wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN PENILAIAN AKHIR SEMESTER IX

Total questions: 50

Worksheet time: 50mins

Name
Class
Date
1.

Ing taman amung Dewi Trijatha sing bisa ngarih-arih lan mbujuk Dewi Shinta supaya gelem mangan. Dewi Trijatha kuwi anake Gunawan Wibisana adhine Prabu Dasamuka dadi isih ponakane Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha kuwi rupane ayu lan polah tingkahe ora kasar kaya buta Alengka. Polah tingkahe lan solah bawane ora beda karo putri keraton liyane. Upama ora ana Trijatha, Dewi Shinta mesthi wis mati suduk sarira, Trijatha kasil ngarih-arih Dewi Shinta supaya ora lampus dhiri.

Kang kajibah ngrumat Dewi Shinta ana ing keputren yaiku ….

a)

Sarpakenaka

b)

Wibisana

c)

Trijatha

d)

Jatayu

2.

Ing taman amung Dewi Trijatha sing bisa ngarih-arih lan mbujuk Dewi Shinta supaya gelem mangan. Dewi Trijatha kuwi anake Gunawan Wibisana adhine Prabu Dasamuka dadi isih ponakane Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha kuwi rupane ayu lan polah tingkahe ora kasar kaya buta Alengka. Polah tingkahe lan solah bawane ora beda karo putri keraton liyane. Upama ora ana Trijatha, Dewi Shinta mesthi wis mati suduk sarira, Trijatha kasil ngarih-arih Dewi Shinta supaya ora lampus dhiri.

Kang mbedakake Trijatha karo putra Ngalengka saliyane yaiku ana ing ….

a)

rupa lan polah tingkah

b)

rupa lan polatan

c)

polah lan laku

d)

rupa lan laku

3.

Ing taman amung Dewi Trijatha sing bisa ngarih-arih lan mbujuk Dewi Shinta supaya gelem mangan. Dewi Trijatha kuwi anake Gunawan Wibisana adhine Prabu Dasamuka dadi isih ponakane Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha kuwi rupane ayu lan polah tingkahe ora kasar kaya buta Alengka. Polah tingkahe lan solah bawane ora beda karo putri keraton liyane. Upama ora ana Trijatha, Dewi Shinta mesthi wis mati suduk sarira, Trijatha kasil ngarih-arih Dewi Shinta supaya ora lampus dhiri.

Miturut teks pethikan cerita wayang ing ndhuwur, saperangan watak putri keraton ing Ngalengka awatak ….

a)

kasar, sereng

b)

andhap asor

c)

sareh/ririh

d)

alus

4.

Dewi Shinta tetep kendel boten wangsulan dhateng aturipun Anoman.

“Gusti Dewi, kula pun Anoman. Kula dutanipun Gusti Ramawijaya.” Aturipun Anoman ngambali.

“Eh iki sapa? Ngerti-ngerti kok ing sacedhakku ana wanara seta bisa caturan tur nyebut-nyebut garwaku, Kakangmas Ramawijaya?”

Ana ing ndhuwur pethikan cerita wayang kanthi lakon ….

a)

Kidang Kencana

b)

Anoman Obong

c)

Anoman Duta

d)

Resi Jatayu

5.

Dewi Shinta tetep kendel boten wangsulan dhateng aturipun Anoman.

“Gusti Dewi, kula pun Anoman. Kula dutanipun Gusti Ramawijaya.” Aturipun Anoman ngambali.

“Eh iki sapa? Ngerti-ngerti kok ing sacedhakku ana wanara seta bisa caturan tur nyebut-nyebut garwaku, Kakangmas Ramawijaya?”

Pethikan cerita wayang ing ndhuwur dumadine pacelathon antarane … lan ….

A. Jatayu lan Shinta

B. Anoman lan Shinta

C. Leksmana lan Shinta

D. Ramawijaya lan Shinta

a)

Jatayu lan Shinta

b)

Anoman lan Shinta

c)

Leksmana lan Shinta

d)

Ramawijaya lan Shinta

6.

