wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PH 1 Layang B.Jawa/8

Total questions: 15

Worksheet time: 16mins

Name
Class
Date
1.

Tegese layang yaiku ....

a)

Piranti sesambungan kanggo menehi kabar marang wong liya

b)

Piranti sesambungan kanggo menehi kabar sing ditulis ing kertas

c)

Piranti sesambungan kanggo menehi kabar wong tuwa sing ditulis ing kertas

d)

Piranti sesambungan kanggo menehi kabar marang wong liya lumantar media cetak

2.

Layang uga diarani ....

a)

Iklan

b)

Pawarta

c)

Pariwara

d)

Surat

3.

Miturut isine, layang diperang dadi 6 yaiku ....

a)

Layang pribadi

b)

Layang kitir

c)

Layang Paturan

d)

Kabeh wangsulan bener

4.

Layang iki kalebu jinise layang ....

a)

Layang pribadhi

b)

Layang ulem

c)

Layang kitir

d)

Layang lelayu

5.

Gatekna teks layang pribadhi iki. Perangan struktur teks kang diwenehi nomer iki jenenge ....

a)

(1) Adangiyah

(2) Asma terang

(3) Bebuka

(4) Papan lan titi mangsa

(5) Peprenah

(6) Surasa basa

(7) Tapak asma

b)

(1) Adangiyah

(2) Papan lan titi mangsa

(3) Bebuka

(4) Surasa basa

(5) Wasana basa

(6) Peprenah

(7) Tapak asma

c)

(1) Papan titimangsa

(2) Adangiyah

(3) Salam pambuka

(4) Satata basa (pambuka)

(5) Surasa basa (isi)

(6) Wasana basa (panutup)

(7) Peprenah

d)

(1) Papan titimangsa

(2) Adangiyah

(3) Salam pambuka

(4) Satata basa (pambuka)

(5) Surasa basa (isi)

(6) Wasana basa (panutup)

(7) Asma terang

6.

(1) Ingkang putra

(2) Kajawi saking punika ,kula ugi ngaturi pirsa bilih kang putra sampun angsal padamelan ing pabrik garmen. Pramila kang putra nyuwun tambahing donga pangestu mugi-mugi anggen kula nyambut damel saged lancar. Ing wulan punika kang putra dereng saged wangsul amargi taksih dados karyawan enggal. Mugi-mugi wulan ngajeng kula saged wangsul nuweni bapak kaliyan ibu

(3) Sembah pangabekti kula katur bapak saha ibu ing Ngawi

(4) Triana Pinuji Lestari

(5) Nuwun wiyosipun keparenga kula atur uninga bilih kula ing Surabaya ginanjar sehat. Mugi-mugi bapak saha ibu ginanjar wilujeng ugi.

(6) Sawetawis cekap semanten layang saking kula. Menawi wonten wekdal kula tengga serat balesan saking bapak. Wasana menawi wonten klentune atur kang putra nyuwun pangapunten.

(7) Surabaya, 31 Desember 2015

Urutna perangane layang pribadhi iki manut struktur teks layang pribadhi supaya dadi layang kang apik!

a)

(7)-(3)-(5)-(2)-(6)-(1)-(4)

b)

(7)-(6)-(5)-(4)-(3)-(2)-(1)

c)

(7)-(3)-(5)-(2)-(6)-(4)-(1)

d)

(7)-(4)-(1)-(6)-(3)-(2)-(5)

7.

Layang kang isine cekak aos diarani (a)  

(wangsulan diketik nganggo huruf cilik kabeh, diparingi spasi, nanging ora usah diparingi tandha baca)

8.

Gatekna layang iki!

Kancaku Ardian

Ing Karanganyar

Ardian, aku durung bisa menyang omahmu dina iki, amarga kudu ndherekne bapakku menyang stasiun. Sepurane ya!

12 September 2022

Kancamu, 

Bima

Layang kitir iki isine ngenani ....

a)

Dina iki, Bima telat teka menyang omahe Ardian amarga dheweke kudu ngeterake bapake menyang stasiun

b)

Dina iki, Ardian ora bisa teka menyang omahe Bima amrga kudu ngeterake bapake Bima menyang stasiun

c)

Dina iki, Bima durung bisa menyang omahe Ardian amarga dheweke kudu ngeterake bapake menyang stasiun Karanganyar

d)

Dina iki, Bima durung bisa menyang omahe Ardian amarga Bima kudu ngeterake bapake menyang stasiun

9.

Layang iki diarani (a)  

(wangsulan diketik nganggo huruf cilik kabeh, diparingi spasi, tanpa tandha baca)

10.

