wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAT BASA JAWA KELAS 8A

Total questions: 50

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Padha Nyawiji


Ayo padha nyiwitji

tuwa mudha jaler estri

ayuk eka kapti

Bareng dha tumandang nyukupi

sandhang aja ana kang korupsi

yen padha korupsi negarane rugi kang sayekti


Pitutur luhur ing cakepan tembang dolanan ing dhuwur kaya ing ngisor iki, kajaba ..

a)

tuntunan supaya tansah njaga kerukunan lan persatuan

b)

Tuntunan supaya padha gotong royonh nyambut gawe bebarengan

c)

tuntunansupaya padha korupsi

d)

Yen padha korupsi sayekti negarane bakal nandhang rugi

2.

Padha Nyawiji


Ayo padha nyiwitji

tuwa mudha jaler estri

ayuk eka kapti

Bareng dha tumandang nyukupi

sandhang aja ana kang korupsi

yen padha korupsi negarane rugi kang sayekti


cakepan tembang ing dhuwur nggunakake basa rinengga ...

a)

purwakanthi guru swara

b)

purwakanthi guru sastra

c)

purwakanthi lumaksita

d)

purwakanthi carita

3.

"Layohe prajurit wor suh lan kunarpane para pangeran lan raja wadyabala kurawa lan pandhawa".


Tembung layon lan kunapa tegese padha karo mayit.

Tembung kang padha tegese kaya tetembungan ing dhuwur diarani ...

a)

tembung saroja

b)

dasanama

c)

tembung enter

d)

tembung garba

4.
Basa Ngoko kang kacampuran tembung krama inggil utawa tembung krama andhap diarani ...
a)
basa ngoko lugu
b)
basa ngoko alus
c)
basa krama lugu
d)
basa krama alus
5.

Bu Guru : Lho Ran, Bapakmu ki nyambut gawe apa ta?

Rani : ___________________


jawaban sing trep tumrap Rani miturut ungguh-ungguhe yaiku ...

a)

Bapakku nyambut gawe kejaksaan

b)

Bapakku kerja neng kejaksaan

c)

Bapakku ora nyambut gawe

d)

Bapak kula nyambung ingkang kejaksaan

6.

"Mbak Risti, aku dikongkon Ibu menehne layang iki marang bu Minah,"


critane Lindha marang Risti, mbakyune Ucapane Lindha marang mbakyune mau kurang pas, amarga nganggo basa ngoko lugu.


Mestine kudu nganggo basa ngoko andhap/alus. Basa ngoko aluse dadi ...

a)

Mbak Risti, kula wau dipun kengken Ibu nyukakaken layang niki dhateng bu Minah

b)

Mbak Risti, kula kalawau dipunutus Ibu ngaturaken serat niki datheng bu Minah

c)

Mbak Risti, aku mau diutus Ibu ngaturake layang iki marang Bu Minah

d)

Mbak Risti, layang iki wenehna bu Minah

7.

Pak Warsito nate ngendika manawa panjenengane ora bakal kondur yen durung rampung pakaryane.


Yen diowahi dadi basa krama alus ...

a)

Pak Warsito natos ngendika manawi panjenenganipun boten badhe kondur manawi dereng rampung padamelanipun

b)

Pak Warsito natos sanjang manawi piyambakipun boten badhe wangsul manawi dereng rampung padamerlanipun

c)

Pak Warsito natos ngendika manawi piyambake boten badhe wangsul manaawi dereng rampung padamelanipun

d)

Pak Warsito nate ngendika manawi panjenegan dalem boten badhe kundur manawi dereng rampung padamelanipun

8.
Rakitan tetembungan kang runtut swarane diarani ...
a)
purwakanthi guru swara
b)
purwakanthi guru sastra
c)
purwakanthi guru lagu
d)
purwakanthi lumaksita
9.
Rakitane tetembungan kang runtut sastrane diarani ...
a)
purwakanthi guru swara
b)
purwakanthi guru sastra
c)
purwakanthi guru lagu
d)
purwakanthi lumaksita
10.
Rakitane tetembungan kang runtut basa/tembungane diarani ...
a)
purwakanthi guru swara
b)
purwakanthi guru sastra
c)
purwakanthi guru lagu
d)
purwakanthi lumaksita
11.
Ing ngisor iki tuladha purwakanthi guru swara, yaiku ...
a)
Ireng-ireng ketok untune, bareng seneng ketok guyune
b)
lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik
c)
kala kula kelas kalih, kalung kula kolang-kaling keli ing kalen klien kula
d)
Pak Karta tuku kertu dhuwite kertas, nunggang kreta patinh kertep liwat kreteg Kertasana
12.