Dewi Shinta tetep kendel boten wangsulan dhateng aturipun Anoman.

“Gusti Dewi, kula pun Anoman. Kula dutanipun Gusti Ramawijaya.” Aturipun Anoman ngambali.

“Eh iki sapa? Ngerti-ngerti kok ing sacedhakku ana wanara seta bisa caturan tur nyebut-nyebut garwaku, Kakangmas Ramawijaya?”

Wiwitane Shinta ora percaya marang utusane Ramawijaya ingkang awujud wanara seta iku amarga ….

a)

Anoman iku balane Rahwana

b)

praupane Anoman nggegirisi

c)

wujude wanara nanging bisa caturan

d)

Anoman malang kerik ana ing wit nagasari

7.

Dewi Shinta ora percaya nalika ing sangarepe ana wanara seta kang bisa caturan. Tegese wanara seta ana ing teks wayang ing ndhuwur yaiku ….

a)

Kethek

b)

Kethek putih

c)

Kethek kang bisa caturan

d)

Kethek kang sekti mandraguna

8.

Dewi Shinta tetep kendel boten wangsulan dhateng aturipun Anoman. Tembung kang kacithak kandel ana ing pethikan teks cerita wayang ing ndhuwur dasanamane ....

a)

wani

b)

anggak

c)

meneng

d)

kumawani

9.

“Dhuh Gusti, kula pun Anoman. Kula dutanipun Gusti Ramawijaya saperlu ngupadi paduka wonten ing Alengka ngriki.”

“Anoman apa buktine menawa kowe iku utusane Kangmas Ramawijaya?”

“Inggih Dewi, kula kaparingan kalpika menika supados kaaturaken Paduka. Kalpika menika minangka tandha bilih kula menika dutanipun Gusti Ramawijaya,” aturipun Anoman kaliyan ngaturaken kalpika.

“Iya bener Anoman, iki pancen kalpika agemane Kangmas Ramawijaya dalah yayi Laksmana? Apa dhawuhe marang kowe Anoman?

Miturut teks ing ndhuwur Anoman kajibah ... Dewi Shinta. Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut ....

a)

ngeterake

b)

ngancani

c)

nggoleki

d)

nulung

10.

“Dhuh Gusti, kula pun Anoman. Kula dutanipun Gusti Ramawijaya saperlu ngupadi paduka wonten ing Alengka ngriki.”

“Anoman apa buktine menawa kowe iku utusane Kangmas Ramawijaya?”

“Inggih Dewi, kula kaparingan kalpika menika supados kaaturaken Paduka. Kalpika menika minangka tandha bilih kula menika dutanipun Gusti Ramawijaya,” aturipun Anoman kaliyan ngaturaken kalpika.

“Iya bener Anoman, iki pancen kalpika agemane Kangmas Ramawijaya dalah yayi Laksmana? Apa dhawuhe marang kowe Anoman?

Miturut teks pethikan cerita wayang ing ndhuwur watake Dewi Shinta yaiku ....

a)

culika

b)

ngeyelan

c)

gampang nesu

d)

ora gampang percaya

11.

“Dhuh Gusti, kula pun Anoman. Kula dutanipun Gusti Ramawijaya saperlu ngupadi paduka wonten ing Alengka ngriki.”

“Anoman apa buktine menawa kowe iku utusane Kangmas Ramawijaya?”

“Inggih Dewi, kula kaparingan kalpika menika supados kaaturaken Paduka. Kalpika menika minangka tandha bilih kula menika dutanipun Gusti Ramawijaya,” aturipun Anoman kaliyan ngaturaken kalpika.

“Iya bener Anoman, iki pancen kalpika agemane Kangmas Ramawijaya dalah yayi Laksmana? Apa dhawuhe marang kowe Anoman?