Mugi Katur Panjenenganipun Bpk./Ibu/Sdr. (a)   wonten ing Palenggahan

Assalamualaikum Warohmatullah Wabarokatuh

Rinenggo sagunging pakurmatan, kanthi panyuwun nugrahing Gusti Ingkang Maha Agung, mbok bilih wonten longgaring wekdal, kula sakluwarga nyuwun kanthi sanget rawuhipun panjenengan mbenjang ing:

Dinten/tanggal    : Senin, 07 Februari 2022

Wanci                  : 19:00 (Ba’da Isya’)

Panggenan         : Griyo Kula RT.01 RW.02, Dusun Kauman, Malang

Wigatosing Atur : Walimatul Khitan

Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kula awit agunging kawigatosan rawuhipun panjenengan. Mugi Allah Ingkang Maha Asih tansah peparing berkah lan wilujeng ing sedayanipun.

Wassalamu ‘alaikum Warohmatullah Wabarokatuh

Atur Taklim Kawulo,

Bpk. Hartono Sakeluarga

Diarani layang ....

(wangsulan diketik nganggo huruf cilik, diwenehi spasi, tanpa tandha baca)

11.

Layang ulem uga diarani ....

a)

Layang kitir

b)

Undhangan

c)

Layang ganep

d)

Layang iber-iber

12.

Mugi Katur Panjenenganipun Bpk./Ibu/Sdr.________ wonten ing Palenggahan

Assalamualaikum Warohmatullah Wabarokatuh

Rinenggo sagunging pakurmatan, kanthi panyuwun nugrahing Gusti Ingkang Maha Agung, mbok bilih wonten longgaring wekdal, kula sakluwarga nyuwun kanthi sanget rawuhipun panjenengan mbenjang ing:

Dinten/tanggal    : Senin, 07 Februari 2022

Wanci                  : 19:00 (Ba’da Isya’)

Panggenan         : Griyo Kula RT.01 RW.02, Dusun Kauman, Malang

Wigatosing Atur : Walimatul Khitan

Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kula awit agunging kawigatosan rawuhipun panjenengan. Mugi Allah Ingkang Maha Asih tansah peparing berkah lan wilujeng ing sedayanipun.

Wassalamu ‘alaikum Warohmatullah Wabarokatuh

Atur Taklim Kawulo,

Bpk. Hartono Sakeluarga

Layang ulem iki isine ngenani .....

a)

Undhangan walimahan ing RT.01 RW.02, Dusun Kauman, Malang

b)

Undhangan walimatul khitan ing Griyone Bapak Hartono, RT.01 RW.02, Dusun Kauman, Malang

c)

Undhangan walimahan ing Griyo Kula RT.01 RW.02, Dusun Kauman, Malang

d)

Undhangan walimatul khitan Bapak Hartono ing Griyo kula, RT.01 RW.02, Dusun Kauman, Malang

13.

Coba gambaren struktur teks layang ganep!

14.

Para siswa kang tansah daktresnani.

Sesambetan kaliyan pengetan dinten Pendidikan, OSIS SMP Negeri 48 Surabaya badhe dherek-dherek ngramekaken. Awit saking punika, OSIS bakal ngawontenaken kegiyatan maneka lomba, yaiku:

Lomba cerdas cermat antar kelas

Lomba maca geguritan

Lomba kaligrafi

Lomba kebersihan kelas, lan

Lomba mading kelas

Kabeh lomba menika bakal dianakake ing:

Dinten : Jum’at-Sabtu

Surya : 18-19 Februari 2022

Pramila, para siswa saged nyiapaken wakil kelasipun supados saged tumut berpartisipasi kangge ngelaksanakake lomba-lomba sing bakal dianakake.

Matur nuwun.

Surabaya, 7 Februari 2022

Ketua OSIS, Muhammad Ammar

Layang iki diarani ..... (pilihen wangsulane luwih saka siji)

a)

Layang dhawuh

b)

layang prentah

c)

Layang kitir

d)

Layang Ulem

15.

Gatekna layang iki!

Kanggo warga desa, RT.05 RW.02 Kelurahan Puworejo, Pasuruan

Dina Minggu sesuk bakal ana acara kerja bakti massal ing Kota Pasuruan. Warga diaturi partisipasine nyuksesaske acara iki kanthi kerja bakti ngresiki lingkungan di sekitar RT.05 RW.02.

Ketua RT.05 RW.02

Bapak Haryanto

Layang iki diarani ....

(Pilihen wangsulane luwih saka siji)

a)

Layang dhawuh

b)

Layang paturan

c)

Layang pemberitahuan

d)

Edharan