

Gunung Merbabu lan Merapi mapane ana ing Jawa Tengah

35.
a)

Polisi

b)

Catatan Sipil

c)

Kecamatan

d)

KUA

e)

Perhubungan