Dewi Shinta ora percaya nalika ing sangarepe ana wanara seta kang bisa caturan. Tegese caturan ana ing teks wayang ing ndhuwur yaiku ….

a)

dolan

b)

dolanan

c)

prapatan

d)

omong-omongan

12.

Inggih Dewi, kula kaparingan kalpika menika supados kaaturaken Paduka. Tembung kang kacithak kandel iku dasanamane ....

a)

ali-ali

b)

mas-masan

c)

makutha raja

d)

inten/ raja brana

13.

Tembang macapat iku nyaritakake wiwit saking lahir tumekaning pati. Tembang kang minangka pralambang mati yaiku tembang ....

a)

Mijil

b)

Pocung

c)

Gambuh

d)

Megatruh

14.

Tembang kang minangka pralambang manungsa seneng tetulung marang sapadhane yaiku ....

a)

Mijil

b)

Durma

c)

Dhandanggula

d)

Maskumambang

15.

Serat Wulangreh minangka serat kang isine tembang anggitanipun ....

a)

Sri Sultan HB IV

b)

Sri Susuhunan HB IV

c)

Sri Susuhunan PB IV

d)

Sri Paduka Paku Alam IV

16.

Serat Wulangreh pupuh Dhandanggula guru gatrane ana ....

A. 9

B. 10

C. 11

D. 12

a)

9

b)

10

c)

11

d)

12

17.

Sasmitaning ngaurip puniki,

apan ewuh yen nora weruha,

tan jumeneng ing uripe,

akeh kang ngaku-aku,

pangrasane sampun udani,

tur durung wruh ing rasa,

rasa kang satuhu,

rasaning rasa punika,

upayanen darapon sampurna ugi,

ing kauripanira.

Tembang ing ndhuwur nyaritakake menawa manungsa iku durung ngerti babagan olah ....

A.

B.

C.

D.

a)

tata

b)

rasa

c)

karsa

d)

mardika

18.

Sasmitaning ngaurip puniki,

apan ewuh yen nora weruha,

tan jumeneng ing uripe,

akeh kang ngaku-aku,

pangrasane sampun udani,

tur durung wruh ing rasa,

rasa kang satuhu,

rasaning rasa punika,

upayanen darapon sampurna ugi,

ing kauripanira.

Pratandha ing jaman saiki miturut tembang kasebut, manungsa digambarake lagi ngalami kahanan ngrasakake yen uripe ....

a)

ora tentrem

b)

ora mulya

c)

tentrem

d)

mulya

19.

Sasmitaning ngaurip puniki,

apan ewuh yen nora weruha,

tan jumeneng ing uripe,

akeh kang ngaku-aku,

pangrasane sampun udani,

tur durung wruh ing rasa,

rasa kang satuhu,

rasaning rasa punika,

upayanen darapon sampurna ugi,

ing kauripanira.

Rasa kang satuhu kudu diuri-uri manungsa supaya uripe dadi ....

a)

seneng

b)

sampurna

c)

bagya mulya

d)

kebak welas asih

20.

Sasmitaning ngaurip puniki,

apan ewuh yen nora weruha,

tan jumeneng ing uripe,

akeh kang ngaku-aku,

pangrasane sampun udani,

tur durung wruh ing rasa,

rasa kang satuhu,

rasaning rasa punika,

upayanen darapon sampurna ugi,

ing kauripanira.

Pangrasane sampun udani. Tembung kang kacithak kandel ana ing pethikan tembang kasebut tegese yaiku ....

a)

wis

b)

udan

c)

ngerti

d)

kahanan

21.

Upayanen darapon sampurna ugi. Tembung kang kacithak kandel dasanamane ....

a)

lan

b)

kudu

c)

mesthi

d)

supaya

22.

1. Gatekna upacara adat Jawa ing ngisor iki!


(a) siraman

(b) nontoni

(c) brobosan

(d) brokohan

(e) tedhak siten

(f) kacar-kucur

(g) mitoni

(h) tancep kayon

(i) selapanan

(j) muludan


Kang kalebu upacara adat Jawa babagan manten yaiku ....

a)

(a), (b), (f)

b)

(a), (b), (h)

c)

(a), (c), (f)

d)

(a), (d), (g)

23.

