wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa Kelas 7

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Ukara ing ngisor iki nganggo basa ngoko Alus

a)

Bapakku arep tindak menyang Jakarta nitih sepur.

b)

Aja rame adhiku lagi turu !

c)

Ibu mundhut sayuran wonten peken Jati.

d)

Kancaku akeh sing ora mlebu sekolah.

2.

Dipun rantos rumiyin inggih bapak taksih siram.

Ukara ing dhuwur nganggo basa : ...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

3.

Basa ngoko lugu digunakake sapa marang sapa

a)

Anak marang wong tuwane

b)

Murid marang gurune

c)

Karo kancane kang wis kulina.

d)

Kawula marang ratune

4.

Puisi nganggo basa Jawa, uga diarani : ...

a)

Gancaran

b)

Geguritan

c)

Dongeng

d)

Karangan bebas

5.

Sing kalebu struktur fisik teks geguritan, yaiku :

a)

Amanat

b)

Tema

c)

Swasana

d)

Diksi

6.

Punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi utawa bakuning gagasan uga diarani :

a)

Purwakanthi

b)

Amanat

c)

Tema

d)

Majas

7.

Majas uga bisa diarani :

a)

Bakuning gagasan

b)

Pesen utawa amanat

c)

Lelewaning basa

d)

Pihan tembung

8.

Paragraf kang njelasake dalan/cara kang dipilih kanggo ngudhari reruwet, bisa ndadekake apik (happy ending) bisa uga ndadekake elek(sad ending). Diarani

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Klimaks

d)

Resolusi

9.

Gagah prakosa, sakti mandraguna, arum wangi, kalebu wernane :…

a)

Tembung entar

b)

Paribasan

c)

Tembung saroja

d)

Purwakanthi

10.

Tembung saroja yaiku : ...

a)

Tembung sing duwe teges ora salugune

b)

Tembung loro sing padha tegese utawa meh padha digandheng mawa teges mbangetake.

c)

Tembung loro sing beda tegese digandheng nduweni teges siji

d)

Tembung beda wujude lan ucapane nanging padha tegese

11.

Yen ditulis aksara latin

a)

Adhiku loro

b)

Adiku lara

c)

Adhiku lara

d)

Adhiku sapa

12.

Yen ditulis nganggo aksara latin

a)

Prasaja

b)

Prasetya

c)

Prastawa

d)

Pramuka

13.

Macan putih, Yen ditulis aksara Jawa ...

a)
b)
c)
d)
14.

Paugeran utawa aturan cacahe wanda (kecap) saben sagatra ing tembang macapat, diarani :

a)

guru gatra

b)

guru wilangan

c)

guru lagu

d)

pada

15.

Wernane tembang macapat ana ....

a)

8

b)

6

c)

9

d)

11

16.

Tembang ing ngisor iki dudu kalebu tembang macapat

a)

Asmaradana

b)

Dhandhanggulu

c)

Prau Layar

d)

Mijil

17.

Karya sastra sing wujud gancaran, ing ngisor iki yaiku:

a)

tembang macapat

b)

geguritan

c)

Cerkak

d)

parikan

18.

Paragraf kang nepungake paraga-paraga ing teks crita , diarani

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Klimaks

d)

Resolusi

19.

Ing ngisor iki sing ora kalebu struktur batin teks geguritan :

a)

Tema

b)

Amanat

c)

Swasana

d)

Purwakanthi

20.

Tuladha tembung entar ...

a)

kaca mata

b)

gagah prakosa

c)

ngabangake kuping

d)

jungkir walik