WorksheetsPAS GENAP BAHASA JAWA XI 2019/2020
Total questions: 40
Worksheet time: 3hrs 20mins
Gatekna tembang ing ngisor iki !
Samengko ingsun tutur
Sembah catur supaya lumuntur
Dhihin raga cipta jiwa rasa kaki
………………………..
Tandha nugrahaning manon
Ukara kang trep kanggo njangkepi tembang Gambuh ing ndhuwur, yaiku….
Sembah raga puniku
Kang cinatur polah kang kalantur
Ing kono lamun tinemu
Sinarawung wulang kang sinerung
Dhingin raga cipta rasa jiwa kaki
Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos
Cakepan tembang ing dhuwur iku kalebu tembang ….
dolanan
gambuh
maskumambang
pangkur
gendhing Jawa
Sembah catur supaya lumuntur ateges ...
Wujud sembah raga cipta jiwa rasa
Setitekna apa kang takandharake
Iku wujud kanugrahan Gusti
Andharan babagan sembah patang perkara
Welingku nindakna patang perkara supaya entuk kanugrahan Gusti
Tandha nugrahaning Manon ateges ….
Wujud sembah raga cipta jiwa rasa
Setitekna apa kang takandharake
Iku wujud kanugrahan Gusti
Andharan babagan sembah patang perkara
Welingku nindakna patang perkara supaya entuk kanugrahan Gusti
Tembung ingsun dasanamane yaiku …
dheweke
kowe
panjenengan
aku
sampeyan
Wateke tembang Gambuh yaiku …
welas asih
galak
kasmaran
nelangsa
mituturi
Wacan ing ngisor iki kanggo nomer 7 – 9!
Mbok Randha Dhadhapan lungguh ing sapinggiring kali. Dumadakan Mbok Randha Dhadhapan weruh sawijining barang kang cumlorot ing satengahing kali kang asat iku. Mbok Randha Dhadhapan kaget banjur ngadeg marani barang kang cumlorot ing tengah kali iku. Eba gumune dheweke nalika weruh ana keyong kang ketindhihan watu. Ora sranta dheweke banjur njupuk watu kang nindhihi keyong iku. Sawise watu dijupuk, dheweke banjur njupuk keyong cumlorot kang ketindhihan watu lan keyong mau dilebokake ing genthonge. Mbok Randha Dhadhapan nuli bali mulih menyang gubuge.
Latar panggonan ing pethikan cerita kasebut yaiku ....
Gubuge Mbok Randha Dhadhapan
Sapinggiring kali
Sapinggiring alas
Sapinggiring Tlaga
Ngisor watu
Nalika Mbok Randha Dhadhapan lungguh ing sapinggiring kali dumadakan weruh ....
Kali asat
Watu gedhe
Watu ing kali asat
Keyong kang ketindhihan kayu
Keyong kang cumlorot ketindhihan watu
Watake Mbok Randha Dhadhapan yaiku ....
Seneng tetulung
Sregep
Wegahan
Seneng melik barang liyan
Seneng golek pangan
Sawise wareg, Buta Ijo bali nututi Timun Mas. Timun Mas banjur nguncalake buntelan kaloro. Dumadakan papan iku dadi alas pring. Ananging Buta Ijo bisa ngliwati alas pring mau. Timun Mas nguncalake buntelan katelu karo mlayu. Sanalika papan iku dadi segara kang banyune kimplah-kimplah. Ananging Buta Ijo bisa mentas saka segara ikunlan bali ngoyak Timun Mas. Enggal-enggal Timun Mas nguncalake buntelan kang pungkasan. Sanalika panggonan mau dadi segara lendhut. Buta Ijo kejebur ing segara lendhut mau. Dheweke glagepan lan ambles ora bisa uwal saka segara lendhut mau.
Paraga ing pratelan crita kasebut, yaiku ….
Mbok Randha Dhadhapan
Buta Ijo
Timun Mas lan Buta Ijo
Pak Tani
Andhe-andhe lumut
Krungu pambengoke Buta Ijo, Mbok Randha ndredheg lan ngewel. Mbok Randha nginjen kahanan njaba gubuge saka sela-selane gedheg gubuge.
