NEW
Font size
WorksheetsPAT 2020 Bahasa Jawa Kelas 7
Total questions: 25
Worksheet time: 50mins
Kanthi
nuhoni unggah-ungguh utawa tatakrama tegese sajrone srawung awakke dhewe kudu
bisa njaga omongan utawa pocapan, aja nganti apa kang diomongake iku gawe
serik utawa nglarani atine liyan. Semono uga patrape uga dijaga aja nganti
ngisin-isini. Umpamane nalika awake dhewe guneman sakbisa-bisa nggunem kanthi
tetembungan kang becik, aja nggunem kanthi tetembungan kang kasar kepara
anggone nyuwara kanthi mbengok-mbengok, nalika nyenyandhang sabisa-bisa ya
nganggoa sandhangan kang resik lan pantes, nalika mlaku ing sangarepe wong
tuwa aja dlajigan, nanging mlaku kanthi alon lan aruh-aruh kanthi basa kang
samesthine.
Pethikan wacan 1 ing ndhuwur kasebut miturut unggah-ungguh basane migunakake unggah-ungguh basa...
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
1) Matur kanthi santun, tegese nganggo basa kang
becik.
2) Praenan kang sumringah, aja mbesengut
3) Salaman karo mlayu
nggendring
4) Sikepe sopan kanthi ngadeg jejeg sirah ndhungkluk.
Tatakramane pamitan marang wong tuwa kang trep yaiku...
1,2,3
1,2,4
3,4,1
2,3,4
...
Yen wektune longgar, tekan sekolahan bisa leren sedhela, menyang toilet lan ngisis ing ngarep kelas. Menawa mangkate telat, tekan sekolahan piwulangan wis diwiwiti. Kejaba didukani bapak lan ibu guru, menthi wae awake isih kringeten lan durung bisa konsentrasi jroning nampa piwulangan. Yen anggone mangkat sekolah kesusu, kadhangkala piranti sekolah ketinggalan, upamane lali ora nggawa pulpen, garisan, buku pelajaran, buku PR, lan liya-liyane.
...
Pranyatan kang trep adhedhasar pethikan wacan 2 ing ndhuwur yaiku...
A. Menawa wektune longgar siswa bisa leren sedhela ing sekolahan
B. Menawa wektune longgar siswa ora bisa menyang toilet.
C. Menawa anggone mangkat telat bisa nyuwun ijin dhisik.
D. Menawa mangkate telat ora bakal didukani bapak guru.
A
B
C
D
1) Dalem kula ing perumahan Sawit Asri
2) Dalemipun kula celak pom bensin Diro
3) Rina dalemipun sakilen toko Mulia
4) Griya kula namung sawingkingipun kantor pos
Miturut unggah-ungguhing basa, pranyatan ing ndhuwur kasebut kang bener yaiku...
No. 1
No. 2
No. 3
No. 4
1) Ibu Ratih ngasta sapu badhe kagem ngresiki
ruang guru.
2) Ibu Ratna tindak dhateng perpustakaan.
3) Pak Basori
wis rawuh wiwit jam setengah sepuluh mau.
4) Kula ningali kanca-kanca sami reresik ing
jero kelas.
Ukara kang migunakake unggah-ungguh basa ngoko alus yaiku ukara nomer...
No. 1
No. 2
No. 3
No.4
1) Sindy mundhut pirsa dhateng pak guru bab
unggah-ungguh basa.
2) Vanes dipunparingi arta dening ibunipun.
3) Sartika kaliyan Renita sami tindak toko buku.
4) Lare kalih menika sami rawuh ing griyanipun pakdhe Santosa
Ukara-ukara ing dhuwur kasebut kang trep karo unggah-ungguhing basa yaiku ukara nomer ... .
No 1
no 2
no 3
no 4
Dinaku tansaya peteng
Kalimput pedhut kandel
Lan tetesing waspa tansaya anelesi
Ndherekake tindakmu sowan ing Hyang Widhi
....
Tetesing waspa tansaya anelesi... Tembung ‘waspa’ tegese...
pipi
irung
luh
lambe
Tekadku tan bisa dipalang
Krentegku tan bisa ditrejang
Ngupaya lestarining budaya
Ngupiya mekaring basa
... .
