WorksheetsBasa Jawa IX
Total questions: 50
Worksheet time: 38mins
Dewi : “Leres … dhik Cahyo. Dhik Cahyo boten remen bisnis, menawi dipunpeksa asilipun mangke boten sae.”
Tembung kang trep kanggo nanggepi ature Dewi ana ing pacelathon ndhuwur yaiku….
Aturipun
Pituturipun
Cariyosipun
Pangandikanipun
Sing nganggo klambi puitih kae Pak Lurah. Ukara iki menawa dikramakake kang bener yaiku.....
Sing ngangge klambi pethak nika Pak Lurah
Sing ngagem rasukan pethak nika Pak Lurah
Ingkang ngagem rasukan pethak menika Pak Lurah
Ingkang ngagem busana pethak menika Pak Lurah
Ukara kang bener unggah-ungguhe yaiku....
Mangga Pak menawi badhe nonton kethoprak
Mangga Pak menawi ajeng ningali kethoprak
Mangga Pak menawi badhe ningali kethoprak
Mangga Pak menawi badhe mirsani kethoprak
"Panjenengan arep tindak menyang Gunungkidul dina apa?"
Ukara ing nginggil inggih menika kalebet tataran unggah-ungguh basa ingkang
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Gambar ing nginggil menika mujudaken anak nembe pamitan dhateng tiyang sepuhipun, tetembungan ingkang dipunginakaken leresipun migunakake basa........
Ngoko lugu
Krama lugu
Ngoko alus
Krama alus
Tatakrama iku busananing bangsa, nduweni teges..................
Ing ngendi wae tatakrama bakal dienggo
Saben papan duwe adat utawa tatakrama dhewe-dhewe
Dhuwuring drajade bangsa katitik saka alusing tata kramane
Tatakrama iku pinangka srawung bangsa siji lan bangsa liyane
Bab-bab kang kudu digatekake menawa atur-atur kaya ing ngisor iki, kejaba.....
nganggo sandhangan sing sarwa apik lan anyar
migunakake basa sing becik trep karo unggah-ungguh
solah bawa lan tata krama sing becik
yen wis rampung anggone nindakake jejibahan caois lapuran marang wong kang menehi jejibahan
Basa krama iku gunane kaya ing ngisor iki, kejaba
guneme wong tuwa marang anake
guneme anak marang wong tuwane
gunemane karo wong sing urung tau tepung
gunemane murid marang gurune
Kula saweg … nalika Bapak … dhateng kantor.
Mangan, mangkat
Nedha, budhal
Dhahar, tindak
Nedha, tindak
Jono ora sarujuk karo panemune Joko. Ukara kang trep kanggo nelakake rasa ora sarujuk yaiku ....
Panemune Joko kuwi ora bener, aku ora sarujuk kudune aku sing bener.
Panemune Joko kuwi apik, nanging aku ora sarujuk luwih becik ngaturi wali kelas.
Panemune Joko kuwi kleru, aku ora setuju luwih becik ngaturi wali kelas.
Panemune Joko kuwi ora apik, bakune aku ora setuju.
Ing sawijining rapat, ana bab sing wis dadi keputusan nanging sejatine bab kuwi mau ora cocok karo panemumu, banjur kepriye becike ?
Nuwun sewu, pangandikan njenengan menika klentu.
Wah panemumu kuwi kleru, aku dhewe sing paling bener.
Nyuwun pangapunten pak, menawi pamanggih kula kados mekaten.
Nyuwun pangapunten pak, ingkang leres pamanggih kula, njenengan menika lepat.
Andharan ing ngisor iki kudu digatekake menawa srawung karo wong liy, kejaba.....
tetembungan kang becik
guneman sing seru supaya cetha
basane kang becik
polatan kang sumeh
"Wah hebat, aku melu bungah, kowe entuk juara 1 ing lomba maca geguritan!"
Ukara iki lumrah diarani tata krama kanggo.......
ngalem
sapa aruh
nyuwun ngapura
nyuwun idin
Tuladha pambuka wara-wara lelayu lumantar masjid ingkang leres inggih menika.....
