wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ADAT JAWA MANTU

Total questions: 10

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Resep masakan lan tutorial gawe ketrampilan kelebu teks eskposisi ... .

a)

definisi

b)

proses

c)

laporan

d)

kosok balen

e)

ilustrasi

2.

Upacara mantu adat Jogja ana tarian edan-edanan. Tarian iki ditarikake dening wong wadon kang macak kaya wong edan, saka make up lan kostume. Gerakan tarine kaya ora nganggo aturan kaya tingkahe wong kang edan. Tarian iki nduweni makna kanggo tolak bala supaya ora nana jin, setan kang ngganggu lakuning upacara.

Paragraf kasebut kelebu teks eskposisi ... .

a)

ilustrasi

b)

definisi

c)

proses

d)

kosok balen

e)

laporan

3.

Ing upacara iki, penganten kakung lan penganten putri adhus kanthi disiram banyu kembang saka 7 sumber dening wong tuwa lan keluarga liyane. Filosofine yaiku supaya penganten sakloron resik jiwa lan ragane.

Upacara iki diarani ... .

a)

lamaran

b)

wiji dadi

c)

timbangan

d)

siraman

e)

balang gantal

4.

Sawise siraman, mbengine sedurunge ijab penganten putri dirias nanging tetep ana kamare ora kena metu. Tujuane kanggo ngenteni mudune widadari supaya besuk ing upacara panggih lan resepsi pasuryane pengenten ayu kaya widadari.

Acara iki diarani ... .

a)

siraman

b)

lamaran

c)

balang gantal

d)

sinduran

e)

midodareni

5.

Ing upacara iki penganten kakung lan penganten putri balang-balangan suruh utawa gantal. Suruh kang dibalangake penganten kakung diarani gondang asih minangka pralambang tresna asih, lan suruh kang dibalangake dening penganten putri diarani ... minangka pralambang wong wadon bakal manut marang garwane.

Kanggo ngisi titik-titik iku kang bener yaiku ...

a)

gondang dia

b)

gondang tutur

c)

gondang manut

d)

gondang asih

e)

gondang gantal

6.

Acara kang ana ing gambar, penganten kakung ngidak endog nganti pecah, banjur penganten putri ngresiki sikile penganten kakung. Upacara iki minangka pralambang penganten kakung kang siap tanggung jawab lair batin lan penganten putri kang siap bekti marang garwane.

Upacara iki diarani ... .

a)

balang gantal

b)

pupuk

c)

wiji dadi

d)

sinduran

e)

sungkeman

7.

Ing upacara iki wong tuwane penganten putri ngrodongake sindur marang penganten sakloron minangka pralambang penganten kakung wis ditampa minangka keluarga.

Gambar kang cocok karo upacara iku yaiku ... .

a)
b)
c)
d)
e)
8.

Kang nggambarake upacara kang nduweni pralambang penganten sakloron arep urip susah seneng bebarengan yaiku ... .

a)
b)
c)
d)
e)
9.

•Ing acara iki kulawarga penganten kakung ngaturake tetukon kang ancase bisa mbiyantu anggone bakal duwe gawe mantu, sinebut uga “asok tukon”.

Acara iki diarani ... .

a)

timbangan

b)

panggih

c)

lamaran

d)

dulangan

e)

sungkeman

10.

Karangan kang isine njlentrehake utawa njelasake sawijining bab kanggo njembarake utawa nambahi kawruhe pemaos diarani ... .

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

argumentasi

d)

eksposisi

e)

persuasi