NEW
Font size
WorksheetsPAT bahasa jawa kls X
Total questions: 25
Worksheet time: 3600secs
Aja Kuwatir Pahawanku
dening: R. Bambang Nursinggih
Ocehe dhandhang manitir nguntabake bandhosa
Mrambat lon-lonan lumaku tumuju girilaja
Kairing swasana tintrim lan wingit ngayut jiwa
Swara sesenggukan ndhudhut rasa, saya agawe nelangsa
Bandhosa kang lagi mondhong layon
Ora perduli apa kang mentas kelakon
Panggah tetep siaga ngenteni urut-urutane lakon
Nadyan ana udan gludhug ora dipaelu tetep kukuh santosa
Kang wigati jejibahane mbopong layone kusumayuda
Tekan pucuk punthuke sasanalaya ora gawe kuciwa
Aruming kukus ratus ngambar sumebar kumelun ngekuwung mendhuwur
Kumlebete kembang setaman kacampur sadana minangka sawur
Kairing swara kidung mbrengengeng lamat-lamat mangungkung
Mimbuhi rasa sungkawa kang jero tumrap kang lagi suwung
Sumitra lan sedulur samya manekung santi puja
…………………………………………………….
Petikan geguritan ing ngginggil nedahaken swasana ingkang……
wingit
sungkawa
bagya
suwung
kuciwa
Nalika kula taksih kelas 3 SD, kula saha kanca-kanca kula, nama Luki saha Yogi, dolan wonten griyanipun kanca kula Arif. Kanca kula Arif gadhah tangga ngingah segawon, cacahipun tiga. Nalika Luki lan Yogi badhe ngampiri kanca kula sanesipun saprelu dipun ajak mincing, dumadakan Luki jail, nirokaken jegogipun segawon. Tanpa kanyana, kalih segawon ingkang galakipun boten ilok, njranthal badhe nyathek kanca-kanca kula. Kados gabah dipun iteri kula sakanca, nunjang palang pados panggenan kangge ndhelik. Kula saha Luki lajeng menek wit jambu pinggir blumbang. Kanca sanesipun ndhelik, wonten ing grumbulan wit caket kebon. Segawon ingkang ngoyak kula saha Luki nengga wonten ngandhap wit jambu sinambi jegog mencolot-mencolot. Dumadakan mak grobyak, kula saha Luki kecemplung blumbang amargi pang jambu ingkang kula anciki sempal. Amargi segawonipun tumut kaget lajeng njranthal mlajar mlebet kampung. Salajengipun kanca kula Arif saha Yogi medal saking grumbul, lajeng nduding-nduding dhateng kula. Boten enggal nulungi kula mentas, nanging malah ngguyu ngantos gulung-gulung.
Piwulang menapa ingkang saged kapendhet saking cariyos menika?
Ampun dados tiyang ingkang nakal
Ampun dados tiyang ingkang jail
Ampun dados tiyang ingkang wedhi
Ampun dados tiyang ingkang awon
Ampun dados tiyang ingkang galak
Prabu Puntadewa
Prabu Puntadewa menika nata saking negara Ngamarta, putra pembayunipun Pandhu Dewanata patutan kaliyan Dewi Kunthi Talibrata rayinipun Prabu Salya. Prabu Puntadewa wiwit mudha taruna sampun misuwur minangka satriya ingkang adil paramarta, sabar drana, boten nate dora, tansah welas asih, lan lila legawa. Sinaosa asring dipunpilara sedherekipun, para Kurawa, dipunarah pati uga garwa kinasihe, Prabu Puntadewa tansah sabar.
Sang Prabu ugi dados patuladhan minangka jejering satriya ingkang tansah mikul dhuwur mendhem jero dhumateng tiyang sepuh ugi gurunipun. Bab menika katitik nalika gurunipun, Resi Durna madeg dados senapatinipun Kurawa nalika perang Bharatayuda. Nalika semanten, Prabu Puntadewa kadhawuhan supados matur dora menawi sang Resi mundhut pirsa bab pejahipun Aswatama.
Resi Durna menika salah satunggaling guru ingkang dipuntresnani para Pandhawa, utaminipun Sang Puntadewa. Sinaosa sampun dipunpeksa, nanging Puntadewa boten purun dora.
…………………………………………………………
Saking pethikan cariyos ing inggil watak saking Prabu Puntadewa inggih menika ….
wengis
boten sabar
boten dora
seneng milara
tanpa welas asih
