wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Artikel Basa Jawa

Total questions: 15

Worksheet time: 7mins

Name
Class
Date
1.

Strukture artikel iku dumadi saka ...

a)

irah – irahan, pembuka, pawarta, penutup

b)

irah – irahan pembuka, tujuwan, penutup

c)

isi, pembuka, penutup, lan irah – irahan

d)

irah – irahan, pambuka, isi, lan penutup

e)

pambuka, purwaka, isi panutup judul

2.

Artikel sing ngandharake sawijine masalah kang dumadi ing masyarakat, sahingga bisa disumurupi apa sing satemene dumadi. Jinis iki memper kaya laporan utawa reportase, bedane yen laporan mung adhedhasar kasunyatan wae, yen artikel panulisane nerangake masalah kanthi gamblang bisa awujud opini iki diarani jinis artikel ....

a)

Ekploratif

b)

Eksplanatif

c)

Deskriptif

d)

Prediktif

e)

Preskriptif

3.

Gatekake ukara ing ngisor iki!

“Kudu bisa njaga lingkungan supaya ora nandhang kapitunan tumrap awake dhewe, uga ana mumpangate kanggo generasi sabanjure”

Tembung kang kacetak kandel duweni teges yaiku….

a)

Ilang, manfaat

b)

Rugi, manfaat

c)

Rugi, keslametan

d)

Pengaruh, perubahan

e)

Tumindak, perubahan

4.

Gatekake ukara ing ngisor iki!

”Mula saka kuwi saben pangreka daya pembangunan, sakehe prabeya social sesambungan karo lestarine lingkungan, perlu dipetung luwih dhisik”

Tembung kang kacetak kandel duweni teges yaiku….

a)

Masalah, kaitane, dikira-kira

b)

Kebutuhan, kaitane, dikira-kira

c)

Kebutuhan, penelitian, diteliti

d)

Kebutuhan, kaitane, dietung

e)

Biaya, kaitane, dietung

5.

Gatekake ukara ing ngisor iki!

“Biyen tau ana kuta sing ngadhepi masalah ngenani sampah nganti ing saben pojok kuta ditemokake sampah sing sumebar lan numpuk ana ing ngendi-endi”

Tembung kang ora trep penulisane karo panulisan basa Jawa yaiku....

a)

Tau

b)

Kuta

c)

Sing

d)

Ditemokake

e)

Ngendi-endi

6.

Aku sida mangan sego ing Kutha Nganjuk.


Panulisan basa jawa sing kurang trep dituduhake tembung...

a)

sida kudune sido

b)

sida kudune sidha

c)

sego kudune sega

d)

kutha kudune kuta

e)

kutha kudune kuto

7.

Pilihen tembung ing ngisor iki sing panulisane wis trep karo paugeran panulisan basa jawa

a)

Kudhu

b)

Kudu

c)

Pendopo

d)

Pendhapa

e)

lungo

8.

Pilihen tembung ing ngisor iki sing panulisane wis trep karo paugeran panulisan basa jawa

a)

Kulo

b)

Kula

c)

Inggih

d)

Enggeh

e)

Nggeh

9.

Lingkungan Resik, Uripe Sehat

Lingkungan resik urip sehat duweni teges lingkungan sing adoh saka kondisi kang nyebabake lelara. Lingkungan sing resik bisa ndadekake urip sehat. Tegese saka lingkungan resik urip sehat yaiku urip lingkungan sing kita panggone nduweni kesan becik kanggo sesawangan lan menehi sehat.

Lingkungan sing kita panggone bisa ndukung lan nduweni pengaruh tumrah panguripane manungsa dhewe. Yen lingkungan kita, wargane duweni pakulinan urip sehat, mesthine iki bakal nuwuhake kesan luwih becik tumrap pribadi lan masyarakat. Ananging suwalike yen kita manggon ing warga kang duweni pakulinan kemroh lan seneng omben – omben bab iki bakal duweni pengaruh psikis lan mental kita. Kahanan iki bisa diselaki yen wis mbangun bale wisma amarga lingkungan kaya mau bisa nduweni pengaruh tumrah sesrawungan putra-putri kita.

Lingkungan kudu resik amarga ....

a)

panggonan sehat bisa dukung panguripane manungsa.

b)

saka lingkungan resik bisa ndadekan urip sehat.

c)

wargane nduweni kebiyasaan becik

d)

kahanan iki bisa nuwuhake sesawangan kang asri.

e)

wargane supaya ora kemroh

10.

Karusakan alam sing paling gedhe dijalari dening manungsa katimbang faktor alam. Owahe iklim global ndadekake Negara-negara maju duweni kawigaten gedhe tumrap rusake Alam. Manawa iklim global owah, bab iki njalari munggahe suhu amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global warming (pemanasan global). Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake alam kang duweni dampak negatif tumrap karaharjane panguripan. Karusakan lingkungan amarga pokale manungsa njalari pageblug/penyakit, bencana lan kapitunan tumrap manungsa dhewe.


Gagasan pokok ing cuplikan wacan mau yaiku ...

a)

Karusakan lingkungan amarga pokale manungsa nyebabake pageblug/penyakit, bencana lan kapitunan tumrap manungsa dhewe.

b)

Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang faktor alam

c)

Manawa iklim global owah, bab iki nyebabake munggahe suhu amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global warming (pemanasan global).

d)

Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake alam kang duweni dampak negatif tumrap karaharjane panguripan.

e)

Owahe iklim global dadekake Negara-negara maju duweni kawigaten gedhe tumrap rusake Alam

11.

Karusakan alam sing paling gedhe dijalari dening manungsa katimbang faktor alam. Owahe iklim global ndadekake Negara-negara maju duweni kawigaten gedhe tumrap rusake Alam. Manawa iklim global owah, bab iki njalari munggahe suhu amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global warming (pemanasan global). Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake alam kang duweni dampak negatif tumrap karaharjane panguripan. Karusakan lingkungan amarga pokale manungsa njalari pageblug/penyakit, bencana lan kapitunan tumrap manungsa dhewe.


Artikel ing dhuwur mujudake jinis artikel...

a)

eksploratif

b)

deskriptif

c)

prediktif

d)

preskriptif

e)

eksplanatif

12.

Beni minangka salah sawijine panulis artikel. Dina iki Beni pengin nulis ngenani tips njaga kesehatan satengahe pageblug corona. Artikel sing ditulis Beni mujudake artikel jinis...

a)

Preskriptif

b)

Prediktif

c)

Eksploratif

d)

Deskriptif

e)

Eksplanatif

13.

Tumindak empan papan kudu ditindakake amarga papan siji lan sijine nduweni pranatan kang beda. Teges empan papan yaiku…

a)

Bisa ngerti kahanan

b)

Nggawa papan

c)

Ngowahi kahanan

d)

Ngidak papan

e)

Laku lurus

14.

Ing ngisor iki sing klebu medhia cetak, kejaba…

a)

Jayabaya

b)

Djaka lodang

c)

TVRI Jawa Timur

d)

Panjebar Semangat

e)

Koran

15.

Ing Bahasa Indonesia tembung bisa diarani...

a)

Kalimat

b)

Kata

c)

Frasa

d)

Suku kata

e)

Klausa