wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Tembang Kinanthi

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Adhedhasar tembang Kinanthi kasebut, ukara umpamane wong lumaku, marga gawat den liwati, werdine yaiku …

a)

Yen kurang pangati-ati

b)

Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe

c)

Ing saben dalan sing diliwati bakal entuk kacilakan

d)

Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene

e)

Paribasane wong mlaku ing dalan kang kebak pacoban nanging bisa dilakoni

2.

Adhedhasar cakepan tembang kasebut, paugeran kang bener yaiku …

a)

8i, 8a, 8u, 8i, 8a, 8i

b)

8a, 8i, 8u, 8a, 8i, 8i

c)

8u, 8i, 8i, 8u, 8a, 8i

d)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

e)

8u, 8i, 8a, 8u, 8a, 8a

3.

Tembung "lamun kurang ing pangarah" ateges ….

a)

Bakal entuk kacilakan ing sadalan-dalan

b)

Yen kurang pangati-ati

c)

Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe

d)

Lumaku ing dalan kang kebak pacoban

e)

Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene

4.

Tegese tembung "wiryaning" ing tembang kasebut yaiku ...

a)

Kasengsaran

b)

Pituduh

c)

Kakuwatan

d)

Thukul

e)

Kekarepaning urip/takdir

5.

Ing ngisor iki watak saka tembang Kinanthi antarane yaiku ...

a)

Luwes lan gawe seneng

b)

Grapyak lan sumadulur

c)

Madhep manteb, nesu/sereng

d)

Tresna asih, bungah

e)

Sedhing, lenger-lenger

6.

Sasmitane tembang Kinanthi yaiku ...

a)

Kinanthi, Kanthi, Gandeng, Kanthil

b)

Kinanthi, Mungkur, wuyung, Taruna

c)

Gandheng, Kanthil, Kingkin, Jumbuh

d)

Yudakenaka, Jumbuh, Kanthil, Tresna

e)

Sarkara manis, Kaluwak, Taruna, Dudukwuluh

7.

Nalika nembang macapat, ing sajroning tembang ana sawijining wilangan kang minangka lelirune utawi gegantine wilahan gamelan kang diarani ….

a)

Titi Laras

b)

Pedhotan

c)

Cakepan

d)

Cengkok

e)

Laras

8.

Ing Ngisor iki kang kalebu paugeran arep nulis tembang macapat yaiku ...

a)

Nemtokake paraga ing sajroning tembang

b)

Nulis tembuh-tembung kang ana ing ilustrasi

c)

Nyunting kaendahane basa

d)

Nulis paugeran tembang (guru gatra, lagu, & wilangan)

e)

Gawe ilustrasi kang selaras tema

9.

Serat Wedhatama ngemot surasa babagan falsafah uriping manungsa, kejaba ...

a)

Dumadi manungsa sejati

b)

Wewatek Kesatriya

c)

Tepa Slira

d)

Ngibadah kanthi wicaksana

e)

Tundhuk marang nepsu

10.

Tembang Kinanthi duweni teges/werdi kang becik kanggo uriping manungsa nalika bebrayan ing masarakat, ing ngisor iki, tegese tembang Kinanthi kang trep yaiku ...

a)

Tegese nuntun/kanthi yaiku minangka kuwajibane wong tuwa kudu bisa nuntun/nganthi putra-putrane supaya sakabeh tumindake ora nalisir saka bebener.

b)

Medharaken raos kang sarwa becik ngadohi hawa lan nepsu

c)

Medharaken raos sedhih lan keranta-ranta amarga ditinggal dening wong kang ditresnani

d)

Medharaken raos swasana kang sigrak, semanak, seneng kekancan, lan becik kanggo nggayuh kawruh luhur