wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UNGGAH-UNGGUH BASA

Total questions: 10

Worksheet time: 4mins

Name
Class
Date
1.

Manut wujude, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 4 yaiku ....

a)

Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus

b)

Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus

c)

Basa ibu, basa ilmu, basa budaya

d)

Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah

2.

Menyang sapa wae ngoko alus digunakake?

a)

Kanca

b)

Bapak/Ibu

c)

Guru

d)

Mas/Mbak

3.

‘Saben dina, aku sekolah numpak sepeda motor’

Ukara kasebut yen diowahi dadi ngoko alus dadi .....

a)

Saben isuk, aku sekolah nitih sepeda motor

b)

Saben dina, kula sekolah nunggang sepeda motor

c)

Saben dina, sampeyan sekolah numpak sepeda motor

d)

Saben dinten, kula sekolah nitih sepeda motor

4.

Manut gunane, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 3 yaiku ....

a)

Basa alus, basa kasar, basa biasa

b)

Basa ilmu, basa ibu, basa budaya

c)

Basa daerah basa dialek, basa budaya

d)

Basa Jawa, basa sanskerta, basa aksara

5.

Nalika pacaturan karo Pakdhe, minangka pawongan kang luwih enom kudu nggunakake basa .....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

6.

Pak Agus : ”Bola-bali telat wae, apa maneh alesanmu nar?”

Sunar : “....”

Ukara kang trep kanggo mangsuli Pak Agus yaiku ....

a)

Dalem kula tebih sanget, Pak

b)

Griya kula tebih, Pak

c)

Dalem kula adoh, Pak

d)

Omahku adoh, Pak

7.

Kowe maeng apa uwis mangan?

Ukara kasebut yen diowahi dadi krama inggil dadi ....

a)

Panjenengan kalawau menapa sampun dhahar?

b)

Sampeyan kalawau napa sampun dhahar?

c)

Panjenengan wau napa sampun nedha?

d)

Panjenengan wau menapa wis dhahar?

8.

Kula sampun mbeta seratipun, Pak.

Ukara kasebut yen diowahi dadi ngoko lugu dadi .....

a)

Aku ora gawa apa-apa, Pak

b)

Aku wis gawa serat, Pak

c)

Aku wis gawa surate, Pak

d)

Aku ora gawa surate, Pak

9.

Krama aluse ngomong yaiku .....

a)

Kandha

b)

Ngendhika

c)

Mbacot

d)

Matur

10.

Ngoko lugune talingan yaiku .....

a)

Tangan

b)

Irung

c)

Kuping

d)

Rambut