NEW
Font size
WorksheetsQuiz Tembung Entar 1
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Tembung Entar yaiku tembung ...
A. Saroja
B. Ungkapan/kiasan
C. Lingga
D. camboran
Bagyo iku gedhe endhase dumeh anake wong sugih , gedhe endhase tegese ...
A. Sirahe gedhe
B. Seneng nyolong
C. Sombong, gumedhe
D. ngelu
Aja glethak-glethek yen ndheleh barang, amarga Marsiyem iku dawa tangane, tegese seneng ...
A. tuku
B. nyilih
C. nyolong
D. dolan
Mas Fatah ngangsu kawruh kuliyah ing Jogya, ngangsu kawruh, tegese golek ...
A. Dhuwit
B. Gaweyan
C. Ilmu
D. kanca
Menawa nonton TV aja nganti wengi, amarga sesuk kepancal sepur anggone sekolah.Kepancal sepur tegese ...
A. kecelakaan
B. telat/kaseb
C. ditabrak sepur
D. kesed
Suryani iku pancen ati dhondhong tenan, karo kancane cengkiling/seneng nggepuk. Ati dhondhong, tegese elek ...
A. omahe
B. bijine
C. atine
D. klambine
Tugino dikandhani ngono wae abang kupinge. Abang kupinge tegese ...
A. kupinge wernane abang
B. nesu / ngamuk
C. kupinge lara
D. nangis
Dina pancen bocahe ayu lan lurus atine. Lurus atine tegese ...
A. elek atine
B. nakal
C. jujur
D. loma
Si Gombloh kae pancen doyan mangan, menyang endi-endi mesthi nggawa panganan. Tembung entare bocah sing panganane akeh, yaiku weteng ...
A. plastik
B. wakul
C. karung
D. kadhut/karet
Indri karo Runi sabendina nggosip utawa ngrasani kancane. Seneng nyatur/ nggosip tembung entare ...........ilate
A. dawa
B. putih
C. gatel
D. lunyu
