wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PH BJW KL 7

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Pangucapane aksara swara ing basa Jawa kaperang dadi 2, yaiku swara ....

a)

jejeg lan miring

b)

jejeg lan tugel

c)

tugel lan miring

d)

miring lan jelas

2.

Swara sampurna iku uga diarani swara ....

a)

miring

b)

jejeg

c)

tugel

d)

jelas

3.

Sing kalebu swara a jejeg yaiku ...

a)

anak

b)

mangan

c)

apa

d)

lara

4.

Sing kalebu swara a miring yaiku ...

a)

anak

b)

apa

c)

maca

d)

gula

5.

Sing kalebu swara i jejeg yaiku ...

a)

siram

b)

lapis

c)

dhuwit

d)

batik

6.

Sing kalebu swara u jejeg yaiku ...

a)

wisuh

b)

sayur

c)

udan

d)

uwis

7.

Sing kalebu swara o jejeg yaiku ...

a)

roti

b)

kopi

c)

bocah

d)

orong - orong

8.

Sing kalebu swara a jejeg yaiku ...

a)

gula

b)

bapak

c)

omah

d)

apik

9.

Pesisir Panyuran ing kutha Tuban kahanane seger, adhem, lan tentrem. Banyune katon biru bening lan wit klapa padha thukul ing pinggir laut. Kejaba endah, panggonane ora adoh saka kutha. Yen numpak motor mung sacleretan, wis anjlok ing pesisir Panyuran.


Manut struktur teks desktiptif, andharan ing ndhuwur kalebu....

a)

Identifikasi

b)

Klasifikasi

c)

Defenisi bagean

d)

Orientasi

10.

Omah iku manggon ing pucuk gunung. Saka panggonan iku sesawangan bisa katujokake marang kriwikan banyu kali kang endah, sakiwa tengene tinandur tetanduran kang ijo royo-royo sansaya nengsemake ati.

Teks ing inggil nggambaraken….

a)

kahanan sawijining papan

b)

kahananipun gunung

c)

kahanan sawijining omah

d)

kahanan kali kang endah

11.

Kang ora kalebu struktur teks deskripsi

a)

komplikasi

b)

Identifikasi

c)

Definisi

d)

Deskripsi Bagian

12.

Tembung meja, buku, gelas lan tepak iku kalebu jinise tembung...

a)

Aran

b)

Kriya

c)

Kahanan

d)

wilangan

13.

Saben isuk Shinta nypau latar. Tembung ing ukara iku kang kagolong tembung kriya yaiku ....

a)

Shinta

b)

Nyapu

c)

Latar

d)

Isuk

14.

Ing ngisor iki sing kalebu tembung aran yaiku ....

a)

Buku, mlayu, pensil

b)

Sepatu, sepeda, sendok

c)

jagung, lombok, nyapu

d)

Gelas, ngguyu, siram

15.

Wingi sore aku lunga menyang dokter amerga lara untu. Lara untu kalebu jenise tembung

a)

aran

b)

kahanan

c)

kriya

d)

wilangan

16.

Aku diutus ibu tuku gula sekilo. Ukara iki endi sing kalebu tembung wilangan..

a)

tuku

b)

gula

c)

diutus

d)

sekilo

17.

Pulo Merah salah sawijining panggon rekreasi sing apik banget, mulo kuwi akeh wisatawan sing teka menyang panggonan iki. Panggonan iki nyuguhake pemandangan pantai sing ora biasa. Rupane pasire semu - semu abang ing sapinggire pantai.

Saka petikan paragraf ing ndhuwur, ndhuduhake bagian ..... saka teks tanggapan deskriptif

a)

identifikasi

b)

klasifikasi

c)

deskripsi bagian

d)

deskripsi manfaat

18.

ngisor iki sing ora kalebu ciri saka teks tanggapan deskriptif yaiku ...

a)

nggambarake objek uwong, panggonan uga samubarang

b)

cirine objek diteranngake nganti gamblang

c)

nyeritakake kedadeyan ing jaman biyen

d)

tujuane supaya wong sing maca iso ketarik

19.

Kutha Blitar minangka salah sawijining wilayah ing Provinsi Jawa Wétan sing ana ing geografis ing pucuk kidul Jawa Timur kanthi dhuwure 156 m saka ndhuwur segara, kanthi koordinat 112 ° 14 - 112 ° 28 Longitude Wétan lan 8 ° 2 - 8 ° 10 Latitude Kidul. Nduweni suhu udhara sing cukup adhem kanthi rata-rata 24 ° C- 34 ° C. Senajan kutha iki kutha cilik nanging nduweni daya tarik sing nangket nang ati gawe para pengunjung kutha iki. Mulai saka aspek budaya, panganan, pariwisata lan ora lali sejarah kutha iki.

saka pethikan teks deskriptif ing ndhuwur ndhuduhake ...

a)

panggon geografis kutha Blitar

b)

kahanan kutha Blitar

c)

daya tarik kutha Blitar

d)

Lokasi Kutha Blitar

20.

Saben daerah mesthine nduweni budaya sing asring ditontonake, babagan iki podho karo kutha Blitar sing asring ngadakake pawai ing saben acara penting. Pawai kasebut mesthi diadakakekanggo pengetan grebek pancasila, hari kamardikaan, ambalwarsa kutha Blitar,lsp. Acara kaya ngeneki mesthi digandrungi dening kabeh masyarakat. Saliyane pawai budaya sing kondhang kuwi, kutho Blitar uga kawentan saka budaya tari jaran kepang. Tari iki mesthi ditampilake ing adicara apa wae, mulai saka wong kang nduweni kajat sampek acara pamarintah.

pethikan paragraf ing ndhuwur nyritakake ...

a)

kutha Blitar

b)

Budaya kutha Blitar

c)

Sejarah kuthaBlitar

d)

Kahanan masyarakat kutha Blitar