wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Unggah-Ungguh Basa Jawa Kelas IX

Total questions: 20

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Dewi : “Leres … dhik Cahyo. Dhik Cahyo boten remen bisnis, menawi dipunpeksa asilipun mangke boten sae.”


Tembung kang trep kanggo nanggepi ature Dewi ana ing pacelathon ndhuwur yaiku….

a)

Aturipun

b)

Pituturipun

c)

Cariyosipun

d)

Pangandikanipun

2.

Sing nganggo klambi puitih kae Pak Lurah. Ukara iki menawa dikramakake kang bener yaiku.....

a)

Sing ngangge klambi pethak nika Pak Lurah

b)

Sing ngagem rasukan pethak nika Pak Lurah

c)

Ingkang ngagem rasukan pethak menika Pak Lurah

d)

Ingkang ngagem busana pethak menika Pak Lurah

3.

Ukara kang bener unggah-ungguhe yaiku....

a)

Mangga Pak menawi badhe nonton kethoprak

b)

Mangga Pak menawi ajeng ningali kethoprak

c)

Mangga Pak menawi badhe ningali kethoprak

d)

Mangga Pak menawi badhe mirsani kethoprak

4.

"Panjenengan arep tindak menyang Gunungkidul dina apa?"

Ukara ing nginggil inggih menika kalebet tataran unggah-ungguh basa ingkang

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

5.

Gambar ing nginggil menika mujudaken anak nembe pamitan dhateng tiyang sepuhipun, tetembungan ingkang dipunginakaken leresipun migunakake basa........

a)

Ngoko lugu

b)

Krama lugu

c)

Ngoko alus

d)

Krama alus

6.

Tatakrama iku busananing bangsa, nduweni teges..................

a)

Ing ngendi wae tatakrama bakal dienggo

b)

Saben papan duwe adat utawa tatakrama dhewe-dhewe

c)

Dhuwuring drajade bangsa katitik saka alusing tata kramane

d)

Tatakrama iku pinangka srawung bangsa siji lan bangsa liyane

7.

Bab-bab kang kudu digatekake menawa atur-atur kaya ing ngisor iki, kejaba.....

a)

nganggo sandhangan sing sarwa apik lan anyar

b)

migunakake basa sing becik trep karo unggah-ungguh

c)

solah bawa lan tata krama sing becik

d)

yen wis rampung anggone nindakake jejibahan caois lapuran marang wong kang menehi jejibahan

8.

Basa krama iku gunane kaya ing ngisor iki, kejaba

a)

guneme wong tuwa marang anake

b)

guneme anak marang wong tuwane

c)

gunemane karo wong sing urung tau tepung

d)

gunemane murid marang gurune

9.

Kula saweg … nalika Bapak … dhateng kantor.

a)

Mangan, mangkat

b)

Nedha, budhal

c)

Dhahar, tindak

d)

Nedha, tindak

10.

Jono ora sarujuk karo panemune Joko. Ukara kang trep kanggo nelakake rasa ora sarujuk yaiku ....

a)

Panemune Joko kuwi ora bener, aku ora sarujuk kudune aku sing bener.

b)

Panemune Joko kuwi apik, nanging aku ora sarujuk luwih becik ngaturi wali kelas.

c)

Panemune Joko kuwi kleru, aku ora setuju luwih becik ngaturi wali kelas.

d)

Panemune Joko kuwi ora apik, bakune aku ora setuju.

11.

Ing sawijining rapat, ana bab sing wis dadi keputusan nanging sejatine bab kuwi mau ora cocok karo panemumu, banjur kepriye becike ?

a)

Nuwun sewu, pangandikan njenengan menika klentu.

b)

Wah panemumu kuwi kleru, aku dhewe sing paling bener.

c)

Nyuwun pangapunten pak, menawi pamanggih kula kados mekaten.

d)

Nyuwun pangapunten pak, ingkang leres pamanggih kula, njenengan menika lepat.

12.

Andharan ing ngisor iki kudu digatekake menawa srawung karo wong liy, kejaba.....

a)

tetembungan kang becik

b)

guneman sing seru supaya cetha

c)

basane kang becik

d)

polatan kang sumeh

13.

