wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Teks cerkak

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Cerkak wancahan(singkatan) saka....

a)

Cerita cekak

b)

Cerita pendek

c)

Cerita cakak

d)

Cerita sambung

e)

Cerita ngakak

2.

Kang dudu mujudake struktur teks cerkak....

a)

pambuka

b)

konflik

c)

ending

d)

paraga

e)

konflik

3.

Unsur Intrinsik cerkak, kejaba

a)

Alur

b)

Tema

c)

Pasulayan

d)

Paraga

e)

Pamawas (Sudut pandang)

4.

Crita/ karangan kang nyritakake bab - bab kang ana gegayutane karo lelakone manungsa kanthi ringkes diarani...

a)

Novel

b)

Crita cekak

c)

Mitos

d)

Dongeng

e)

Crita pengalaman

5.

Lelakone para paraga wiwit lekas nganti pungkasan diarani...

a)

Tema

b)

Alur

c)

Latar

d)

Penokohan

e)

Amanat

6.

Unsur kang mbangun cerkak saka sajabane cerkak kang ngaribawani, diarani unsur...

a)

Sosial

b)

Ekstrinsik

c)

Instrinsik

d)

Pendukung

e)

Pendidikan 

7.

Aku duwe kanca jenenge Ilham. Saben dina sadurunge budhal sekolah dheweke mesthi ngeterake ibune menyang pasar nganggo sepedhah untane. Ilham kuwi anak mbarep, adhine loro isih cilik. Bapake wis seda setaun kepungkur.


Pamawas utawa sudut pandhang kang ana ing pethikan crita, yaiku pengarang minangka ... .

a)

wong liya

b)

wong kapisan

c)

wong kapindho

d)

wong katelu

e)

impersonal

8.

Ing ngisor iki kang dudu titikane utawa ciri-cirine cerkak, yaiku ... .

a)

Tembung-tembunge gampang dimangerteni

b)

Nggunakake basa gancaran utawa basa crita

c)

Critane ringkes wae ora dawa-dawa

d)

Isine biasane arupa teori-teori sing angel dipahami

e)

Isine tinulis kanthi cekak lan prasaja

9.

Cerkak nduweni unsur intrinsik lan ekstrinsik. Nang ngisor kiye sing ora kalebu unsur ekstrinsik cerkak yakuwe....

a)

pendhidhikan panganggit

b)

sudhut pandhang

c)

kahanan politik

d)

ekonomi panganggit

e)

kapitadosan panganggit

10.

Pesen moral kang ana ing sajroning crita akeh jinise. Bab iki gumantung marang ....

a)

Sing ngarang lan sing maca

b)

Sing nyurasa lan ngrasakake isine crita

c)

Kahanan masyarakat kang kacarita

d)

Kahanan masyarakat wong kang maca

e)

Ing ngendi crita kasebut kawaca

11.

Crita cekak iku kalebu golongane ....

a)

Film

b)

Sastra fiksi

c)

Sastra nonfiksi

d)

Nonsastra fiksi

e)

Nonsastra lan nonfiksi

12.

"An, kapan kae aku krungu menawa ibumu gerah, apa bener" pitakone Rani marang Ani. Ukara kasebut menawa diowahi menyang ukara crita sing trep, yaiku ....

a)

Rani takon marang Ani menawa ibune gerah.

b)

Rani takon marang Ani ngenani babagan bener apa ora yen ibune gerah

c)

Rani takon marang Ani yen ngerti ibune gerah

d)

Rani takon marang Ani menawa ibune gerah.

13.

Unsur kang ana gegayutane karo wektu, swasana, lan lingkungan sosial ing cerkak diarani ....

a)

Latar

b)

Panggonan

c)

Paraga

d)

Alur

e)

Tema

14.

Wacane cerkak ing ngisor iki!

“... Batine muntab kalawan pawongan wingi kang katon alus, nanging sardula awewujud manungsa, kekudhung walulang macan. Wicarane alus manganyuwara, jebule julig lan culika. Batine pengin nesu ananing mung kandheg ing sajroning dhadha.

Mbah Surip mampir ing sangisore wit trembesi tuwa ing pojok tanggul sawah, dislonjorake sikile banjur ndheleg-dheleg.

“Dhuh Gusti Pangeran Kang Gawe Urip, paringana kuwat. Wong cilik ongklak-angklik kok tegel-tegel diapusi. Wis bejamu Sri ... aja dadi ati,” Mbah Surip seleh.


pitakonane "Mbah Surip susah amarga ..."

a)

kesel

b)

diapusi

c)

kelangan putu

d)

kelangan dhuwit

e)

tandurane dirusak macan

15.

Wacane cerkak ing ngisor iki!

“... Batine muntab kalawan pawongan wingi kang katon alus, nanging sardula awewujud manungsa, kekudhung walulang macan. Wicarane alus manganyuwara, jebule julig lan culika. Batine pengin nesu ananing mung kandheg ing sajroning dhadha.

Mbah Surip mampir ing sangisore wit trembesi tuwa ing pojok tanggul sawah, dislonjorake sikile banjur ndheleg-dheleg.

