wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa jawa

Total questions: 25

Worksheet time: 52mins

Name
Class
Date
1.

BIma ngrewangi mbedhol tela kaspa ing tegalan. Wit tela kaspa ditandur ing bedhengan supaya besuke bisa ditandur maneh. Wit tela kaspa arane...

a)

debok

b)

bonggol

c)

rendeng

d)

pucang

2.

Bapak arep menyang sawah

Ukara iku yen dikramakke dadi...

a)

Bapak badhe dateng sawah

b)

Bapak badhe tindak sabin

c)

Bapak badhe mlampah dateng sabin

d)

Bapak badhe tindak sawah

3.

Bagong kurang pinter dibanding Gareng lan Petruk, Gareng pinter bonang, nanging Gareng lagi mriyang. Wektu iku Bagong diajak Petruk mangkat karawitan amarga penabuhe kurang siji. Paribasan kang trep ...

a)

Sluman slumun slamet

b)

Nglungguhi klasa gumelar

c)

Timun wungkuk jaga imbuh

d)

Kebo mulih ing kandhange

4.

Sekar gambuh ping catur

Kang cinatur polah kang kelantur

Tanpa tutur katula tula katali

kadaluwarsa katutuh

kapatuh pan dadi awon

Manut paugerane tembang ing dhuwur guru gatrane ana ....

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

5.

Siwi nyambel lombok kriting

Ukara iku yen diowahi dadi ukara tanggap yaiku...

a)

Lombok kriting disambel Siwi

b)

Siwi kriting nyambel lombok

c)

Lombong Kriting Siwi disambel

d)

Siwi disambel lombok kriting

6.

Badrun (paring) bebungah saka Bu Guru

Tembung weneh ing ukara iku benere...

a)

diparingi

b)

maringake

c)

diparingake

d)

peparingane

7.

Wacanen kanthi patitis!

  1. Dikemoni nganggo banyu nganti resik
  2. Sikat untu nganti rata
  3. Cepakake sikat lan odol
  4. Kemu nganggo banyu luwih dhisik

Urutan nyikat untu sing bener yaiku...

a)

3-1-4-2

b)

3-4-2-1

c)

3-2-1-4

d)

3-1-2-4

8.

Kamal biasane digawe saka endhog ...

a)

pitik

b)

banyak

c)

enthog

d)

bebek

9.

BIma bisa ... salasilah tokoh wayang kanthi bener

a)

ngomongke

b)

nyritakake

c)

mbukakake

d)

ngandhakake

10.

Wacanen geguritan iki !

Merapi

Saka kadohan katon gagah

Asep putih ndedel ing awiyat

Tilas dalan lahar katon cetha

Kena sunare Hyang Bagaskara

Tegese tembung Bagaskara ana ing geguritan kasebut ....

a)

bulan

b)

lintang

c)

srengenge

d)

lampu listrik

11.

Nalika umur selapan dina, adhiku digawekake bancakan.

selapan dina tegese ...

a)

5 dina

b)

7 dina

c)

30 dina

d)

35 dina

12.

Panganan kang digawe saka glepung beras yaiku ...

a)

growol

b)

thiwul

c)

nagasari

d)

gathot

13.

Simbah mangan gedhang godhog. Ukara iku kramane...

a)

Eyang dhahar gedhang godhog

b)

Eyang dhahar pisang godhog

c)

Eyang nedha pisang godhog

d)

Eyang maem gedhang godhog

14.

Tandurane rusak amarga kena angin kang gedhe.

Tembung angin padha tegese karo...

a)

bayu

b)

banyu

c)

geni

d)

banjir

15.

Kardi iku pancen bocah sing lantip. Tembung lantip kosok balene...

a)

sregep

b)

pinter

c)

jujur

d)

bodho

16.

Tegese paribasan ana catur mungkur, yaitu...

a)

wong kang tansah sumelang

b)

wis arep nemu kabegjan nanging ora sido

c)

gelem kepenakke nanging ora gelem rekasane

d)

ora gelem ngrungokke rerasan kang ora becik

17.

Dasamuka sirna dhepani bumi perang mungsuh Anoman.

Tembung bumi dasanamane...

a)

wana

b)

maruta

c)

bantala

d)

gegana

18.

Kang kalebu jinise kewan raja kaya yaiku...

a)

kucing

b)

sapi

c)

terwelu

d)

singa

19.

Wayang sing babone crita saka kitab mahabarata lan Ramayana yaiku

a)

wayang purwa

b)

wayang beber

c)

wayang golek

d)

wayang klithik

20.

Panganan kang dadi ciri khase kabupaten Sleman yaiku ...

a)

geblek

b)

thiwul

c)

geplak

d)

dodol salak

21.

Papan kanggo nyimpen pari wektu panen arane ...

a)

lumbung

b)

gubug

c)

kuncung

d)

pendhapa

22.

Regane buku Basa Jawa selawe ewu rupiyah.

Ukara pitakon kang cocok karo pratelan ing dhuwur yaiku ...

a)

Piye regane buku Basa Jawa?

b)

Kapan tuku buku Basa Jawa

c)

Sapa tuku buku Basa Jawa?

d)

Pira regane buku Basa Jawa?

23.

Panganane kewan kaya gambar iku ...

a)

jambu

b)

pari

c)

kacang

d)

jagung

24.

salinen nganggo tulisan jawa

a. tahu bakso

b. tempe bacem

4 lines
25.

Ukara ing ngisor iki gantinen nganggo basa krama inggil

a. Bapak mangkat nyambut gawe numpak motor

b. Joni ora mangkat sekolah mergo wetenge lara

4 lines