NEW
Font size
WorksheetsCERKAK (KELAS VIII)
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Karya sastra Jawa periodhe anyar awujud crita kang nyritakake ngenani gegambarane urip masarakat saben dina, kang ngandhut pitutur, piweling, lan kritik, diarani ...
Basa rinengga
Crita rakyat
Geguritan
Crita cekak
Bageyan struktur teks cerkak kang ngandharake prakara kang lagi diadhepi dening paraga utama, klebu intine crita, lan kudu ana sajrone crita diarani …
Orientasi
Komplikasi
Resolusi
Pamecahe masalah
Bageyan pambuka kang ngenalake paraga (tokoh), latar/setting (panggonan, wektu, swasana) dumadine crita, kalebu struktur teks cerkak bageyan KOMPLIKASI.
Bener
Salah
Cerkak mujudake crita rekayasa (imajinatif) sing sumbere bisa crita kasunyatan. Ing crita cekak ngandhut unsur instrinsik lan ekstrinsik. Unsur instrinsik yaiku unsur sing ana sajrone cerkak. Sing kalebu unsur intrinsik ing crita cekak, yaiku ...
Kabudayan
Pendidikan
Latar/setting
Pariwisata
Perangan sing nggambarake masalah/konflik wiwit dirampungake utawa pamecahe prakara sajrone crita diarani struktur RESOLUSI.
Bener
Salah
Wacanen cerkak ing ngisor kanthi tliti!
Wayah liburan akhir taun pelajaran wingi, aku ndherek bapak lan ibu wisata kluwarga menyang Jakarta, Bogor, lan Bandung. Kebeneran sekolah ing panggonane bapak ngasta nganakake wisata kluwarga. Aku lan adhikku uga ndherek. Sadurunge budhal, bengine mripatku angel dakremake. Kok ora ndang esuk-esuk, ya? pikirku. Aku ora bisa turu, awit wis kelas 8 SMP aku durung weruh langsung swasana ibukota negara RI kasebut.
Manut wacan ing ndhuwur, sing dadi paraga utama yaiku ....
Ibu
Bapak
Adhik
Aku
Wacanen cerkak ing ngisor kanthi tliti!
Wayah liburan akhir taun pelajaran wingi, aku ndherek bapak lan ibu wisata kluwarga menyang Jakarta, Bogor, lan Bandung. Kebeneran sekolah ing panggonane bapak ngasta nganakake wisata kluwarga. Aku lan adhikku uga ndherek. Sadurunge budhal, bengine mripatku angel dakremake. Kok ora ndang esuk-esuk, ya? pikirku. Aku ora bisa turu, awit wis kelas 8 SMP aku durung weruh langsung swasana ibukota negara RI kasebut.
Sudut pandhang sing digunakake ing crita cekak kasebut, yaiku ....
Wong katelu paraga utama
Wong kapisan paraga utama
Wong katelu paraga tambahan
Wong kapisan paraga tambahan
Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi patitis!
Dhompet sing ditemu Tono ing ngisor kursi sing dilungguhi mau tansah ngganggu pikirane. Ing ngarepe Tono lungguh mau ana bapak-bapak kang rupane isih dieling banget dening Tono.
“Dhompet iki yen takserahne Pak Polisi, apa bener Pak Polisi bakal nyerahne marang sing nduwe? Dhompet iki rak isine dhuwit akeh?”
Tono dhewe ora kepengin ngepek barang kang dudu duweke. Kejujuran iku nomer siji, dhawuhe bapake. Wong dianggep luhur drajate yen jujur tumindake.
Watak sing digambarake paraga Tono ing crita kasebut, yaiku ...
Seneng
Susah
Jujur
Geleman
Ing ngisor iki sing kelebu struktur teks saka crita cerkak (cekak) yaiku ...
Identifikasi, klarifikasi/definisi, deskripsi bagean
Pambuka, (Orientasi), Pasulayan (Komplikasi), Pangudhare Prakara(Resolusi)
Pambuka, Surasa/isi, Panutup
Pambuka (Orientasi), panutup (reorientasi)
Unsur intrinsik sajrone crita kang nerangake watak wantune paraga ing crita kasebut, diarani ...
Paraga
Penokohan
Setting
Akting
