wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

POS-TEST B. JAWA GEGURITAN XII

Total questions: 12

Worksheet time: 6mins

Name
Class
Date
1.

Serat Tripama menika salah setunggaling kasusastran Jawa ingkang adiluhung. dene serat Tripama menika nyariosaken babagan kaprawiran ing donyaning kaprajuritan. ateges gadahi ancas utawi tujuan didadekake patuladhan tumrap prajurit lan pangarsaning negara uga bebrayan supaya tumindak jumbuh karo tugaslan darmane sowang-sowang. dene ingkang ngripta serat Tripama nggih menika....

a)

Kanjeng Gusti Pakubwana IV

b)

Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Pakualaman IV

c)

Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV

d)

Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Hamengkubuwana IV

2.

Tokoh wayang ing pinggir menika tiga kesatriya ingkang dados patuladhan tumraping bangsa lan negara. Asmanipun nggih menika....

a)

Arjuna, Bima, Yudistira

b)

Karna, Nakula, Sadewa

c)

Karna, Patih Suwanda, Buris Rawa

d)

Kumbakarna, Karna, Patih Suwanda

3.

Serat utawi tulisan ingkang medhar babagan patuladhan tumraping pangarsaning negara uga bebrayan supaya tumindhak jumbuh kaliyan tugas-tugasipun, menika diarani serat.....

a)

Wedhatama

b)

Wulangreh

c)

Centhini

d)

Tripama

4.

Sekar Dhandhanggula menika gadahi watak...

a)

luwes cocok kanggo nyritakake apa wae.

b)

tresna, asih

c)

sereng, greget

d)

sakepenake lan gecul

5.

1. tatanen tembang-tembang mau miturut paugerane

2. tulisen paugeran tembang

3. temtokna bakuning gagasan sing arep koktulis

4. gawea kumpulan tembung jumbuh karo gagasan kang wis ditemtokake

5. yen wus awujug gatra banjur wacanen maneh kanthi tliti

Pranyatan ing dhuwur ingkang bener lan pener yaiku....

a)

1-2-3-4-5

b)

3-4-2-1-5

c)

4-3-2-1-5

d)

3-2-4-1-5

6.

Ing ngandhap ingkang kalebu paugerane sekar dhandhanggula menika.....

a)

guru gatra: 10

guru lagu: I, A, E, U, I, A, U, A, I, A

b)

guru gatra: 10

guru lagu: I, A, E, U, I, A, U, A, A, A

c)

guru gatra: 10

guru lagu: I, A, E, U, A, U, I, A, A, U,

d)

guru gatra 10

guru lagu: I, A, E, U, A, I, U, A, I, A

7.

Udakara taun pinten serat Tripama dipun serat?

a)

1890

b)

1865

c)

1860

d)

1895

8.

Wacana kang ngandharake, menehi pangerten, lan menehi kawruh salah sawijining kanthi basa kang gampang, genah, cetha, obyektif ngenani sawijining bab. menika pangertosan saking teks....

a)

eksposisi

b)

narasi

c)

argumentasi

d)

deskripsi

9.

Struktur karangan eksposisi menika kaperang dados tiga nggih menika....

a)

tesis, argumentasi, penegasan ulang

b)

pembuka, isine panemu, panutup

c)

tesis, penegasan ulang, panutup

d)

argumentasi, tesis, argumen

10.

Jinis-jinise paragraf adhedhasar mapane pokok isi ....

a)

Paragraf, deduktif, induktif lan campuran.

b)

Paragraf tunggal, paragraf campuran

c)

Paragraf eksposisi, persuasi

d)

Paragraf deskripsi, eksposisi, narasi

11.

Ila-ila marang pakarti tinamtu sing asring kaucapake dening leluhur utawa perkawis kang kudu di adohi. Dinuga ila-ila mau adhedhasar kedadeyan negatif sing tau kelakon lan mbebayani tumrap sing ngalami. Menika salah setunggal pengertosan saking....

a)

gugon tuhon

b)

gugon turon

c)

wewaler

d)

saloka

12.

Nilai kang kamot wonten wewaler "ora kena turu wanci magrib.

a)

ora kena amarga mundhak edan turun

b)

ora kena mundhak kesambet

c)

ora kena mundhak praupan katon tuwa

d)

ora kena mundhak entok ibu kuwalon