Assalamualaikum Wr.Wb. kepareng matur wonten ngarsanipun warga masarakat Kampung Selang. Bilih ing enjang punika kita nampi pawartos lelayu saking Kampung Mokol. Innalillahi wa innailaihi rojiun, sampun kapundhut wonten pangayunanipun Allah SWT kanthi tentrem, lsp........
Innalillahi wa innailaihi rojiun, sampun kapundhut wangsul wonten Ngarsa Dalem Allah SWT kanthi tentrem panjenenganipun almarhum Bapak Suka Pralaya, lsp..........
Assalamualaikum Wr.Wb. Innalillahi wa innailaihi rojiun, sampun kapundhut wangsul wonten Ngarsa Dalem Allah SWT kanthi tentrem panjenenganipun almarhum Bapak Suka Pralaya, lsp..........
Innalillahi wa innailaihi rojiun. Assalamualaikum Wr.Wb. sampun kapundhut wangsul wonten Ngarsa Dalem Allah SWT kanthi tentrem panjenenganipun almarhum Bapak Suka Pralaya, lsp..........
Ukara-ukara ing ngisor iki kang ora kalebu atur mangayubagya yaiku....
Dherek mangayubagya mugi-mugi pinanganten dadosa keluarga ingkang sakinah, mawadah, lan warohmah.
Dherek binggah anggenipun tambah momongan, mugi-mugi dadosa putra ingkang sholihah!
Dherek prihatos awit kaparingan ganjaran kang arupi gerah, mugi-mugi enggal dhangan.
Mugi-mugi kanthi tambahing yuswa tambah imanipun!
Yen arep matur marang wong liya kamangka wong iku mau lagi ngendikan prayogane......
Ngenteni nganti ngendikane rampung
Enggal matur, ora ooerlu ngendikane rampung
Yen perlu nyela sanajan ngendikane durung rampung
Cepet-cepet matur, sing sora supaya aturmu dirungokake
Deri sarujuk karo panemune Endah. Ukara kang trep kanggo nelakake rasa sarujuk yaiku......
Supaya cepet rampung setuju ra setuju sing penting kudu manut karo panemune Endah.
ku jan-jane ora cocok, nanging gandheng kanca-kanca liyane setuju aku ya setuju
Panemumu iku jane ora becik, nanging aku setuju lah supaya cepet rampung
Ngono ya becik, aku sarujuk dadi mengko latihane bisa maksimal.
Deri arep mangkat sekolah. Olehe matur pamitan marang ibune......
Bu, nyuwun pamit kula badhe bidhal sekolah
Bu, nyuwun pamit kula badhe tindak sekolah
Bu, nyuwun pamit kula badhe kesah sekolah
Bu, nyuwun pamit kula badhe jengkar sekolah
Esuk iki Ahmad kudu ndherekake ibune priksa menyang Puskesmas. Mula Ahmad enggal-enggal matur marang pak guru nyuwun idin/ijin arep bali. Ature Ahmad kang bener yaiku.....
Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula nyuwun pamit, badhe kondur!
Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula nyuwun pamit, badhe wangsul
Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula mundhut badhe kondur!
Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula mundhut badhe wangsul
Nyaruwe panemune wong liya iku becike.......
Ngenteni nganti wong mau rampung olehe ngendika
Ora perlu ngenteni nganti wong mau rampung ngendika
Nyelani olehe ngendika
Sak wayah-wayah manut karepe dhewe.
Aksara kang mujudake salah sijine warisane para leluhur sing perlu dileluri,dilestarekake, lan dingrembakake diarani...
Aksara Jawa
Aksara Murda
Aksara Swara
Aksara Rekan
Aksara Jawa utawa carakan Jawa iku cacahe ana...
8
7
20
16
Struktur pembuka ing teks pambuka kang runtut yaiku..............
Salam pembuka, panyapa, atur pakurmatan, atur puji syukur, pengajak miwiti acara
Salam pembuka, atur panuwun, atur puji syukur, atur pakurmatan, panyapa
Salam pembuka, panyapa , atur puji syukur, atur pakurmatan, miwiti
Salam pembuka, atur pakumatan, atur panuwun, atur puji syukur, pangajak miwiti acara
Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama alus
Bu, menawi kepareng kula badhe ……pirsa!
mundhut
nyuwun
tanglet
njaluk
12i, 6a, 8i, 8a
Andhedhasar guru gatra, Guru wilangan lan guru lagu teks ing ndhuwur nuduhake yen iku tembang ....