Timun - munte - tela - landa - ndemok asu - sugih utang - tanggal siji - jimantolo - lopas lapis - pista raja - jaka bagus - gusti kula - lombok abang - bangku dhuwur - wura-wari - rina wengi - ngilo kaca - cara landa


tatembungan kasebut diarani ...

a)

purwakanthi guru swara

b)

purwakanthi guru sastra

c)

purwakanthi guru lagu

d)

purwakanthi lumaksita

13.

Piranti kanggo sesambungan karo wong liya sing awujud tulisan kanthi tujuan menehi kabar tertamtu diarani...

a)

Layang

b)

Handphone

c)

Email

d)

Internet

14.

Yen arep kirim layang kudu mara ing...

a)

Telkom

b)

Bank

c)

Kantor pos

d)

Koperasi

15.

Miturut jinise, layang diperang dadi...

a)

3

b)

7

c)

4

d)

5

16.

Ukara sing isine nyritakake sawijining bab, kedadean, utawa sawijining kaanan marang wong liya diarani ukara...

a)

Pitakon

b)

Pakon

c)

Sananta

d)

Carita

17.

Perangane layang sing isine nerangake prenahe wong sing ngirim lan sing dikirimi layang, kayata mitraku, bapak, ibumu, ingkang putra, lsp. Diarani...

a)

Prepenah

b)

Bebuka

c)

Adangiyah

d)

Titimangsa

18.

"Mojokerto, 03 Maret 2020"

Pethikan layang kasebut kalebu perangan...

a)

Adangiyah

b)

Prepenah

c)

Papan lan Titimangsa

d)

Bebuka

19.

Layang sing isine ngabarake kabar kesripahan diarani layang...

a)

Layang paturan

b)

Layang dhawuh

c)

Layang kitir

d)

Layang lelayu

20.

aksara jawa ing dhuwur kalebu aksara ...

a)

rekan

b)

murda

c)

swara

d)

sirah

e)

angka

21.

aksara murda tegese ...

a)

aksara sirah, manawa ing basa Indonesia diarani huruf kapital

b)

aksara jawa, manawa ing basa Indonesia diarani huruf kapital

c)

aksara swara, manawa ing basa Indonesia diarani huruf kapital

d)

aksara rekan, manawa ing basa Indonesia diarani huruf kapital

e)

aksara angka, manawa ing basa Indonesia diarani huruf kapital

22.

aksara murda ora kena dadi sesigeging wanda, ora kena dipangku lan ora bisa dipasangi aksara murda bisa diwenehi sandhangan aksara murda ora kena digawe pasangan aksara murda duwe pasangan saengga bisa dadi pasangan aksara murda uga bisa dianggep minangka aksara gede


teka pernyataan katulis ing dhuwur, sing kalebu tata carane nganggo aksara murda yaiku ...

a)

1, 2 lan 3

b)

1, 2 lan 4

c)

2, 3 lan 4

d)

2, 4 lan 5

e)

3, 4 lan 5

23.

aksara swara gunane ...

a)

kanggo nulis jeneng wong lan jeneng apa wae, kalebu pangkat utawa kalungguhan

b)

kanggo nulis pangkat utawa kalungguhan

c)

kanggo nulis tembung manca kang wis rumasuk basa Jawa nganti arang kang sumurup asale ditulis tanpa swara

d)

kanggo nulis tembung manca kang wis rumasuk basa Jawa nganti arang kang sumurup asale ditulis tanpa swara lan nulis pangkat utawa kalungguhan

e)

kanggo nulis tembung manca kang wis rumasuk basa Jawa lan nulis jenenge kutha, desa, nagara utawa uwong

24.

Aksara swara gunane kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, tegese wis dianggep tembung ing basa jawa jalaran lumrah digunakake.


paugeran sing kalebu nggunakake aksara swara yaiku ...

a)

aksara swara bisa dadi pasangan,

b)

aksara swara ora bisa dadi pasangan

c)

aksara swara duwe pasangan saenggo bisa dadi pasangan

d)

aksara swara bisa diwenehi sandangan

e)

aksara swara cukup ditulis saksara saben tembung

25.

gambar ing dhuwur kalebu pasangan aksara ...

a)

rekan

b)

swara

c)

murda

d)

angka

e)

jawa

26.

gambar ing dhuwur kalebu aksara ...

a)

murda

b)

rekan

c)

jawa

d)

swara

e)

sirah

27.

Tembang Pocung nduweni paugeran 12u 6a 8i 12a. ing ngisor iki tembang kang kalebu tembang pocung yaiku ....

a)
b)
c)
28.

guru wilangan lan guru lagu tembang ing nduwur yaiku ....

a)

12-i 6-a 8-i 12-a

b)

10-i 6-a 8-i 8-i

c)

12-u 6-a 8-i 12-a

29.

Guru gatra tembang ing nduwur cacahe ana ....

a)

4 gatra

b)

5 gatra

c)

6 gatra

30.

Tembung kang tegese banyu ing tembang pocung ing nduwur yaiku ....

a)

lambung kiring

b)

guwaya

c)

wisma

31.