Salah sijine adat tata cara manten yaiku siraman calon penganten . Sakdurunge acara siraman calon penganten putri, sedina sakdurunge sing duwe gawe wis utusan paraga golek banyu sumber pitu , sumber pitu utawa tuk pitu mau bisa awujud sendhang utawa sumur dadi dudu banyu kali sing ora suci amarga wis reget. Sakwise calon penganten putri nganggo busana siraman, rambut diore, dikanthi mijil saka kamar busana, sungkem caos bekti luwih dhisik marang sesepuh piniji ( putri ) kang lungguhe wis ditata sakdurunge, jejer-jejer .Urutan sing keri dhewe lenggahe ibu lan ramane calon penganten putri. Sakwise sungkem pangabekti, calon penganten putri tumuli dikanthi dening rama lan ibune manjing papan siraman.

Miturut wacan ing ndhuwur prosesi kang katindakake yaiku upacara adat Jawa ....

a)

mitoni

b)

siraman

c)

gethak dina

d)

midodareni

24.

Banyu kang dadi ubarampe upacara adat Jawa kaya kang disebut ing ndhuwur arupa banyu saka ... sumber. Wangsulan kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing sisih kiwa yaiku ....

a)

lima

b)

enem

c)

pitu

d)

wolu

25.

Nalika calon manten putri mijil saka panti busana nganggo busana siraman model rikma (rambut) manten putri ....

a)

disanggul

b)

digelung

c)

dikucir

d)

diore

26.

Sadurunge adicara kawiwitan calon manten putri luwih dhisik caos pakurmatan kanthi .... dhateng rama lan ibu. Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing sisih kiwa yaiku ....

a)

salam

b)

miwiti

c)

bebana

d)

sungkem

27.

Calon penganten putri dilenggahake ing papan siraman kang wis cinawis. Rama lan ibune banjur nampa banyu sumber pitu saka paraga kang piniji, sabanjure banyu sumber pitu kacampurake ing jembangan kang arep dienggo siraman. Sakwise banyu dicampur, dhukun penganten ngandani para sepuh putri kang piniji mbaka siji nyirami calon penganten. Rampung siraman nuli nindakake acara pecah pamor. Carane, kendhi pratala sing isi banyu dicurake dening ramane kanggo wudlu tumrap calon penganten putri sing muslim, dene saliyane cukup kanggo raup nganti banyune entek. Yen kendhi wis kothong, banjur dicekel bareng dening rama lan ibune, kendhi ditibakake utawa dibanting karo ngucap : ”Aku ora mecah kendhi, nanging mecah pamore anakku”. Sakwise kendhi pecah, calon penganten putri banjur dianduki lan dibopong mlebu panti busana dening rama lan ibune, pepindhane kaya digendong kanthi kebak rasa tresna asih .

Miturut pethikan teks ing ndhuwur banyu saka maneka warni sumber kacampur banjur dilebokake ana ing jembangan. Tegese jembangan yaiku ....

a)

kendhi

b)

genthong

c)

kolah banyu

d)

wadah isi tirta wening

28.

Rampung acara siraman banjur nindakake acara mecah pamor, kang dipecah ana ing acara iki yaiku ....

a)

kendhi

b)

genthong

c)

kolah banyu

d)

wadah isi tirta wening

29.

Sakwise kendhi pecah, calon penganten putri banjur diandhuki lan dibopong mlebu panti busana. Tegese panti busana yaiku kamar kanggo ....

a)

adus

b)

salin

c)

masak

d)

madhang

30.

Adicara siraman wis rampung kalajengaken adicara maes manten lan ganti rasukan kang apik lan sarwa endah. Adicara kasebut diarani ....

a)

nontoni

b)

midodareni

c)

ngalub-alubi

d)

ngundhuh mantu

31.

