WorksheetsUnggah_ungguh
Total questions: 15
Worksheet time: 8mins
Panambang –e sajrone ragam basa ngoko manawa diowahi ing basa krama dadi....
-dipun
-dinipun
-ipun
-kok
-aken
Bapak menawi tindak kantor .... sepeda, dene kula menawa .... sekolah cekap mlampah kemawon.
Numpak-mangkat
Nitih-tindak
Nggenjot-lungan
Nitih-bidhal
Numpak-bidhal
Aku sakluwarga nalika lelungan menyang Yogja bingung, amarga papan dunung alamat sing bakal diparani durung ngerti, mula ing ndalan aku takon marang wong kang ngreti papan iku. Basa kang prayoga dienggo nalika takon alamat menyang wong liya yaiku…
Ngoko alus
Ngoko lugu
krama lugu
krama alus
ngoko kasar
Mas, sampeyan benjing dipunkengken bapak dhateng Solo. Basa kang digunakake yaiku…
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
ngoko kasar
Wektu nggone Pakdhe kagungan kersa, panjenengan apa ora pirsa? Basa kang digunakake yaiku….
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
krama desa
Wuwuhan dak/tak ing ragam krama dadi....
Aku
kula
insun
kowe
panjenengan
Ukara kang ora kena didadekake ragam basa ngoko alus ....
Aku wis adus
embah wis adus
bapak wis adus
pak dhe wis adus
ibu wis adus
Kowe yen dikongkon bapak kudu manut, supaya bapak ora nesu.
Tembung kang kacetak kandel krama inggile yaiku...
dikengken, muring
diutus, duka
dikongkon, duka
Dipunutus, duka
Dikengken, duka
Eyang mengko arep nginep kene, saiki bapakmu omongana.
Tembung kang kacetak kandel krama inggile yaiku....
Nyipeng
Nonton
Turu
Tilem
Nyare
Ragam basa ngoko alus lumrahe dipunginakaken dening .... marang ....
juragan, andhahane
sedherek sepuh, sedherek enem
sedherek sepuh, sedherek enem kang langkung inggil drajate
putra, tiyang sepuh
guru, murid
Rasukan warni ijem menika....Budhe Tutik.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku....
Damel
Kanggo
Kangge
Kagem
Gawe
Bapak, Ibu kula gerah waja.
Manut surasane ukara kasebut kang gerah waja yaiku ………
bapak
ibu
bapak, ibu, lan kula
kula
kula lan ibu
Bu Sri sampun lenggah, lajeng....tetedhan dening Mbak Sinta.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku....
Diwenehi
Dipunsukani
Dipuncaosi
Dicaosi
Dipunparingi
Mbah, sumangga panjenengan …. rumiyin, kula …. mangke kemawon. Tembung-tembung kang trep kanggo njangkepi ukara nang dhuwur yaiku …
Tindak-lunga
Kesah-tindak
Bidhal-lunga
Lunga-bidhal
Tindak-bidhal
Sapa jeneng jangkepe Bu Nofi ;)
Nofita Dwi Wulandari
Nofita Dewi Wulansari
Nofita Dewi Wulandari
Nofita Dwi Wulandandari
Nofita Sari
