NEW
Font size
S
M
L
XL
Worksheetsbasa jawa sandiwara radio
Total questions: 15
Worksheet time: 11mins
Name
Class
Date
1.
Asil cipta sastra, miturut wujude kaperang dadi telu, yaiku....
a)
gancaran ’prosa’, cerkak ’cerpen’, lan sandhiwara ’drama’
b)
gancaran ’‘prosa’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
c)
tembang ‘nyanyian’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
d)
pertunjukan ‘tontonan’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
e)
babad ‘cerita sejarah’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
2.
Sandhiwara mujudake genre (jinis) asil cipta sastra sing nggambarake....
a)
uripe manungsa lumantar solah bawa utawa tindak tanduk.
b)
uripe manungsa lumantar guyonan lan hiburan
c)
uripe manungsa lumantar crita ing ndhuwur panggung
d)
uripe manungsa lumantar kesenian tradhisional
e)
uripe manungsa lumantar sutradhara
3.
Bobot ajining teks sandhiwara gumantung marang....
a)
jejer (orientasi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
b)
pasulayan (konflik) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
c)
pangudhare prakara (resolusi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’sing nonton.
d)
basa rinengga (gaya bahasa) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
e)
dhalang (sutradara) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
4.
Wujud pasulayan ‘konflik’ yaiku....
a)
psychological conflict, yaiku pasulayan ing antarane pawongan siji lan pawongan liyane.
b)
social conflict, pasulayan ing sanjerone batin sawijining pawongan.
c)
social conflict lan psychological conflict.
d)
antarane perangkat desa karo institusi Dewan Perwakilan Desa.
e)
amarga rebutan warisan.
5.
Sapa pawongan sing menang sajrone pasulayan, ....
a)
bakal terus melu mubeng cakra manggilingan.
b)
bakal manggon ing papan sing ngisor (mlarat, ina, utawa asor).
c)
bakal menang maneh ing pasulayan sabanjure.
d)
bakal ora bisa dikalahake ing pasulayan sabanjure.
e)
bakal manggon ing papan sing dhuwur (sugih, pangkat, utawa drajat).
6.
Mula yen lagi pinuju ana ing papan sing dhuwur (menang pasulayan) kudu bisa ngedohi sipat ....
a)
suradira jayaningrat lebur dening pangastuti
b)
amemayu hayuning bawana
c)
sadumuk bathuk sanyari bumi
d)
adigang, adigung, lan adiguna
e)
rawe-rawe rantas malang-malang putung
7.
Sandiwara radhio yaiku jinise sandhiwara sing mung bisa kasemak kanthi migunakake....
a)
antawacana (dhialog)
b)
indra pangecap utawa pangrasa
c)
indra pangrungu (audhio)
d)
audhio visual elektronik
e)
perkakas kang canggih
8.
Pungkasan karampungane pasulayan utawa dredah, ing struktur teks lakon diarani….
a)
jejer (orientasi)
b)
pasulayan (komplikasi)
c)
pangudhare prakara (resolusi)
d)
pungkasaning crita (kodha)
e)
owahing crita (revolusi)
9.
Umume, sandhiwara migunakake alur....
a)
maju
b)
flash back
c)
campuran
d)
mundur
e)
wolak-walik
10.
Teks sandhiwara radhio ora mbutuhake pituduh laku, ananging mbutuhake....
a)
kramagung
b)
pituduh akting
c)
pituduh pocapan
d)
pituduh bloking
e)
pituduh gladhen
11.
Amarga antawacana ing teks sandhiwara radhio iku mujudake teks tulis kang arep diucapake kanthi lesan, mula ....
a)
biasane migunakake basa baku
b)
basane kecampuran tembung ora baku
c)
basane trep karo unggah-ungguh basa
d)
ukarane dawa lan jangkep
e)
basane standar kaya basa Jogja-Solo
12.
Maneka warna jinis asil cipta sastra (utamane gancaran), bisa diowahi (dikonversi/alih wahana) dadi teks sandhiwara radhio. Carane, yaiku ....
a)
ngowahi gancaran dadi prosa
b)
ngowahi guneman dadi dhialog
c)
ngowahi guneman dadi antawacana
d)
ngowahi janturan dadi antawacana
e)
ngowahi antawacana dadi janturan
13.
Prodhuksi sandhiwara radhio bisa lumaku kanthi lancar lan apik, yen ….
a)
sekabehe pawongan kasangkut ing proses prodhuksi kanthi linambaran rasa seneng.
b)
sekabehe pawongan melu ngatur pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.
c)
sekabehe pawongan makarya kanthi linambaran rasa seneng lan tanggung jawab.
d)
sekabehe pawongan melu netepake pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.
e)
sekabehe pawongan melu milih pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.
14.
Jalaran mung disemak kanthi dirungokake, mula pamaraga/pemain sandhiwara radhio kudu temen temen nduweni swara ...
a)
kang bisa kaprungu endhek-dhuwur dening panyemak.
b)
kang bisa nggambarake figur/karakter tokoh kang diparagani.
c)
kang bisa kaprungu kanthi jelas dening panyemak.
d)
kang bisa diatur intensitas, intonasi, lan artikulasine.
e)
kang bisa kepenak dirungokake kaya swarane waranggana.
15.
Tumrap adegan lan kahanan kang ora bisa utawa angel diswarakake (umpamane kobongan, banjir, rasa, rupa), bisa dicritakakae dening ....
a)
sutradhara
b)
pamaraga
c)
penulis naskah
d)
narator
e)
edhitor
Reset
