wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa (Upacara Adat Manten)

Total questions: 15

Worksheet time: 3mins

Name
Class
Date
1.

Calon manten rawuh dhateng dalemipun manten putri kangge pitepangan dhateng tiyag sepuh calon manten putri nanging boten kaliyan tiyang sepuh calon manten kakung dipunwastani

a)

lamaran

b)

nontoni

c)

midodareni

d)

tarub

2.

Calon manten putri namung wonten ing kamar, lajeng calon manten kakung wonten plataran griya kangge nyantri, menika prosesi saking...

a)

midodareni

b)

ijab

c)

lamaran

d)

nontoni

3.

Pralambang supados manten putri saged ngatur emah-emah kanthi sae menika wonten ing prosesi balangan gantal ing perangan...

a)

jaja/dada

b)

jengku/dhengkul

c)

palaraban/bathuk

d)

suku/sikil

4.

Calon manten kakung dipungayuhaken supados saged dados imam/pangarsa ingkang sae, menika pralambang saking balangan gantal perangan ing..

a)

jaja/dada

b)

bathuk/palaraban

c)

sikil/suku

d)

jengku/dhengkul

5.

Sansaya isi , sansaya tumungkul menika pralambang saking...

a)

pisang

b)

ron ilalang

c)

kluwih

d)

pari/pantun

6.

Ingkang dados pralambang supados kekalih temanten saged pinaringan rejeki ingkang linuwih, menika pralambang saking...

a)

pisang

b)

kluwih

c)

ron ilalang

d)

cengkir

7.

Upacara kangge ngresiki jiwa lan raga temanten sakderengipun ijab dipunwastani...

a)

lamaran

b)

midodareni

c)

nontoni

d)

siraman

8.

Manten kakung midak tigan wekdal prosesi panggih, menika prosesi gagrag...

a)

Ngayogyakarta

b)

Solo

c)

Sulawesi

d)

Sumatra

9.

Wujud nafkah lahir saking manten kakung dhateng manten putri menika dipunlantaraken saking prosesi

a)

balangan gantal

b)

kacar-kucur

c)

dhahar walimahan

d)

ngonjuk toya wening

10.

Ajining dhiri gumantung saking lathi, raga saking busana, awak saking tumindak menika pralambang saking prosesi..

a)

balangan gantal

b)

kacar-kucur

c)

sungkeman

d)

ngonjuk toya wening

11.

Raos kumat lan panuwun temanten kekalih amargi sampun dipungulawenthah saking alit, menika pralambang saking prosesi..

a)

siraman

b)

ngonjuk toya wening

c)

dhahar walimahan

d)

sungkeman

12.

Manten putri dhahar piyambakan , dene manten kakung namung mirsani menika prosesi saking gagrag...

a)

Ngayogyakarta

b)

Solo

c)

Sulawesi

d)

Palembang

13.

Temanten kekalih dulang-dulangan menika prosesi gagrag...

a)

Ngayogyakarta

b)

Solo

c)

Sulawesi

d)

Palembang

14.

Prosesi ingkang gadhah pralambang supados enggal pinaringan momongan menika prosesi saking...

a)

kacar-kucur

b)

balangan gantal

c)

meteg tigan

d)

sungkeman

15.

Tandha bekti manten putri dhateng manten kakung saged dipunlantaraken saking prosesi...

a)

balangan gantal

b)

mijiki sikil

c)

sungkeman

d)

kacar-kucur