“Dhuh Gusti Pangeran Kang Gawe Urip, paringana kuwat. Wong cilik ongklak-angklik kok tegel-tegel diapusi. Wis bejamu Sri ... aja dadi ati,” Mbah Surip seleh.


pitakonane "Crita ing ndhuwur kalebu crita sing gawe..."

a)

eling

b)

guyu

c)

bungah

d)

seneng

e)

trenyuh

16.

Wacane cerkak ing ngisor iki!

“... Batine muntab kalawan pawongan wingi kang katon alus, nanging sardula awewujud manungsa, kekudhung walulang macan. Wicarane alus manganyuwara, jebule julig lan culika. Batine pengin nesu ananing mung kandheg ing sajroning dhadha.

Mbah Surip mampir ing sangisore wit trembesi tuwa ing pojok tanggul sawah, dislonjorake sikile banjur ndheleg-dheleg.

“Dhuh Gusti Pangeran Kang Gawe Urip, paringana kuwat. Wong cilik ongklak-angklik kok tegel-tegel diapusi. Wis bejamu Sri ... aja dadi ati,” Mbah Surip seleh.


pitakonane "Kang dimaksud tembung sardula yaiku ..."

a)

sapi

b)

kebo

c)

macan

d)

manuk

e)

bantheng

17.

Wacane cerkak ing ngisor iki!

“... Batine muntab kalawan pawongan wingi kang katon alus, nanging sardula awewujud manungsa, kekudhung walulang macan. Wicarane alus manganyuwara, jebule julig lan culika. Batine pengin nesu ananing mung kandheg ing sajroning dhadha.

Mbah Surip mampir ing sangisore wit trembesi tuwa ing pojok tanggul sawah, dislonjorake sikile banjur ndheleg-dheleg.

“Dhuh Gusti Pangeran Kang Gawe Urip, paringana kuwat. Wong cilik ongklak-angklik kok tegel-tegel diapusi. Wis bejamu Sri ... aja dadi ati,” Mbah Surip seleh.


pitakonane "Miturut pethilan cerkak ing dhuwur, Mbah Surip mujudake paraga kang duweni watak ..."

a)

julig

b)

ngapusi

c)

kuwat

d)

pasrah

e)

gampang nesu

18.

Sinopsis kang becik ...

a)

tembunge runtut

b)

kedadeyane ditulis kanthi ora runtut lan tinemu nalar (logis)

c)

kedadeyane ditulis kanthi jangkep satemah urutane crita ora pedhot-pedhot

d)

saben tembung ditulis kanthi nggatekake tata tulis

e)

kena ora nggatekake tata tulis sarta pilihan tembung kang bener lan pener

19.

Wacanen pethilan teks pawarta kanggo nggarap soal ing ngisor iki!


Saiki akeh kang rumangsa ngenes, nelangsa, nggresula, kuwatir, lan ketar-ketir nyipati kahanan kang katon sangsaya ora karuwan, mligine ing babagan kabudayan. Contone nalika mriksani giyaran televisi swasta kang gunggunge saya akeh, meh kabeh giyarane mau ngemot pranatan lan kabudayan manca. Sinetron saiki, senajan aktrise basa Indonesia, nanging isine lan jiwane crita ora liya budaya manca. Amarga saben dina kang ditonton kaya mangkono njur kulina lan dianggep lumrah. Ya lumrah yen akeh pawongan mligine kawula mudha padha melu-melu ngecakake kabudayan saka manca mau.


Pitakenane "Apa wose (isine) pethilan teks pawarta iku..."

a)

kabudayan saiki saya ngenes, nelangsa nggresula kuwatir lan ketar-ketir

b)

giyaran televisi saya akeh kang niri ana ing bebrayan ageng

c)

sinetron kang biyasane dipragakake dening aktor lan aktris

d)

para mudha nonton giyaran televisi utamane nonton acara sinetron

e)

para mudha kang melu-melu ngecakake kabudayan manca amarga nonton giyaran televisi

20.

Wacanen ethilan teks pawarta kanggo nggarap soal ing ngisor iki!


Saiki akeh kang rumangsa ngenes, nelangsa, nggresula, kuwatir, lan ketar-ketir nyipati kahanan kang katon sangsaya ora karuwan, mligine ing babagan kabudayan. Contone nalika mriksani giyaran televisi swasta kang gunggunge saya akeh, meh kabeh giyarane mau ngemot pranatan lan kabudayan manca. Sinetron saiki, senajan aktrise basa Indonesia, nanging isine lan jiwane crita ora liya budaya manca. Amarga saben dina kang ditonton kaya mangkono njur kulina lan dianggep lumrah. Ya lumrah yen akeh pawongan mligine kawula mudha padha melu-melu ngecakake kabudayan saka manca mau.


Pitakenane "Panemu/pendapat kang jumbuh karo isine pawarta kasebut, yaiku ..."

a)

mula ayo padha njunjung budaya


b)

mula wong tuwa prelu ngancani putrane rikala nonton tipi

c)

wah, acara tipi saiki akeh nggiyarake sinetron

d)

saiki ana tipi akeh disarake tipi swasta

e)

ora mung kawula mudha sing seneng, ibu rumah tangga wae uga seneng nonton sinetron