Pethikan geguritan ing dhuwur isine ngandharake...
A. Tekad sing gampang dialang-alangi
B. Kekarepan kang bisa dialang-alangi
C. Tekad kanggo ngrembakakake budaya lan basa
D. Tekad kanggo munthesake basa
A
B
C
D
Kekarepan kang kuwat lan samubarang kang ngalang-alangi bakal disingkirake, trep karo paribasan...
A. Jer basuki mawa bea
B. Becik ketitik ala ketara
C. Sapa salah seleh
D. Rawe-rawe rantas malang-malang putung
A
B
C
D
Elingen piwelingku ngger
Jaganen lisanmu
Tatanen patrapmu
Mundhak dicelathu
......
Pethikan geguritan ing dhuwur katujokake marang...
A. wongtuwa
B. tiyang sepuh
C. kasepuhan
D. para mudha
A
B
C
D
Wong becik bebudene bakal disenengi wong akeh, bebasane...
A. Kejugrugan gunung menyan
B. Lahang karoban manis
C. Tekek mati ing ulone
D. Katon cepaka sawakul
A
B
C
D
Rumpakan kanthi basa Jawa anyar sarta pathokan kang gumathok awujud guru gatra, guru wilangan lan guru lagu diarani...
A. Tembang gedhe
B. Tembang tengahan
C. Tembang macapat
D. Tembang dolanan
A
B
C
D
Kang aran bebuden luhur
Dudu pangkat dudu ngelmi
Uga dudu kapinteran
Lan dudu para winasis
Apamaneh kasugihan
Nanging mung sucining ati
Miturut pathokane, rumpakan ing ndhuwur mujudake tembang macapat...
Mijil
pangkur
Kinanthi
Asmaradana
Wong kang tumindake becik utawa tumindak ala mesthi bakal konangan, padha karo unen-unen... .
A. Nabok nyilih tangan
B. Becik ketitik ala ketara
C. Gemi nastiti ngati-ati
D. Othak-athik didudut angel
A
B
C
D
Kang aran bebuden luhur
Dudu pangkat dudu ngelmi
Uga dudu kapinteran
Lan dudu para winasis
Apamaneh kasugihan
Nanging mung sucining ati
‘Lan dudu para winasis’ Tembung ‘winasis’ ing larik papat rumpakan ndhuwur kassebut tegese.. .
A. wong kang suci
B. wong kang sugih
C. wong kondhang
D. wong kang pinter
A
B
C
D
Wong kang pinter banget bebasane... .
A. Kandhang langit kemul mega
B. Bisa njara langit
C. Kleyang kabur kanginan
D. Nututi layangan pedhot
A
B
C
D
Anoman banjur mesat
ing gegana, mrepegi dununge gunung Karamandel. Tekan sikiling gunung, sigra
tiwikramalan matak aji Mundri. Sanalika wujude Anoman dadi gedhe banget lan
karosane ngedab-edabi. Gunung Karamandel kajebol, banjur dicemplungake ing
samodra, murwakani pambanguning tambak. Sigra kasusul para wanara liyane,
nyemplungake watu-watu gedhe lan wit-witan gedhe. Kabeh tumandang bareng,
bantu-binantu, sepi ing pamrih rame ing gawe.
...
Adhedhasar pethikan crita wayang ing dhuwur kasebut pitutur luhur kang bisa dipethik yaiku... .
A. kudu wani urip senadyan ana ing gunung
B. nandangi gaweyan abot kanthi bebarengan
C. bisa nyemplungake kang watu gedhe ing banyu
D. mbuwang rereged ing kali kang kebak banyune.
A
B
C
D
serakah
jerapah
gelagah
jerawat
barabudhur
borobudhor
borobudhur
borobudur
sepur mini
kapur mini
sepur wiri
kasur mini
sarung
karung
payung
pacul
sugeng siyang
suweng ilang
ageng siyang
sugeng siram
preman
pramadi
prakosa
premadi
piye
pete
pare
setu
lele garing
sere goreng
lulu garing
lele goreng
