NEW
Font size
WorksheetsPTS Ganjil Bahasa Jawa kelas 9 th 2021
Total questions: 50
Worksheet time: 46mins
Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis kanthi nggunake olah basa. Basa kang digunakake ing teks laporan asil observasi, yaiku ......
Basa kang kulina digunakake ing karya sastra
Basa Rinengga
Basa baku utawa basa kang gampang dimangerteni
Basa Kawi utawa Basa Jawa Kuna
Ing struktur Laporan Asil Observasi, perangan sing mujudake dudutan utawa simpulan asil observasi diarani : ...
Dhefinisi Umum
Identifikasi
Dheskripsi Bagean
Dheskripsi Manfaat
Ing ngisor iki tuladhane ukara tanggap, yaiku...
Kancaku maca buku nganggo kacamata.
Bukuku disilih Darwanto wis telung dina.
Bocah kae nyekel kucing dhewe ora ana kancane.
Ibu masak sayur lodheh senenganku.
"Bapak lagi tindak Surabaya bakda subuh mau." Ukara kasebut kalebu ukara andharan yaiku : ...
Ukara kang mratelakake rasa pangrasa
Ukara kang isine aweh pawarta
Ukara kang isine ngongkon
Ukara kang medharake rasa pangarep-arep, saupama lan senajan
Ing ngisor iki tuladhane Ukara Panguwuh : ...
Panasa ta klambiku ben ndang garing.
Muraha kae aku ora duwe dhuwit ya ora tuku.
Diparingana slamet anggone lunga, supaya enggal ketemu adhine.
Hore ,aku entuk biji satus !
Aksara kang digawe kanggo
njangkepi cacahe aksara kang gunane kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, diarani : ...
Aksara Rekan
Aksara Swara
Aksara Murda
Aksara Legena
Yen ditulis nganggo aksara latin : ...
Pitri budhal nyanyi
Fitri budhal ngaji
Putri budhal ngaji
Fitri budal ngaji
Bukune ana 25.
Yen ditulis nganggo aksara jawa : ...
Ing ngisor iki kalebu ciri-cirine Ludruk
Migunakake basa Jawa ragam Solo-Jogja.
Migunakake basa Surabayan, kairing gamelan kanthi teknik tabuh Jawa Timuran
Sumber critane njupuk saka Kisah Mahabarata
Sumber critane njupuk saka Kisah Ramayana
Eksposisi, konflik, klimaks, anti klimak, resolusi. Iku kalebu urutaning : ....
Tema
Alur
Latar
Amanat
Kang nglantarake crita, njlentrehne kanthi ringkes gegambaran isine crita. adate ana ngarep/pambuka,diarani ......
epilog
monolog
dhialog
prolog
Gamelan iki jenenge . . . .
kenong
gambang
gong
saron
Ature Sita ing ngisor iki endi kang trep?
Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan nganake piknik, kula ndherek oleh
ora?
Bu,aku melu piknik menyang Malang oleh apa ora?
Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan badhe ngawontenaken piknik
dhateng Bali, menapa kula kepareng ndherek?
Bu, wulan Desember tahun iki sekolahan arep nganake piknik, apa aku oleh
melu piknik?
Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?
mangkat, mlampah
mlampah, tindak
tindak, mlampah
tindak, tindak
Nalika matur ing rapat Rt, kepriye anggonmu njaluk kawigaten?
Kepareng nyela pangandikan dhateng para bapak-bapak sedaya.
Kula suwun bapak-bapak mendel rumiyin, kula badhe matur!
Kepareng nyela atur dhumateng bapak -bapak ingkang nembe wawan
pangandikan.
Kula suwun panjenengan sedaya mirengaken atur kula menika.
Aku lair taun 1987
Aku lair taun 1978
Aku lair taun 1879
Aku lair taun 1798
Kang kalebu aksara rekan
1
2
4
5
menawi diwaos ....