Latar swasana pethikan crita kasebut yaiku ....
seneng
susah
kendel
wedi lan kuwatir
wani
Gatekna paragraf ing ngisor kanthi permati!
Sawijining dina omahe Mbok Randha Dhadhapan ketekan sawijining tamu. Sajake tamu mau punggawa kraton, katilik saka sandhangan kang dienggo. Tamu mau njaluk ngombe marang Mbok Randha Dhadhapa. Mbok Randha Dhadhapan menehi bokor kencana wadhah banyu marang tamu kasebut. Tamu iku kang ora liya Pangeran Panji Inu Kertapati kang nggoleki garwane kaget amarga meruhi bokor kencana kasebut. Miturut dheweke ora ana wong liya kang nduweni bokor kencana saliyane Putri Galuh Candra Kirana.
Tembung liyane saka tembung kang katulis kandel ing pratelan crita ing dhuwur, yaiku ....
tembaga
tembikar
emas
perak
kreta
Dongeng kang paragane kewan lan bisa wawan-gunem kaya manungsa diarani ...
fabel
mite
sage
farabel
legendha
Kang ora kalebu mite yaiku …
Ken Arok lan Ken Dedes
Thuyul
Nyi Roro Kidul
Nyi Blorong
lelembut
Kang ora kalebu unsur intrinsik crita rakyat yaiku ...
amanat
alur
point of view
pangripta
paraga
Piweling utawa piwulang luhur kang kaandhut ing sajroning crita, kang arep diwenehake pangripta marang pamaca diarani ...
amanat
alur
point of view
pangripta
paraga
Nyekakake crita rakyat kanthi tetep nggatekake unsur-unsur intrinsik crita rakyat kasebut ...
sinopsis
cerkak
cerbung
novel
crita rakyat
Gatekna pratelan pariwara ing ngisor kanthi permati kanggo mangsuli pitakonan no 18 - 20!
(Pariwara ing Radhio “Candhi Sewu FM)
Swara gendhing “Sarung Jagung” muni ngangkang, swara wiwit nggremet saya lirih banjur alon-alon metu swara iklan:
“Para kadang tani ora sah bingung yen arep nenandur: “Jagung Hibridha Unggul”. Gampang golek-golekane lan gampang nandure. Pak Tani takaturi mundhut winih Jagung Hibrida ing Toko “ TANI MAKMUR”. Toko “ TANI MAKMUR” alamat Jl. Ceplok Piring, Tonggalan, Klaten. Telp. 0272-233252. Sapisan malih mangga para miyarsa kula aturi tindak ing toko Tani Makmur mundhut wiji jagung unggul. Para tani mesthi makmur.
Pariwara kasebut kagiyarake lumantar ....
majalah
koran
TV
radhio
komputer
Jenenge toko kang ngadol winih kasebut yaiku ....
Tani Berkah
Tani Mujur
Tani Makmur
Tani Untung
Tani Subur
Pariwara kasebut nawakake ....
winih jagung
winih pari
winih lombok
winih dhele
winih pelem
Salah siji strategi masarake barang yaiku kanthi menehi pangerten marang konsumen babagan ... produk kang ditawakake tinimbang produk liyane.
kaluwihan
kecocogan
kakurangan
regane
katrangan
Tuladha pariwara kang arupa tulisan yaiku iklan kang ana ing ....
TV
koran
radhio
kertas
komputer
Pariwara utawa iklan iku mémpêr ....
pawarta
artikel
wara-wara
gambaran
crita
Teks kang njlentrehake sawijining bab satemah bisa njembarake pangerten utawa seserapane pamaca diarani teks …
narasi
deskripsi
persuasi
eksposisi
argumentasi
Unen-unen kang dumadi saka rong gatra. Ukara kapisan narik kawigaten, dene ukara kapindho minangka isi diarani …
parikan
wangsalan
basa rinengga
paribasan
saloka
“Godhong garing, esuk-esuk kok wis nglaras”.