Tembang pocung ing nduwur bathangane ....

a)
b)
c)
32.

Paugerane tembang Maskumambang...

a)

4 gatra = 12a, 6i, 8a, 12i

b)

4 gatra = 12i, 6a, 8i, 12a

c)

4 gatra = 12a, 6i, 8a, 8i

d)

4 gatra = 12i, 6a, 8i, 8a

33.

Tembang macapat diarani uga tembang...

a)

Tembang gedhe

b)

Tembang cilik

c)

Tembang tengahan

d)

Tembang dolanan

34.

Tembang macapat kaiket dening paugeran tartamtu yaiku...

a)

Guru lagu, guru swara, lan guru wilangan

b)

Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu

c)

Guru swara, guru gatra, lan guru lagu

d)

Guru gatra, guru basa, lan guru wilangan

35.

Cacahe wanda saben sa gatra diarani ........

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

guru saka

36.

Salah sijine tembang macapat yaiku...

a)

Wirangrong

b)

Megatruh

c)

Balabak

d)

Jurudemung

37.

Gatekna tembang Gambuh ing ngisor iki !


Sekar Gambuh ping catur,

Kang cinatur polah kang kalantur,

Tanpa tutur katula-tula katali,

Kadaluarsa katutuh,

Kapatuh pan dadi awon.


Guru wilangan lan guru lagune tembang Gambuh gatra kaping telu yaiku....

a)

10i

b)

12a

c)

10a

d)

12i

38.

Basa rinengga yaiku....

a)

Basa sing dipaesi utawa basa kang endah

b)

Basa Jawa kang alus banget

c)

Basa kang angel dingerteni

d)

Basa Jawa kulonan

e)

Basa Jawa kang nduweni teges akeh

39.

Ayu lan baguse pawongan ora dideleng saka rupane, nanging tyas kang suci.

Tyas kalebu tembung kawi, kang tegese....

a)

Jiwa

b)

Kabecikan

c)

Bandhane

d)

Kapinterane

e)

Ati

40.

Biyasane basa rinengga digunakake ana ing ngisor iki, kajaba....

a)

Geguritan

b)

Artikel

c)

Panyandra Manten

d)

Lagu utawa tembang

e)

Parikan

41.

Ana dina, ana upa

Ana awan, ana pangan

Unen-unen ing ndhuwur kalebu purwakanthi guru....

a)

Swara

b)

Lagu

c)

Lumaksita

d)

Sastra

e)

Basa

42.

Ancik-ancik pucuking eri

Unen-unen kasebut kalebu....

a)

Pepindhan

b)

Wangsalan

c)

Bebasan

d)

Paribasan

e)

Saloka

43.

Tangane Ratih aluse kaya sutra.

Ukara ing ndhuwur kalebu....

a)

Paribasan

b)

Pepindhan

c)

Entar

d)

Saroja

e)

Wangsalan

44.

Tembung saroja nduweni fungsi kanggo....

a)

Menehi rasa endah

b)

Njelasake teges

c)

Nambahi rasa mbangetake

d)

Nambahi rasa cetha

e)

Nggambarake kahanan

45.

Purwakanthi kang ana tembung dibaleni diarani purwakanthi guru....

a)

Lagu

b)

Swara

c)

Sastra

d)

Lumaksita

e)

Wilangan

46.

"Pak Tarno adus kringet kanggo nguripi kulawargane lan nyekolahake putrane"

Tembung adus kringet kalebu tembung....

a)

Entar

b)

Saroja

c)

Wangsalan

d)

Paribasan

e)

Bebasan

47.

Sampun sawatawis dangu sri pinanganten lenggah ing sasane kursi rinengga kinebutan dening elaring manyura, kongas gandhane kadya bethari supraba.

Teks pranata adicara ing ndhuwur ditujokake kanggo nyandra....

a)

Manten putri

b)

Manten kakung

c)

Bapak lan Ibu

d)

Bapak lan Ibu Besan

e)

Prosesi temu manten

48.

Saka ukara ing ngisor iki kang kalebu jinis purwakanthi guru swara yaiku....

a)

Ngrukti bumi nastiti murih lestari

b)

Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa

c)

Runtang-runtung rerentengan

d)

Kinasihan kadya mimi lan mintuna

e)

Rinengga ing busana kang edi endah

49.

Rinengga ing busana edi endah

Tembung kang kacetak kandel kuwi tegese....

a)

Endah banget

b)

Katon semburat

c)

Ora resik

d)

Sarwa tresna

e)

Gumlegar banget

50.

Kolik priya, priyagung Anjani putra.

Ukara ing ndhuwur kuwi klebu basa rinengga jinis....

a)

Purwakanthi guru lumaksita

b)

Saloka

c)

Purwakanthi guru sastra

d)

Paribasan

e)

Pepindhan