wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PENILAIAN HARIAN 1 WACANA NON SASTRA KELAS X

Total questions: 15

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

Wacana deskripsi yaiku wacana  kang ngandharake sawijining objek kanthi peperincen kang cetha, saengga pamaca kaya -kaya weruh dhewe objek kang digambarake.

a)

BENAR

b)

SALAH

2.

Ancase wacana eksposisi yaiku supaya pamaca kaya ngalami dhewe prastawa utawa kedadean kasebut

a)

BENAR

b)

SALAH

3.

Pariwara kalebu jinis wacana persuasi amarga nggawe pamaca supaya gelem nglakoni apa kang dikarepake penulise.

a)

BENAR

b)

SALAH

4.

Titikane wacana narasi iku isine arupa panemu saka panulis babagan sawijining perkara.

a)

BENAR

b)

SALAH

5.

Pawarta iku kalebu tuladha wacana eksposisi amarga aweh informasi kang bisa njembarake kaweruh pamaca.

a)

BENAR

b)

SALAH

6.

Deskripsi impresionatis/ deskripsi subjektif iku deskripsi kang nggambarake objek dikantheni kesan penulis marang objek kang digambarake.

a)

BENAR

b)

SALAH

7.

Cerpen, novel, dongeng iku kalebu teks narasi non fiksi.

a)

BENAR

b)

SALAH

8.

Struktur orientasi ing wacana narasi ngandharake paraga, panggonan, wektu, lan watake paraga kanggo bebukane crita kang ngandharake apa kang lagi kedadeyan

a)

BENAR

b)

SALAH

9.

Ancase wacana persuasi lan argumentasi iku padha yaiku ngajak pamaca supaya nglakokake apa kang dikarepake panulis.

a)

BENAR

b)

SALAH

10.

Titikane wacana persuasi yaiku anane ukara utawa tetembungan pangajak.

a)

BENAR

b)

SALAH

11.

Wacanen teks ing ngisor iki!

Nalika nyawang busana adat iku aja mung disawang blegere wae, nanging kudu ngerteni lan mahami apa kang sejatine. Amarga saben busana kang digawe dening leluhur biyen mesthi duwe karep lan pitutur kang luhur. Upamane tata cara panganggone keris, ana kang dumunung ing mburi uga dumunung ing ngarep. Panggonane keris kang ana ing ngarep iku ora nandhakake yen wong Jawa iku seneng gelut utawa padudon. Nanging iku minangka pratandha yen wong Jawa iku kebak ing pangati-ati. Mula pusakane dumunung ing ngarep.

Wacana ing ndhuwur kalebu jenis wacana ...

a)

NARASI

b)

DESKRIPSI

c)

EKSPOSISI

d)

ARGUMENTASI

e)

PERSUASI

12.

Wacanen teks ing ngisor iki!

Ing tanah Jawa miturut pangandhikaning para nimpuna lan peneliti, aksara Jawa wis ana udakara 700 M (Riyadi, 1996: 15) kang ing titi wanci iki diarani carakan. Kanthi mangkono, nuduhake yen manungsa Jawa iwiwt kuna biyen wis bisa maca lan nulis. Bab iki uga nuduhake yen wong Jawa duwe peradaban kang wis dhuwur. Amarga cendhek dhuwuring peradaban bisa ditonton saka anggone bisa maca lan nulis, utawa wis bisa ngenal aksara. Mula saka iku, awake dhewe kudu bombong yen para leluhur iku wis bisa maca lan nulis, tegese awake dhewe iku pranyata turunan piyayi kang lantip.

Wacana ing ndhuwur kalebu jenis wacana ...

a)

NARASI

b)

DESKRIPSI

c)

EKSPOSISI

d)

ARGUMENTASI

e)

PERSUASI

13.

Wacanen teks ing ngisor iki!

Limolas taun wis lumaku anggone Ani lulus SMK. Yen kelingan biye wektu seolah, Ani kudu nggrantes. Awit wektu sekolah biyenana guru sing asmane Pak Budi kang duwe pengalama kang ora kepenak. Wektu iku Ani nembe kelangan ibune sing seda amarga gerah. Saduruge seda, ibune ninggalake gelang sing dadi siji-sijine tinggalane. Nalika pelajaran matematika, para murid padha anteng ora aa blas sing wani ngguyu lan gojegan. Pancen pak Budi kawentar guru sing galak.

Wacana ing ndhuwur kalebu jenis wacana ...

a)

NARASI

b)

DESKRIPSI

c)

EKSPOSISI

d)

ARGUMENTASI

e)

PERSUASI

14.

Wacanen teks ing ngisor iki!

Candhi Borobudur dumadi saka 9 tataran yaiku enem teras wujud persegi lan telu wujud bunder, kanthi pucukan wujud cungkup ing pusere. Candhi iki direnggani panel relief cacah 2.672 lan reca Budha cacah 504. Cungkup pusere kinubengan reca Budha lungguh cacah 72 sing padha dipapanake ing njero stupa-stupa sing bolong-bolong.

Wacana ing ndhuwur kalebu jenis wacana ...

a)

NARASI

b)

DESKRIPSI

c)

EKSPOSISI

d)

ARGUMENTASI

e)

PERSUASI

15.

Wacanen teks ing ngisor iki!

Udeng basa ngokone iket utawa diarani blangkon (menawa wis dadi kari nganggo) dene basa kramane dhestar. Udheng iku arupa panganggo kang dianggo kanggo nutupi mustaka. Udheng lumrahe kagawe saka kain bathik awujud persegi kang banjur dilempit, ditata kanthi njlimet supaya hiasan utawa rerenggan ing sisih kiwa lan tengen bisa padha, banjur dijait miturut ukurane mustaka kang ngersakake.

Manut struktur wacan ing ndhuwur, wacan kasebut kalebu jinis teks deskripsi amarga …

a)

Wacan kasebut nggambarake bab udheng kanthi laras

b)

Ana ing wacan kasebut diandharake kanthi basa kang naratif bab udheng

c)

Menehi pamanggih kang mligi sawijining bab kanthi logis lan nalar

d)

Ngajak para paamaca supaya padha nggunakake udheng

e)

Nggambarake bab kabudayan kanggo pamaos suapaya gelem nglestarikake udheng