NEW
Font size
WorksheetsGEGURITAN
Total questions: 20
Worksheet time: 11mins
Geguritan mujudake satunggaling jenis puisi Jawa gagrak anyar kang ora kaiket dening paugeran tertamtu (bebas). Anane geguritan kasebut jalaran saka owah gingsiring jaman, mula geguritan jaman saiki beda banget karo geguritan lawas.
Geguritan iku minangka sarana panganggit medharake rasa kang rinasa saengga teks geguritan asipat ....
estetis (indah)
paugeran geguritan
kewes
lawas
anyar
1. Ora kawengku ing paugeran (bebas)
2. Nggunakake tetembungan pinilih
3. Ora migunakake basa padinan lan arang migunakake tembung pangiket.
4. Asring nggunakake purwakanthi swara, sastra lan purwakanthi lumaksita.
5. Isine mentes
6. Ora nganggo tembung “sun gegurit”
Kalebu titikane geguritan gagrag ....
gagrag anyar
gagrag kuna
gagrag campuran
gagrag surakarta
gagrag ngayogyakarta
1. Cacahe wanda saben sagatra padha
2. Cacahe gatra ora ajeg, nanging lumrahe sasithike ana patang gatra.
3. Tibaning swara ing pungkasan gatra runtut
4. Diwiwiti tembung “sun gegurit”
kalebu titikane geguritan gagrag ....
anyar
kuna
campuran
surakarta
ngayogyakarta
Gagasan pokok kang disuguhi panulis ....
tema
dhiksi
lelewaning basa
purwakanthi
amanat
Pamilihan tetembungan sajroning geguritan (denotatif lan konotatif).
tema
dhiksi
lelewaning basa
purwakanthi
pesen
Pitutur kang arep kaandharake dening panulis lumantar geguritan.
amanat
dhiksi
tema
irah-irahan
purwakanthi
1. Biografi yaiku latar belakang/riwayat uripe penulis.
2. Nilai ing sajerone crito ngemot kayata ekonomi, politik, sosial, adat-istiadat, budaya lan sapanunggalane.
3. Bebrayan kayata kahanan sosial nalika geguritan ditulis.
instrinsik
ekstrinsik
Sosial penulis
Riwayat penulis
Upayakana nalika nyusun tetembungan ngurangi tembung pangiket (kata sambung) kayata: lan, saha, sarta, lsp. Sakliyane iku upayakna supaya tetembungan bisa nuwuhake wirama kang endah, kanthi nggunakake purwakanthi. Banjur, kepriye carane gawe geguritan kang sae .... (kajaba)
Nemtokake tema geguritan
Milih tetembungan kang becik
Nyusun tetembungan sagatra-gatra banjur ditata nganti mujudake saperangan pada (bait)
damel irah-irahan rumiyin
Maca geguritan kudu nggatekake babagan 4W, yaiku .... (kajaba)
wirama
wiraga
wirasa
wicara
wicaksana
Gayut karo anggone maca. Nalika maca geguritan kudu jumbuh karo ‘kahanan’ kang dicritakake ing geguritan.
wirama
wiraga
wirasa
wicara
wicaksana
Gayut karo obahing awak nalika maca. Obahing awak iku maneka warna, bisa arupa obahing mripat, mustaka, tangan, lsp.
wirama
wiraga
wirasa
wicara
wicaksana
Gayut karo cara pamaca ngrasakake apa kang diandharake ing sajroning geguritan.
wirama
wiraga
wirasa
wicara
wicaksana
Gayut karo kedaling lathi nalika maca geguritan. Kedaling lathi kudu trep jalaran salah anggone ngucap bisa ngasilake makna kang beda.
wirama
wiraga
wirasa
wicara
wicaksana
Majas-majas kang digunakake ing sajroning teks geguritan ...
