wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Drama Tradhisional lan Modheren

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Wacanen pethikan pacelathon iki!


Rini : Bu, punapa enjing punika ibu tindak dhateng peken/pasar?

Ibu : Ya, mesthine ta, Rin. Janganan sing ana kulkas ya wis entek. Bik Sumi sing gawene ngiderke blanjane, dinane iki wis pamit yen ora dodol.

Rini : Nuwun sewu nggih, kula nyuwun ditumbasaken bubur campur, nggih.

Ibu : Iya, mengko daktukokake.


Latar wektu saka pethikan pacelathon kasebut yaiku ...

a)

Ing pasar

b)

Bakul blanja

c)

Nalika sarapan

d)

Wayah esuk

2.

Seni drama tradhisional ludruk mujudake asil budaya saka Jawa Tengah.

a)

Bener

b)

Salah

3.

Drama kang nduweni tujuwan menehi piwulang tumrap masyarakat lan nduweni tema panguripe manungsa ing saben dina. Drama iki ana campur tangan antara kebudayaan negara liya. Drama iki diarani ...

a)

Jaman saiki

b)

Modheren

c)

Turgi

d)

Tradhisional

4.

Seni drama tradhisional sing critane saka crita pewayangan utawa legenda jaman biyen. Dilakokake dening wong kanthi basa krama alus lan kraton, diarani wayang kulit.

a)

Bener

b)

Salah

5.

Miturut jinise drama diperang dadi 2, yaiku drama ...

a)

Turgi lan klasik

b)

Gagrag anyar lan modheren

c)

Tradhisional lan modheren

d)

Tradhisional lan klasik

6.

Drama kuwi mujudake komposisi sair utawa gancaran/crita sing diajab/diharapkan bisa nggambarake panguripan lan watek lumantar/melalui ...

a)

Crita lisan

b)

Crita tulis

c)

Akting utawa dhialog

d)

Akting lan nembang

7.

Miturut masane drama sing ana ing gambar kasebut kalebu jinis ...

a)

Drama tradhisional

b)

Drama modheren

c)

Drama wayang

d)

Drama pantomim

8.

Drama ing gambar kasebut, diarani ...

a)

Ludruk

b)

Wayang wong

c)

Kethoprak

d)

Teater

9.

Dene seni drama tradhisional sing critane nyritakake kedadeyan ing paguripan saben dinan. Dilakokake dening wong kanthi basa Jawa Surabayaan, diarani ...

a)

Lodrug/ludruk

b)

Wayang wong

c)

Wayang kulit

d)

Kethoprak

10.

"Muliha ya adhiku supaya bisa kumpul kulawarga.”


Ukara kasebut kalebu ukara ...

a)

Agya/pakon

b)

Tanduk

c)

Sambawa

d)

Tanggap