Font size
WorksheetsCERKAK
Total questions: 10
Worksheet time: 30mins
Aku ora ngira yen sakabehe bakalan kaya ngene. Bubrah saksembarange. Wis kedaden. Ora bisa balen. Aku mung bisa lungguh anteng ing pojokan sisih lor.
Punggelan cerkak punika, kang dibahas yaiku ...
Paraga
Sudut Pandang
Amanat
Tema
Praupane katon bagus. Esemane ngalahake legine madu kang nresep ing selane omahe tawon. Nanging praupan iku, koso balen saka tumindhake. Dheweke kerep nglarani atine kancane
Kang dibahas ing punggelan cerkak punika, yaiku ...
Paraga
Latar
Irah-irahan
Amanat
Ing pinggire sawah desa, Yanto lungguh anteng. Dheweke meneng anteng nyawang manuk podhang kang menclok ing dhuwure wit pelem. Swasana sayah petheng...
Punggelan wacan ing dhuwur kang dibahas babagan ...
Latar
Wektu sore
Sudut Pandang
Tema
Saka kedadeyan iku, Ratih sadar yen saktemene apa kang wis dilakoni dening rama lan biyunge kanggo panguripe. Ora ana kekarepan liyan. Mung siji, sakabehane kanggo kabecikane Ratih.
Kang bisa dijupuk saka punggelan ing dhuwur, yaiku ...
Amanat
Pasulayan
Pambuka
Panguripan
Saben dina Jumat Pak Karman mbagi sega bungkusan gratis kanggo jamaah sholat Jumat kang mulih saka jumatan. Pak Karman, sejatine dodolan sega bungkusan ing sebrange mesjid. Batine ora akeh. Nanging piyambakipun seneng bagi-bagi sega bungkusan senajan iku dagangan kang bakal didol gawe panguripan sabendinane.
Wewatekan saka Pak Karman, yaiku ...
Seneng tinular
Wicaksana
Andhap Asor
Loman
Kang keprungu mung swara jangkrik ngerik. Para warga wis turu ing dipane dhewe-dhewe. Ing prapatan desa, kawula muda cecangkrukan lan dolanan karambol sinambi nyruput kopi ireng kang wis ora panas maneh...
Punggelan wacan kasebut, uga trep diarani bageyan ...
(a)
Buk Minah mondar mandir ing teras omahe karo nyawang wong loro kang meneng anteng ing dhuwure sepedhah motor ing sacedhake omahe. "Pasti iki bakale nyolong," batine. Wong loro iku sedela-sedela pating clingukan mring sakiwa tengen. Banjur salah sijine mencolot ing pager omah tonggohne Buk Minah. "Maliing," Buk Minah njerit banter.
Punggelan wacan kasebut, kalebu ing bageyan...
(a)
Kang kalebu saka bageyan intrinsik cerkak (wangsulan bisa luwih saka siji)
Budaya
alur
paraga
Pangrasa
Pangajab
Tuladha panulisan irah-irahan kang trep kanggo kahanan amarga pandemi Covid 19, yaiku ...
Covid mbubrahake panguripan
Corona gawe ati tansaya bungah
Bebarengan kekancan Corona
Donga Kanggo Pengeran
Pak Hamid tatapane kosong. Nyawang dalan kang sepi mamring. Ora kaya biyasane. "Area Lockdown", katulis ing banner gedhe pinggir dalan. Banjur dheweke kelingan anake kang isih sekolah butuh kuota internet akeh lan omongan garwane, "Mas, susune adhik arep enthek." Ana luh kang tumetes alon ing pipine
Swasana kang dialami dening paraga saka punggelan cerkak ing dhuwur, yaiku ...
bungah
susah
becik
kuciwa