Para kleting lagi omong-omongan ing njero omah.

Kleting Biru : “Kleting kuning, mrenea! Aku arep lunga menyang kutha, wajan

iki asahana nganti resik, kuinclong tur kena kanggo kanggo ngilo!

Pisan maneh! Kuinclong tur kena kanggo ngilo! Awas!”

Kleting Kuning : (ndhingkluk) “Inggih mbakyu, sendika dhawuh”

Manut pethikan drama ing ndhuwur, irah-irahan(judul) drama kasebut yaiku ....

a)

Andhe-andhe lumut

b)

Jaka Tarub

c)

Keong Mas

d)

Jaka Kendhil

32.

Gatekna pethikan drama ing ngisor iki!

Para kleting lagi omong-omongan ing njero omah.

Kleting Biru : “Kleting kuning, mrenea! Aku arep lunga menyang kutha, wajan

iki asahana nganti resik, kuinclong tur kena kanggo kanggo ngilo!

Pisan maneh! Kuinclong tur kena kanggo ngilo! Awas!”

Kleting Kuning : (ndhingkluk) “Inggih mbakyu, sendika dhawuh”

Manut isining pacelathon, Kleting Biru duwe watak ….

a)

tresna asih marang sedulur

b)

alus ing budi

c)

sregep

d)

ladak

33.

Kleting Abang lan kleting ijo sanalika mundur, dhewekke imbas-imbis ngrasa ora dipilih karo andhe-andhe lumut.

Kleting Biru :”Mesti aku sing dipilih, aku iki kan lincah tur imut”

Andhe-andhe Lumut :”Ora kabeh, kowe maneh kleting Biru, Pancen manis esemmu nanging yo lunyu ilatmu, yen guneman molah-malih. Aku luwih milih kleting Kuning.”

Tembung lunyu ilatmu ing drama ndhuwur ngemu teges….

a)

sreseh

b)

akeh omong

c)

mencla-mencle

d)

seneng ngomongi wong liya

34.

Kleting Abang lan kleting ijo sanalika mundur, dhewekke imbas-imbis ngrasa ora dipilih karo andhe-andhe lumut.

Kleting Biru :”Mesti aku sing dipilih, aku iki kan lincah tur imut”

Andhe-andhe Lumut :”Ora kabeh, kowe maneh kleting Biru, Pancen manis esemmu nanging yo lunyu ilatmu, yen guneman molah-malih. Aku luwih milih kleting Kuning.”

1. Manut isining drama ing ndhuwur, sing pungkasane dipilih andhe-andhe lumut minangka garwane yaiku ….

a)

Kleting abang

b)

Kleting kuning

c)

Kleting biru

d)

Kleting ijo

35.

Gatekna pacelathon ing ngisor iki!

Agus : “Bang, wis oleh undhangan saka pak RT durung?”

Bambang : ”uwis, undhangan kerja bakti ta?”

Agus : ”iya bener, nanging dina iku aku ngepasi oleh undhangan mantenan

kancaku.

Bambang : ”Ya ora papa, kowe becike matur pak RT, utawa sesuk teka dhisik ing

papan kerja bakti, lagi awane mangkat mantenan.

Manut isining pacelathon. Agus lan Bambang ngrembug...

a)

kerja bakti

b)

kondangan

c)

sowan pak RT

d)

ngaturi undhangan

36.

Gatekna pacelathon ing ngisor iki!

Agus : “Bang, wis oleh undhangan saka pak RT durung?”

Bambang : ”uwis, undhangan kerja bakti ta?”

Agus : ”iya bener, nanging dina iku aku ngepasi oleh undhangan mantenan

kancaku.

