NEW
Font size
WorksheetsKuis Tembang Pangkur Kelas X
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Serat Wedhatama menika serat anggitanipun ...
K.G.P.A.A Paku Alam IV
K.G.P.A.A Hamengkubuwana IV
K.G.P.A.A Mangkubumi IV
K.G.P.A.A Mangkuharyo IV
K.G.P.A.A Mangkunegara IV
Paugeran tembang macapat ingkang nggadhahi teges tibaning swara ing pungkasaning gatra dipunwastani…
Guru gatra
Guru basa
Guru lagu
Guru sastra
Guru wilangan
Nalika nembang macapat, ing sajroning tembang ana sawijining wilangan kang minangka lelirune utawi gegatine wilahan gamelan kang diarani ….
Titi Laras
Pedhotan
Cakepan
Cengkok
Laras
Tembang macapat ingkang asalipun saking tembung lagondhang utawa srinata inggih menika …
Pangkur
Asmaradhana
Kinanthi
Mijil
Dhandhanggula
Paugeran tembang Pangkur inggih menika …
Gatra: 4, wilangan: 12, 6, 8, 12, lagu: u, a, i, a
Gatra: 6, wilangan: 8, 8, 8, 8, 8, 8 lagu: u, i, a, i, a, i
Gatra: 7, wilangan: 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8, lagu: i, a, e, a, a, u, u,
Gatra: 7, wilangan: 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8, lagu: a, i, u, a, u, a, i
Gatra: 9, wilangan: 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12, lagu:a, i, a, i, i, u, a, i, a
Tegese tembang Pangkur inggih menika kangge…
Medharaken swasana bungah
Medharaken raos paseduluran
Medharaken raos kang sarwa becik ngadohi hawa lan nepsu
Medharaken raos sedhih lan keranta-ranta ditinggal dening wong kang katresnan
Medharaken raos swasana kang sigrak, semanak, seneng kekancan
Yen dijingglengi tembang Pangkur iku nduweni watak …
Luwes lan gawe seneng
Grapyak lan sumadulur
Madhep manteb, nesu/sereng
Tresna asih, kaluwarga
Sedhih, lenger-lenger
Saka pethikan tembang Pangkur iku kang ora kalebu pitutur luhur saka tembang kasebut, yaiku …
Ilmu sejati iku nyenengake atine wong liya
Mumpung isih mudha kudu seneng ngibadah
Dadiya wong urip kang tumindake kebak tata
Tansah ngolah batin lan budi pakarti
Wong kang nguwasani ilmu Jawa seneng diarani cubluk
Ing tembang Pangkur ana pratelan kang muni “Marma ing sabisa-bisa, babasane muriha tyas basuki, puruitaa kang patut” tegese pethikan tembang kasebut kang trep yaiku …
Dadiya murid sing bener anggone sekolah lan sinau
Sinaua sing bener supaya kabeh gegayuhanmu bisa kasembadan
Mula ngupayaa kanthi temenan kanggo gawe seneng uripmu dhewe
Kanggo nyenengake atimu goleka papan sandhang pangan kang becik
Mula ngupayaa kanthi sinau sing bener, ibarate supaya uripmu tansah seneng lan slamet rahayu
Werdine “nanging janma ingkang wus waspadeng semu”, ing tembang Pangkur kasebut yaiku …
Nanging manungsa kang wis mangerteni kabeh prakara (donya lan akhirat)
Nanging jiwa manungsa kang wus tinilar donya
Nanging jisim manungsa kang wis ora katon
Manungsa kang wus ora bisa weruh bab ala lan becik