"Wah hebat, aku melu bungah, kowe entuk juara 1 ing lomba maca geguritan!"

Ukara iki lumrah diarani tata krama kanggo.......

a)

ngalem

b)

sapa aruh

c)

nyuwun ngapura

d)

nyuwun idin

14.

Tuladha pambuka wara-wara lelayu lumantar masjid ingkang leres inggih menika.....

a)

Assalamualaikum Wr.Wb. kepareng matur wonten ngarsanipun warga masarakat Kampung Selang. Bilih ing enjang punika kita nampi pawartos lelayu saking Kampung Mokol. Innalillahi wa innailaihi rojiun, sampun kapundhut wonten pangayunanipun Allah SWT kanthi tentrem, lsp........

b)

Innalillahi wa innailaihi rojiun, sampun kapundhut wangsul wonten Ngarsa Dalem Allah SWT kanthi tentrem panjenenganipun almarhum Bapak Suka Pralaya, lsp..........

c)

Assalamualaikum Wr.Wb. Innalillahi wa innailaihi rojiun, sampun kapundhut wangsul wonten Ngarsa Dalem Allah SWT kanthi tentrem panjenenganipun almarhum Bapak Suka Pralaya, lsp..........

d)

Innalillahi wa innailaihi rojiun. Assalamualaikum Wr.Wb. sampun kapundhut wangsul wonten Ngarsa Dalem Allah SWT kanthi tentrem panjenenganipun almarhum Bapak Suka Pralaya, lsp..........

15.

Ukara-ukara ing ngisor iki kang ora kalebu atur mangayubagya yaiku....

a)

Dherek mangayubagya mugi-mugi pinanganten dadosa keluarga ingkang sakinah, mawadah, lan warohmah.

b)

Dherek binggah anggenipun tambah momongan, mugi-mugi dadosa putra ingkang sholihah!

c)

Dherek prihatos awit kaparingan ganjaran kang arupi gerah, mugi-mugi enggal dhangan.

d)

Mugi-mugi kanthi tambahing yuswa tambah imanipun!

16.

Yen arep matur marang wong liya kamangka wong iku mau lagi ngendikan prayogane......

a)

Ngenteni nganti ngendikane rampung

b)

Enggal matur, ora ooerlu ngendikane rampung

c)

Yen perlu nyela sanajan ngendikane durung rampung

d)

Cepet-cepet matur, sing sora supaya aturmu dirungokake

17.

Deri sarujuk karo panemune Endah. Ukara kang trep kanggo nelakake rasa sarujuk yaiku......

a)

Supaya cepet rampung setuju ra setuju sing penting kudu manut karo panemune Endah.

b)

ku jan-jane ora cocok, nanging gandheng kanca-kanca liyane setuju aku ya setuju

c)

Panemumu iku jane ora becik, nanging aku setuju lah supaya cepet rampung

d)

Ngono ya becik, aku sarujuk dadi mengko latihane bisa maksimal.

18.

Deri arep mangkat sekolah. Olehe matur pamitan marang ibune......

a)

Bu, nyuwun pamit kula badhe bidhal sekolah

b)

Bu, nyuwun pamit kula badhe tindak sekolah

c)

Bu, nyuwun pamit kula badhe kesah sekolah

d)

Bu, nyuwun pamit kula badhe jengkar sekolah

19.

Esuk iki Ahmad kudu ndherekake ibune priksa menyang Puskesmas. Mula Ahmad enggal-enggal matur marang pak guru nyuwun idin/ijin arep bali. Ature Ahmad kang bener yaiku.....

a)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula nyuwun pamit, badhe kondur!

b)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula nyuwun pamit, badhe wangsul

c)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula mundhut badhe kondur!

d)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula mundhut badhe wangsul

20.

Nyaruwe panemune wong liya iku becike.......

a)

Ngenteni nganti wong mau rampung olehe ngendika

b)

Ora perlu ngenteni nganti wong mau rampung ngendika

c)

Nyelani olehe ngendika

d)

Sak wayah-wayah manut karepe dhewe.