NEW
Font size
WorksheetsBAHASA JAWA KELAS 8
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Ibu nuwun sewu, menawi kepareng kula badhe matur. Ature Bayu marang ibune iku migunakake unggah-ungguh basa …
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Basa kang tembung-tembunge ngoko kabeh ora kecampur tembung krama diarani …
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Wingi aku diparingi priksa dening bapak Kepala Madrasah. Ukara kasebut migunakake unggah-ungguh basa …
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Ayo diunjuk dhisik, mau saka sekolahan ta? Ukara iku migunakake unggah-ungguh basa …
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Menawa arep nyuwun idin belajar kelompok, anggone matur marang simbahmu yaiku …
Mbah, kula nyuwun idin badhe belajar kelompok, wangsulipun mangke jam tiga.
Mbah, kula mundhut idin arep belajar kelompok, kondure mangke jam tiga.
Mbah, kula nyuwun idin ajeng belajar kelompok, baline mangke jam telu.
Mbah, kula ajeng idin belajar kelompok, kondure mangke jam telu.
Ing dina Selasa, Arin telat anggone mlebu kelas jalaran tangi kawanen. Kepriye anggone Arin matur marang Bu Guru kang wis miwiti pelajaran?
Bu guru nuwun sewu kula telat, yen oleh kula ajeng melu pelajaran.
Bu guru nuwun sewu kula telat, yen angsal kula ajeng tumut pelajaran.
Bu guru nuwun sewu kula telat, menawa angsal kula ajeng ndherek pelajaran.
Bu guru nuwun sewu kula telat, menawi kepareng kula badhe ndherek pelajaran.
Nalika arep miwiti rapat karang taruna, Fahmi minangka ketua pemudha jaluk para anggotane supaya padha gatekake. Kepriye ature Fahmi menawa jaluk kawigaten para anggotane?
Kanca-kanca aja rame dhisik!
Kanca-kanca rungokna sedhela!
Kanca-kanca bisa meneng apa ora?
Kanca-kanca jaluk kawigatene anteng dhisik.
Nalika Bulik Asri kondur saka Bandung, Lintang entuk oleh-oleh peyem. Kepriye ature Lintang kang bener nalika ngandharake panuwun dhateng bulike?
Matur nuwun lik, tapi kok mung sethithik?
Matur nuwun lik, kula remen peyemipun.
Matur nuwun lik, sesuk tumbaske maneh.
Matur nuwun lik, sesuk meneh ya.
Nalika kowe dinyatakake munggah kelas VIII lan dadi juwara 1 ing kelas, Bu Rina minangka wali kelasmu ngucapake selamat kanggo kowe. Anggonmu caos wangsulan marang Bu Rina kang becik yaiku …
Matur nuwun Bu, menika sedaya awit donga pangestunipun Bu Rina.
Matur nuwun Bu, untung ingkang dados wali kelasipun Bu Rina.
Matur nuwun Bu, menika amargi kula mempeng anggene sinau.
Matur nuwun Bu, menika amargi kula boten tau bolos sekolah.
Wah swaramu apik tenan ndhuk! Pantes menawa kowe juwara nyanyi tingkat Provinsi. Ukara kasebut kalebu jinising ukara kang ngandharake …
nyuwun idin
pamuji/ngalem
narik kawigaten
pitepangan
