wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH BAHASA JAWA

Total questions: 10

Worksheet time: 6mins

Name
Class
Date
1.

(1) Gunung Bromo salah sawijining obyek wisata ing Jawa Timur sing nengsemake para wisatawan dhomestik lan wisatawan saka manca negara. (2) Gunung Bromo dumunung ing wilayah pamarentahan provinsi Jawa Timur. (3) Akeh panggonan kang nduweni pemandhangan sing endah ing wisata kasebut. (4) Ing pucuke Gunung Bromo katon kawah sing ajeg nyemburake geni lan kukus. (5) Sakliyane iku, uga ana segara wedhi kang jembare kurang luwih 10km persegi. (6) Tumuju ing Pananjakan wisatawan bisa deleng sunrise sing sesawangane endah. (7) Nalika ngliwati segara wedhi bisa deleng bangunan papan ibadahe suku Tengger sing nggilut agama Hindu.


miturut struktur teks deskripsi, perangan pambuka saka wacan kasebut, ana ing ukara nomer.......

a)

1 lan 2

b)

2 lan 3

c)

4 lan 5

d)

6 lan 7

2.

Tema kang trep miturut wacan kasebut yaiku...

a)

asal usul Gunung Bromo

b)

obyek wisata Gunung Bromo

c)

agama sing ana ing Gunung Bromo

d)

Sunrise ing Gunung Bromo

3.

Kapal Tradisional "Spirit of Majapahit"

Kapal tradional "Spirit of Majapahit" yaiku kapal tradisional kang nate dienggo dening Indonesia . Kapal kasebut dadi kapal kapindho kang nglayari samodra Indonesia. Modele kapal kasebut niru kapal jaman krajaan Majapahit ing abad 13 Masehi.

Kapal tradisional "Spirit of Majapahit" kelebu jenise kapal kang paling gedhe. Ukuran dhawane kapal 20 meter, amba 4,5 meter, lan dhuwure 2 meter. Bahane kapal arupa 28,63 kibik kayu jati kang mligi ditekakake saka Tuban lan Sumenep. Kapal kasebut yasane ahli gawe kapal cacah 15 wong ing pesisir Slope.


Apa kang dibahas wacan kabebut...

a)

dawane kapal tradional "Spirit of Majapahit"

b)

yasane kapal tradional "Spirit of Majapahit"

c)

Kapal tradisional kang gedhe lan nate dienggo Indonesia

d)

Kapal tradisional kang nglayar ana ing pesisir Slopeng

4.

Miturut struktur teks deskripsi, perangan kang klebu deskripsi umum, yaiku...

a)

Kapal tradisional "Spirit of Majapahit" yaiku kapal tradisional kang nate dienggo ing Indonesia

b)

Modele kapal kasebut niru modhele kapal jaman krajan Majapahit ing abad 15 Masehi

c)

Kapal tradional "Spirit of Majapahit" kelebu jenise kapal kang paling gedhe

d)

Kapal kasebut yasane ahli gawe kapal cacah 15 wong ing pesisir Slopeng.

5.

Menurut struktur teks deskripsi, perangan kang kelebu deskripsi bagian, yaiku....

a)

Kapal tradional "Spirit of Majapahit" nate dienggo dening Indonesia

b)

ukuran dawane kapal 20 meter, amba 4,5 meter lan dhuwure 2 meter

c)

Kapal tradisional "Spirit of Majapahit" nate dienggo Indonesia

d)

Kapal kasebut uga dadi kapal kapindho kang nglayari samodra Indonesia

6.

Tembung kang isih wutuh utawa asli durung diwenehi wuwuhan diarani...

a)

Tembung lingga

b)

Tembung saroja

c)

Tembung andhahan

d)

Tembung garba

7.

Tembung-tembung kang wis owah saka asale karana wuwuhan, kacambor, karangkep, lan wancahan diarani tembung.....

a)

Tembung entar

b)

Tembung andhahan

c)

Tembung lingga

d)

Tembung garba

8.

Ukara ing ngisor iki kang migunake tembung andhahan karana ater-ater tripurusa yaiku...

a)

Ibu nembe nggoreng krupuk

b)

baksone ing meja dakpangan mau awan

c)

sore mau Adi adus ing kali

d)

Ani tuku buku ing toko

9.

Tembung ing ngisor iki kang kelebu tembung dwipurwa yaiku....

a)

Bola-bali

b)

Cengengesan

c)

Leluhur

d)

Bocah-bocah

10.

Dalane sing wis rusak kudu.............(dandan), supaya ora ....(tiba) wong sing liwat.

Tembung sing ana ing njero kurung sing bener....

a)

didandan, nibakake

b)

dandani, nibani

c)

didandani, nibakake

d)

didandani, nibani