Tuladha ing ndhuwur kalebu tuladha …
parikan
wangsalan
basa rinengga
paribasan
saloka
"Godhong garing, esuk-esuk kok wis nglaras”. Batangane yaiku …
suket
godhong
kupluk
klaras
alas
Gatekna pratelan paragraf ing ngisor kanthi permati kanggo mangsuli pitakonan no 28 - 33!
Tari Karonsih, Endahe Pepasihan
Adicara maleman Sriwedari kang wus lerem 15 taun. Ing taun iki digelar maneh kanthi njupuk wektu 2 Agustus - 1 September. Adicara kasebut digelar ing tilas Taman Bonraja, yaiku Plasa Sriwedari, Joglo Sriwedari kanthi tekan mburi Taman Sriwedari. Miturut sujarah, pasar rakyat Maleman Sriwedari wus digelar nalika jaman Paku Buwana X kanggo wahana ;panglipur masyarakat. Ing Plasa Sriwedari, saben wengi digelar kesenian tradhisi saka sanggar-sanggar seni ing Solo. Salah sijine yakuwi Sanggar Semarak Candra Kirana kang mbabar Tari Karonsih. Tari Karonsih yakuwi tari kang nggambarake ketemune Dewi Sekartaji kaliyan Panji Asmara kang wus suwe pisah.
Maleman Sriwedari dadi salah sijine papan panggonane para seniman ing Kutha Solo kanggo ngetokake lan tawa-tawa bab seni tradhisi. Nalika akeh adicara budaya panglipur ing masyarakat, bakal bisa nguri-uri budaya Jawa. Miturut Asisten Ekonomi Pembangunan dan Kesejahteraan Rakyat Sekretariat Daerah Soklo, Eni Tyasni, pasar rakyat maleman Sriwedari ing jaman ndisik dadi wahana kang dienten-enteni masyarakat. Sebab, dadi panglipur lan ana maneka warna jinis seni tradhisi kang digelar.
Jinising wacan kasebut yaiku ....
narasi
deskripsi
argumentasi
eksposisi
persuasi
Adicara kang dirembug ing wacan "Tari Karonsih, Endahe Pepasihan" yaiku ....
Maleman Sekatenan
Maleman Tirakatan
Maleman Muludan
Maleman Selikuran
Maleman Sriwedari
Adicara Maleman Sriwedari digelar suwene ....
seminggu
telung minggu
limang minggu
rong minggu
patang minggu
Adicara Maleman Sriwedari digelar ing tilas Taman ....
Balaikambang
Bonraja
Kembang
Sriwedari
Kota
Miturut sujarah, pasar rakyat Maleman Sriwedari wis digelar nalika jaman ....
Paku Buwana IX
Paku Buwana X
Paku Buwana XI
Paku Buwana XII
Paku Buwana XIIi
Tari kang nggambarake ketemune Dewi Sekartaji lan Panji Asmara kang wus suwe pisah yaiku tari ....
Gambyong
Jaipong
Bondan
Karonsih
Pendhet
Cacahe aksara murda yaiku ana …
5
6
7
8
9
Aksara ing ngisor iki kang ora kalebu aksara Murda, yaiku ….
Kakang ku sekolah ana ing Lembaga Keuangan.
Ukara ing dhuwur yen ditulis nganggo Aksara Jawa, yaiku …
Ing ngisor iki kang kalebu kutha ing tlatah Jawa Tengah, yaiku …
Wangsulan kang bener yaiku ...
Polisi
Catatan Sipil
Kecamatan
KUA
Perhubungan
Wulan ngarep Kangmas Gandung arep nikahi Mbak Sulastri, menawa Kangmas Gandung kepengin ngurus surat nikah kudu menyang ing ….
Ukara Jawa ing dhuwur yen ditulis Latin, kawaca ….
Gunung kang gedhe lan isih aktif ana ing Jawa Tengah.
Jawa Tengah duwe gunung kang kaaran Gunung Merapi.
Gunung Merbabu iku gunung kang mati ing Jawa Tengah.
Gunung Merapi iku mapan ing Jawa Tengah.
Gunung Merbabu lan Merapi mapane ana ing Jawa Tengah.