Asmaradana
Pucung
Maskumambang
Gambuh
Pidhato kanthi ngapalake naskah luwih dhisik diarani ....
Impromptu
Ngapalake
Ekstemporen
Naskah
”Para pepundhen para pinisepuh ingkang dahat kinabekten”. Ukara iki kalebu perangan ....
salam pambuka
atur pakurmatan
atur pangayubagya
tetepungan
Sugeng siyang, Assalamu’alaikum, katentreman saha kawilujengan mugi katumrapan dhumateng panjenengan sedaya. Tuladha iku diarani….
Salam pambuka
Pambuka
Surasa
Salam panutup
Dudutan, pangarep-arep, lan ngaturake luput anggone matur iku perangan tanggap wacana kang diarani ….
Salam pambuka
Pambuka
Surasa
Panutup
“Cekap semanten atur kula, menawi (seumpama) wanten kalepatan (kesalahan) kulo nyuwun agunge pangapunten. Nuwun “ wacana ing dhuwur kalebu... .
Salam
Pembuka
Penutup
Surasa
" Puji syukur konjuk (haturkan) dhateng(kepada) Gusti…, boten kesupen atur panuwun (terimakasih) Ingkang tanpa upami dhateng para tamu ingkang sampun kersa (mau) Nglonggaraken wekdal (waktu) rawuh(datang) ing acara punika(ini)"
Waosan ing nginggil (di atas) bagian sesorah …
Uluk salam
Purwaka (pembuka)
Panutup
Surasa
Tibaning swara vocal ing pungkasaning (akhir) gatra diarani …
Guru lagu
Guru gatra
Guru wilangan
Guru basa
Tembang sing isine sansaya tambah umur dadi mudha utawa enom yaiku tembang macapat …
Mijil
Kinanthi
Sinom
Pocung
Carita Anoman Dhuta dijupuk saka crita wayang...
Ramayana
Babat Tanah jawa
Mahabarata
Babat Gianti
Sapa utusane Prabu Rama kanggo nggoleki Dewi Sinta?
Wil Kataksani
Anoman
Dasamuka
Indrajid
Apa kang diwenehake Anoman sakwise bisa ketemu Dewi Sinta ing kraton Ngalengka?
Gelang
Kalung
Ali-ali
Surat
Gagasan utawa pikiran kang dadi dasare carita diarani....
Tema
Alur
Setting/ Latar
Penokohan
Tembang macapat ana pira..
8
7
9
11
Gambar wayang kasebut diarani ....
Dewi Madrim
Dewi Sinta
Dewi Kunti
Sarpakenaka
Amanat saka crita wayang yaiku ....
manungsa anggone urip bisa nuladha marang watak ala lan nyingkiri watak kang becik
manungsa bisa nuladhani watak kang becik lan ninggalake watak kang ala
Aja nuladha marang watak wayang kang becik,utamane kang dituladhani dening Ramawijaya
Manungsa bakal nemoni kabegjan menawa ora gelem usaha utawa mbudidaya
1. Urut –urutane prastawa ing crita drama saka wiwitan nganti pungkasan diarani,..
Dialog
Paraga
Alur
Setting
2. Obah musike polatane paraga jroning drama diarani,..
Mimic
Dialog
Prolog
Epilog
Wacana kang njlentrehake prastawa kanti runtut arane ....
Narasi
Deskripsi
Argumentasi
Eksposisi
mangan roti
mangan nanas
mangan apel
mangan kates
ngangkat watu
ngangkat banyu
ngangkat wajan
ngangkat omah
Pasangan aksara Jawa tha yaiku ....
"Jedor" yen ditulis nganggo aksara jawa dadi..
"Padhang " yen ditulis nganggo aksara jawa dadi..
Sapa nama panjange lan gelare gurumu basa Jawa ing SMPIT Permata Ummat
(a)
