wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa (Artikel)

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Struktur artikel kang trep yaiku….

a)

Irah-irahan, pambuka, isi, dudutan

b)

Irah-irahan, pambuka, masalah, kesimpulan

c)

Pambuka, masalah, kesimpulan, panutup

d)

Pambuka, masalah, kesimpulan

e)

Pambuka, isi, dudutan

2.

Karep kang diandharake dening penulis jumbuh karo jinise artikel sing ditulis kalebu struktur artikel kang jenenge….

a)

Dudutan

b)

Pambuka

c)

Isi

d)

Panutup

e)

Irah-irahan

3.

Miturut teorine jinise artikel yaiku, kajaba….

a)

Preskriptif

b)

Deskriminatif

c)

Eksplanatif

d)

Prediktif

e)

Eksploratif

4.

Artikel sing menehi tuntunan tumrap sing maca kanggo nindakake sawijine pakaryan saengga ora kliru utawa salah anggone nindakake diarani jinis artikel….

a)

Preskriptif

b)

Deskriptif

c)

Eksplanatif

d)

Prediktif

e)

Eksploratif

5.

Artikel sing ngandharake sawijine masalah kang dumadi ing masyarakat, sahingga bisa disumurupi apa sing satemene dumadi. Jinis iki memper kaya laporan utawa reportase, bedane yen laporan mung adhedhasar kasunyatan wae, yen artikel panulisane nerangake masalah kanthi gamblang bisa awujud opini iki diarani jinis artikel ....

a)

Ekploratif

b)

Eksplanatif

c)

Deskriptif

d)

Prediktif

e)

Preskriptif

6.

Tuladhane artikel prediktif yaiku….

a)

Ramalan cuaca

b)

Penemuan piranti telephone

c)

Jinis upacara adat Jawa

d)

Bencana tanah longsor

e)

Tutorial masak

7.

Ukara baku kang mapane ana ing ngarep / dhuwur yaiku....

a)

Deduktif – Induktif

b)

Induktif

c)

Campuran

d)

Deduktif

e)

Ukara panerang

8.

Gatekake ukara ing ngisor iki!

“Kudu bisa njaga lingkungan supaya ora nandhang kapitunan tumrap awake dhewe, uga ana mumpangate kanggo generasi sabanjure”

Tembung kang kacetak kandel duweni teges yaiku….

a)

Ilang, manfaat

b)

Rugi, manfaat

c)

Rugi, keslametan

d)

Pengaruh, perubahan

e)

Tumindak, perubahan

9.

Gatekake ukara ing ngisor iki!

”Mula saka kuwi saben pangreka daya pembangunan, sakehe prabeya social sesambungan karo lestarine lingkungan, perlu dipetung luwih dhisik”

Tembung kang kacetak kandel duweni teges yaiku….

a)

Masalah, kaitane, dikira-kira

b)

Kebutuhan, kaitane, dikira-kira

c)

Kebutuhan, penelitian, diteliti

d)

Kebutuhan, kaitane, dietung

e)

Biaya, kaitane, dietung

10.

Gatekake ukara ing ngisor iki!

“Biyen tau ana kuta sing ngadhepi masalah ngenani sampah nganti ing saben pojok kuta ditemokake sampah sing sumebar lan numpuk ana ing ngendi-endi”

Tembung kang ora trep penulisane karo EYD basa Jawa yaiku....

a)

Tau

b)

Kuta

c)

Sing

d)

Ditemokake

e)

Ngendi-endi