Bambang : ”Ya ora papa, kowe becike matur pak RT, utawa sesuk teka dhisik ing papan kerja bakti, lagi awane mangkat mantenan

Panganggone ukara pitakon ing pacelathon ndhuwur tinemu ing .…

a)

Iya bener, nanging dina iki aku ngepasi oleh undhangan mantenan kancaku

b)

Bang, wis oleh undhangan seka pak RT durung?

c)

Ya ora papa kowe becike matur Pak RT!

d)

Esuk teka dhisik ing papan kerja bakti!

37.

Gatekna pacelathon ing ngisor iki!

Agus : “Bang, wis oleh undhangan saka pak RT durung?”

Bambang : ”uwis, undhangan kerja bakti ta?”

Agus : ”iya bener, nanging dina iku aku ngepasi oleh undhangan mantenan

kancaku.

Bambang : ”Ya ora papa, kowe becike matur pak RT, utawa sesuk teka dhisik ing

papan kerja bakti, lagi awane mangkat mantenan

Unggah-ungguh basa kang digunakake ing pacelathon ndhuwur yaiku ….

a)

ngoko lugu

b)

ngoko lan karma

c)

ngoko lugu lan karma alus

d)

ngoko lugu lan ngoko alus

38.

Pak, Tehe wis adhem, ora diunjuk dhisik? Yen diowahi krama alus yaiku .…

a)

Pak, tehipun sampun adhem, mboten dipununjuk rumiyin?

b)

Pak, tehe sampun adhem, mboten diunjuk rumiyin?

c)

Pak, tehe pun adhem, mboten diunjuk riyin?

d)

Pak, tehe pun adhem, mangga diunjuk riyin.

39.

Pak RT jagongan karo Susilo, basa kang digunakake Pak RT yaiku ….

a)

ngoko

b)

krama

c)

ngoko alus

d)

krama alus

40.

Bu Lurah ndherekake Bu Camat kondur. Tembung nderekake tegese ….

a)

ngeterke

b)

ngancani

c)

ndelokake

d)

ngakon

41.

Upacara adat Jawa kang dilampahi nalika bocah lahir yaiku ….

a)

brokohan

b)

brobosan

c)

tedak siten

d)

aqiqah

42.

Upacara adat Jawa kang dilampahi kanthi ancas supaya bocah bisa mlaku yaiku ....

a)

brobosan

b)

tedhak siten

c)

mitoni

d)

siraman

43.

Upacara adat Jawa nalika adicara lelayu kang minangka pakurmatan ingkang pungkasan yaiku ….

a)

angkat layon

b)

tedhak siten

c)

midodareni

d)

brobosan

44.

Nalika pahargyan temanten gagrak Surakarta kang awujud janur kembar diasta dening patah temanten diarani ….

a)

patah sakembaran

b)

kembar mayang

c)

subamanggala

d)

manggalayudha

45.

Pinanganten kakung ana ing gagrak Surakarta sabubare kirab midak barang awujud ….

a)

tigan

b)

kendhi

c)

janur

d)

tarub

46.

Pinanganten putri hamijiki samparanipun pinanganten kakung. Tegese samparan yaiku ….

a)

tangan

b)

weteng

c)

suku

d)

waja

47.

Kirab ana ing pahargyan temanten ana 2 yaiku kirab kasatriyan lan ….

a)

kanarendran

b)

budaya

c)

langgeng budaya

d)

sri narendra

48.

Ana ing pahargyan manten nalika mbuka wiwaraning acara kanthi pasang anyaman janur ing wiwaraning wisma kang diarani ….

a)

tarub

b)

kembar mayang

c)

sri narendra

d)

caruban

49.

Perangan adicara pahargyan manten kang minangka wujud manten kakung tansah paring nafkah/ pangupaboga dhateng manten putri tinemu nalika adicara ….

a)

dulangan

b)

tampa kaya

c)

kirab kasatriyan

d)

gantal

50.

Perangan adicara pahargyan manten kang minangka wujud bekti pinanganten sarimbit dhateng tiyang sepuh yaiku nalika adicara ….

a)

sungkeman

b)

balangan gantal

c)

midodareni

d)

siraman