SMUHI lair 1 September 45 tahun kepengker
Muhi lair 1 September 55 taun kepengker
Muhi lair 1 september 65 taun kepengker
SMUHI lair 1 september 65 taun kepengker
Latine ...
Ibu ngunjuk toya zam-zam.
Ibu ngunjuk banyu zam-zam.
Ibu ngunjuke zam-zam.
Ibu ngunjuke banyu zam-zam.
Bapak : "Bas, ....kowe duwe atlas? Bapak nyilih sedela"
Baskoro : " ..............."
Wangsulane Baskoro kang bener manut unggah-ungguhe yaiku:
Kagungan pak, menika atlasipun
Gadhah pak, niko wonten tas
Gadhah pak, menika atlasipun.
Duwe pak, kae nang tas
Drama ing gambar kasebut, diarani ...
Ludruk
Wayang wong
Kethoprak
Teater
"Muliha ya adhiku supaya bisa kumpul kulawarga.”
Ukara kasebut kalebu ukara ...
Agya/pakon
Tanduk
Sambawa
Tanggap
Kleting Abang: "Kleting kuning cepet mrene! Aku arep lunga menyang kutha, iki kumbahan ndang dikumbah!"
Kleting Kuning: "Inggih Mbak Yu, sendika dhawuh."
Saka pacelathon drama ing nduwur, watek Kleting Abang yaiku ....
sabar
wicaksana
ladak/galak
seneng tetulung
Sadurunge pagelaran diwiwiti, sutradara nganakake sayembara kanggo milih paraga utama kang pas karo karakter ing drama. Kagiyatan kasebut diarani....
Sutradara kasebut lagi nganakake...
chasing
rekrutmen
editing
casting
Sadurunge nulis teks laporan asil observasi, becike kudu nyusun cengkorongan/kerangka luwih dhisik. Apa tujuane?
supaya lelandhesan struktur teks
tata urutan nulis kudu mangkono
supaya bab-bab kang bakal dirembug sajrone teks bisa runtut lan jangkep
supaya bab-bab kang bakal dirembug gampang
Ukara miturut isine ana maneka warna, salah sijine yaiku ukara sambawa. Ing ngisor iki tuladhane ukara sambawa kang duwe teges umpama....
Sinaua yen ora tenanan yo panggah ora bisa, mung rugi wektu.
Sinaua ya kancaku sakbangku iku, supaya ora panggah nyonto aku.
Sinaua mau bengi, aku saiki ulangan bisa nggarap lan nilaiku apik.
Sinaua boal-bali yen niate ora tenanan, yo panggah ora ngerti.
Ilham nyawang sakpolah tingkahe santi tanpa kedhep. Ukara kasebut kalebu ukara...
tanduk
tanggap
panguwuh
pamenging
Kang kalebu ukara pamenging yaiku...
Tutupen lawange, wis bengi!
Nyuwun tulung tukokna sabun adus ya!
Bukakno tokoku ya, merga aku lagi ana ing pasar!
Dadi cah wadon aja sok metu wayah bengi, ora apik!
ing ngisor iki titikane kethoprak yaiku
nganggo dialek surabaya
paraga nganggo busana tradisional
nyeritakake cerita perjuwangan
diwiwiti tari rema
Pagelaran kethoprak umume nyeritakake cerita keraton. Ragam basa sing digawe ing pagelaran kethoprak yaiku...
krama lugu
ngoko
ngoko lugu
krama alus
Mbah, sampean punapa sampun ngombe jamu?
ukara kasebut apa wis bener?
bener
salah, kudune: Mbah panjenengan punapa sampun ngombe jampi?
salah, kudune: Mbah sampean punapa sampun ngunjuk jampi?
salah, kudune: Mbah panjenengan punapa sampun ngunjuk jampi?
Nalika pagelaran drama, ditampilake paraga loro lagi guneman.
Gunemane wong loro ing pagelaran kasebut diarani....
babak
dialog
prolog
epilog
Nalika pagelaran drama, ditampilake paraga loro lagi guneman. Bubar kuwi gleber (tirai) ditutup.