Dhiksi
Citraan
Purwakanthi
Lelewaning Basa
Latar
Siswa kudu bisa maca geguritan kanthi Wiraga (obahing awak) kang jumbuh. Menawa siswa maca geguritan Simbok ing gatra Mung siji pangajabmu / Putramu dadi manungsa pinunjul, obahing awak sing paling trep lan ora ngganggu wirasa yaiku...
Ngobahake tangan loro menyang ndhuwur kanthi semangat sing gedhe (kayata pidato).
Mlaku menyang ngarep kanthi obahing awak sing tegas lan mantep (kayata pahlawan).
Madhep ngisor lan obahing mripat sing sedhih banget kaya wong nangis.
Sedheku kanthi tenang lan obahing mripat mandheng adoh (ngayemake) kaya wong sing nduweni pangajab.
Geguritan gagrag anyar beda karo gagrag kuna amarga anane owah gingsiring jaman. Pranyatan ing ngisor iki sing nuduhake ciri-ciri gagrag anyar paling beda karo gagrag kuna yaiku...
Asring nggunakake purwakanthi (rima ing tengah) swara, sastra, lan lumaksita.
Ora nggunakake tembung sun gegurit.
Bebas, ora kaiket paugeran (aturan) cacahe gatra, wanda, utawa tibaning swara (rima).
Isine mentes lan ora nggunakake basa padinan (sehari-hari).
Sawijining siswa arep nulis geguritan babagan kaendahan alam kanthi tema Gotong Royong. Manut Cara nggawe geguritan, langkah apa sing kudu diayahi sawise nemtokake tema lan ancas (tujuan)?
Nyusun tetembungan saben gatra nganti dadi pada (bait) kanthi purwakanthi.
Nggawe cengkorongan (garis besar) utawa kerangka isi apa sing bakal ditulis ing geguritan kasebut.
Naliti maneh geguritan sing wis ditulis (Cathetan).
Milih tetembungan pinilih (diksi) kang cocog lan ngurangi tembung pangiket.
Manut paugeran geguritan gagrag kuna, yen salah siji gatra (baris) ditulis kanthi cacahe wanda (jumlah suku kata) 7, mula gatra sabanjuré ing pada (bait) sing padha kudu...
Bisa luwih saka 7 wanda, nanging cacahe gatra ora ajeg, paling sethithik 4 gatra.
Bisa 7 utawa 8 wanda, nanging kudu runtut tibaning swara ing pungkasan gatra.
Kudu nduweni cacahe wanda 7 uga, amarga gagrag kuna kaiket paugeran (aturan) cacahe wanda saben sagatra padha.
Bebas, amarga geguritan ora kaiket paugeran sanajan gagrag kuna.
Manut Cara nggawe geguritan, kanggo njaga supaya geguritan dadi estetis (indah) lan nduweni wirama (irama) sing apik, babagan apa sing paling kudu dihindari sawise milih tetembungan pinilih (diksi)?
Panganggite tembung-tembung kang duweni makna denotatif (lugu), amarga kurang nengenake estetika.
Nggawe pada (bait) kanthi cacahe gatra (jumlah baris) sing ora ajeg.
Panggunaan tembung pangiket (kata sambung) kaya ta: lan, saha, sarta, lsp.
Panggunaan purwakanthi kang kakehan, amarga bisa ngganggu amanat.
Miturut KBBI, parafrasa yaiku njlentrehake sawijining karangan supaya dadi wujud liyane (susunan tembung) kanthi ancas supaya bisa njlentrehake makna kang sinandhi (tersembunyi). Saka pernyataan iki, langkah parafrasa sing paling wigati (penting) sadurunge nulis maneh yaiku...
Maca geguritan bola-bali nganti paham lan menehi tandha ing tetembungan kang ora dimangerteni.
Jlentrehake tetembungan kang ngemot lelewabasa (gaya bahasa/majas).
Nggoleki teges (arti) kabeh tembung ing bausastra (kamus).
Nulis maneh kabeh isi geguritan kanthi nggunakake tembung dhewe.