Kahanan kasebut mratandhani yen pagelaran kasebut bakal ganti ....
babak
dialog
prolog
epilog
Bedane ludrug lan kethoprak dumunung ing....
kethoprak nganggo iringan jula-juli
kethoprak diwiwiti kanthi tari gambyong, dene ludrug diwiwiti kanthi tari gandrung
ludrug ora dibukani tari remo
kethoprak dibuka kanthi tari gambyong, dene ludrug dibuka kanthi tari remo
Tembung-tembung ing ngisor iki minangka tuladha basa kang digunakake drama tradhisional ludrug...
ajange, mene, katene
arep, duwe, kepriye
sendika, dhawuh, ngestokaken
nyuwun duka, barek, sumunggokna
Ngendikanipun Bapak, budhe Titik badhe rawuh mriki. Ukara kasebut yen diowahi dadi basa ngoko andhap yaiku
Sanjangipun Bapak, budhe Titik ajeng dugi mriki.
Ngendikane Bapak, budhe Titik arep rawuh kene.
Jarene Bapak, budhe Titik arep teka kene.
Jarene Bapak, budhe Titik arep sowan kene.
Paraga diarani kasil maragakake peran nalika penonton/pamiarsa melu kegawa swasana. Mula iku paraga kudu duwe ketrampilan babagan...
ekspresi lan mimik
main gimmik
nata konflik
ekspresi lan main polemik
Drama tradhisional kang mujudake asil budaya masyarakat Jawa Timur yaiku...
ludrug, wayang kulit
kethoprak, wayang uwong
wayang uwong, reog kendhang
ludrug, kethoprak
"Mbakyu kula mangke badhe dolan dhateng dalem sampeyan, sampun kesah nggih!" Ukara kasebut ana tembung kang ora trep pangetrapan unggah-ungguhe basa, yaiku...
dolan - sowan, sampeyan - panjenengan, kesah - tindak
dolan - endang, dalem - griya, kesah - tindak
dalem - griya, sampeyan - panjenengan, kesah - tindak,
dolan - tindak, sampeyan - panjenengan
Bocah kang nggrundel, ngunandika, grenengan ijen alon-alon lumrahe nggunakake basa...
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
"Nyuwun pangapunten Gusti Prabu, kula nangisi ibu kula ingkang sampun panjenengan sedani." Ukara kasebut migunakake unggah - ungguh basa...
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Saka kesenian kita ora mung bisa seneng-seneng ngrasakake endahing karya para seniman, nanging kita uga bisa....
ngundhakake drajat lan pangkat
ngundhakake pangkat lan jabatan
ngundhakake ilmu lan kaweruh
ngundhakake rasa pangrasa
Ukara ing ngisor iki kang ora kalebu ukara sambawa yaiku....
Anakku wae sekolah ora dakragati, apameneh anakmu gakragatana.
Dielingna dening Gusti si Kardi kae ya.
Dar, sekolahe anakmu ragatana!
Mangana yo ora ana lawuhe.
Yen nulis angka Jawa lumrahe nganggo...
pada lungsi
pada lingsa
pada adeg-adeg
pada pangkat
Sapa wae kang migunakake basa ngoko alus ing pasrawungan?
wong tuwa marang wong enom
wong enom marang wong tuwa
wong kang saumuran/saplantaran
wong tuwa marang marang wong enom kang diajeni
Ukara kang medharake rasa pangarep-arep, saupama lan senajan, diarani : ...
Ukara Sambawa
Ukara Panguwuh
Ukara Pitakon
Ukara Andharan
Ing unsur intrinsik crita, sing diarani setting yaiku : .....
Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita.
Pesan moral kang kinandhut ing crita.
Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar.
Tata urutan lumakune crita
Crita sing nyritakake asal-usule papan utawa panggonan diarani ...
fabel
legendha
sage
mite
Sumber crita wayang asale saka ....
Tanah Jawa
Indonesia
India
Arab
